Anda di halaman 1dari 8

MAKALAH

TEKS EKSPOSISI
ADAT JAWA TINGKEBAN

TAHUN PELAJARAN 2020/2021

NAMA : Cahyani Aprilliany


No.ABS : 006
KELAS : XI FARMASI 1
#GURISKA PARAMITA
DAFTAR ISI

Judul..........................................................1
Daftar isi....................................................2

BAB 1:
A . Pawadan perkawis ..............................3
B.   Momotaning perkawis........................3
C. Ancasing perkawis................................3

BAB 2 :
D.Uborampe kanggo Tingkeban...…........4
E.Urutaning upacara Tingkeban................6

BAB 3:.   
Dudutan.....................................................7
Daftar Pustaka...........................................7
BAB 1
A. Pawadan Perkawis
Adat tradisi jawa samenika sampun kalestarekaken dhateng masyarakat,
salah satunggaling inggih menika upacara Tingkeban. Para tiyang sepuh
ingkang nggadhahi putra-putri kang sampun siap ameh-amehan kedah
mangertosi lan migunakake rerakaning cak-cakaning tatacara adat ingkang
sampun kasusun dening budaya. Mila saking menika, ing makalah punika kita
badhe jlentrehaken menapa kemawon ingkang kedhah dimangertosi wonten
ing upacara Tingkeban punika.

Ing tradisi Jawa, Tingkeban utawa mitoni awujud rangkaian upacara


adat kang tekan saiki isih  dilakoni nang  sebagian masyarakat Jawa.
Tembung mitoni saka tembung ‘am’ (ater ater am nuduhake tembung kata
kerja) + ’7′ (pitu) kang ateges upacara sing dilakoni nalika itungan ke-7.
Upacara mitoni sawijining adat kebiasaan utawa sawijining  upacara kang
dilakoni ing sasi ke-7 nalika ana salah sijining wanita meteng. Kanthi
pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua garbane ibu lan ibu kang
ngandet tansah pinaringan keslametan.

B. Momotaning Perkawis
1.      Uborampe  kanggo tingkeban?

2.      Urutaning lan mlakune acara tingkeban?

C. Ancasing Perkawis

1.      Ngerteni uborampe kanggo tingkeban.


2.      Ngerteni urutaning acara tingkeban.
BAB II

D.Uborampe kanggo Tingkeban


Ana telung tradisi sing dilakoni wektu meteng, yaiku
Neloni, Tingkeban utawa Rujakan lan Procotan nanging sing wis kulina
dilakoni among tingkeban. Adoh sadurunge meteng ngidak wektu pitung
wulan, wong tuwane bayi kudu nemtokake dina sing apik miturut petungan
jawa. Miturut petungan jawa, dina sing apik iku dina kang nduweni neptu
genep.

1. Dina Ahad : 5
2. Dina Senin : 4
3. Dina Selasa: 3
4. Dina Rabu : 7
5. Dina Kamis : 8
6. Dina Jumat : 6
7. Dina Sabtu : 9

Dina- dina sing apikyaiku sing neptune 12 utawa 16, kayata Kamis Kliwon,
Senin Kliwon, Akhad Pon lan liya-liyane. Kemis nduweni neptu 8 lan Kliwon
nduweni neptu 8 dadi Kamis Kliwon nduweni neptu 16, lan karo Senin Kliwon
nduweni neptu 12 lan Akhad Pon nduweni neptu 12.Saliyane nemtokake 
dina sing ana aturane, ana werna-werna ubarampe/piranti sing ruwet.
Dene uberampe yaiku:

Sekabehe piranti kasebut disiapne dudu merga ora ana artine, kabeh duweni werdi utawa
maknane dewe dewe.

E. Urutaning upacara Tingkeban


1. Siraman utawa adus kanggo simbol upacara minangka ngresiki awak, becik
kuwi raga utawa jiwa.Ngresiki awak iki tujuane kanggo mbersihi calon ibu
saka dosa-dosa dadi menawa mbesuk si calon ibu nglairake anake ora
nduweni beban moral dadi proses kelahirane lancar. Upacara siraman
dilakuake ing kamar mandi dan dipimpin oleh dukun utawa anggota keluarga
kang dianggep paling tua.

2.Upacara ngleboake ayam kampung menyang njero (sarung) calon ibu kang
dilakoake bojone nglewati weteng saka nduwur weteng terus di culake dadi
pecah. Upacara iki dillakoake ing (kamar mandi) kanggo simbol pangarep
arep bayi lair kanti gangsar ora ana alangan apa-apa.

3. Upacara brojolan utawa ngleboake sepasang kelapa gading enom kang wis


digambari Kamajaya lan Dewi Ratih utawa Arjuna lan Sembadra nang njero
sarung saka nduwur weteng ibu tekan ngisor.Upacara iki ateges mbesuk bayi
lair kanti gampang ora kangelan.
4. Upacara ganti busana dilakoake nganggo jarit 7 (tujuh) cacahe kanti motif
kang beda-beda. Motif jarit lan kemben kang arep dienggo dipilih kang paling
apik kanti pangarep-arep mbesuk si jabang bayi uga nduweni sifat-sifat kang
apik kang ana lambang.

5. Upacara nugel  lilitan janur/lawe kang dijiretake


weteng calon ibu. Janur/lawe bisa diganti nganggo
godhong klapa. Lilitan iki kudu di tugel nang calon
bapak kanti tujuan laire sang jabang bayi lancer.

6. Upacara mecahake periuk lan gayung kang digawe


saka bathok.Tujuane yaikusawab (doa lan puji
keselametan.

7. Upacara nginum jamu sorongan, ngelambangake


supaya anak kang dikandhet iku gampang lair kaya
didorong utawa disurung.

8. Upacara nyolong endhog, nglambangake supaya kelairan sang jabang bayi


cepet lan lancar kaya dene maling kang mlayu nggawa colongane. Upacara iki
dilakoake nang calon bapak kang njupuk endog lan nggawa mlayu endoge
kanthi cepet keliling kampung. Kanthi dilakokake tata urutan upacara
kasebut ing nduwur, ateges upacara mitoni dianggep rampung kanthi
pratanda donga kang dipimpin dukun kanthi muteri sesajen. Sesajen ana
kang digawa bali wong-wong kang melu ngrameake upacara mitoni.

BAB III
PANUTUP

DUDUTAN
Ing tradisi Jawa, Tingkeban utawa mitoni awujud rangkaian upacara adat
kang tekan saiki isih  dilakoni nang  sebagian masyarakat Jawa. Tingkeban
dilaksanaake kanti pangarep arep supaya si jabang bayi kang ono gua
garbane ibu lan ibu kang ngandet tansah pinaringan keslametan.

DAFTAR PUSTAKA

https://www.kholilmedia.id/2014/02/mitoni.html?m=1
http://hairoro.blogspot.com/2016/12/makalah-tentang-tingkeban.html

Anda mungkin juga menyukai