Anda di halaman 1dari 10

ADAT LAN TRADISI TEMANTEN JAWA

DISUSUN OLEH :
NAMA : HUSNUL NUR H.
NO : 13
KELAS : XI. IPA 3

SMA N MOJOGEDANG
TAHUN PELAJARAN 2014 / 2015

10
PURWAKA

Puji syukur kita aturaken dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha asih,
ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhumateng kita sedaya. Saengga kita saged
ngrampungaken makalah ingkang dipun kangge mata kuliah bahasa jawa.
Makalah punika ngrembag babagan Pranatacara Temanten. Wonten makalah
babagan pinika, kita ngrampungaken miturut bab piwulangan ingkang dipun aturan.
Kita sedaya dipun ndamel makalah punika, ingkang kamampuan kita. Kita
mangertos menawi makalah punika mboten tansah sae. Amergi punika kita dipun nywun
kritik lan saran sedaya pihak ingkang kagungan sifat mbangun.
Cekap semanten kita aturaken matur nuwun dhumateng sedaya pihak ingkang
sampun kaggungan peran serta wonten penyusunan makalah menika wiwit awal ngantos ing
pungkasan. Mugi-mugi Allah SWT maringi rindha ing sedaya usaha. Amin.

Panganggit

10
DAFTAR ISI

COVER ……………………..............……………………….....…...……..…….. 1
PURWAKA …………………….......……………………………………......….. 2
DAFTAR ISI …………………….......…………………………………….....….. 3
ADAT TRADISI JAWA GAGRAH NGAYOGYAKARTA …...…............…… 4

10
ADAT TRADISI JAWA
GAGRAH NGAYOGYAKARTA

Para sutresna Budaya, saderengipn kula ngaturaken bab adat Upacara manten, kang
kedadosanipun manake warni, liripun boten sanes amargi tasih sami ngegegi paugeran
ingkang boten nilar suba sita. Sarta amargi sami sesambetan ing madyaning brayat agung,
ingkang sedaya wau tondhonipun boten sanes anggenipun badhe kepengin ngluhuraken
satunggal lan setunggalipun.
Sambet kaliyan punika wau, petang kula bilih siaran RRI lajeng dados srana gerelya
budaya, liripun jaman kamardikan dumuki sepriki kados-kados kabudayan Jawi nembe
kalindhih kabudayan maca, ingkang kados-kados lajeng cengkah kaliyan poaugeran lan
piwucal para pini sepuh.
Mila Siaran bab upacara adat kang lumantar Prog IV RRI sampun dipun tampi
ngguroni, nanging kepengin ndhudhah lan nggugah para sutresna budaya ing pundi papan,
langkung-lakung ingkang sami nyebat tiyang jawi ( Wong JAWA) murih sampun ngatos
kecalan jawinipun.
Dene mligi kula pribadi ingkang kadhawuhan ngaturaken boten ateges kula badhe
ngguroni panjengan sedaya. Awit sejatosipun ingkang kula gadhahi pepindhanipun sak
agenging kuku kemawon dereng wonten, punika estu, namung kadereng kepengin ndherek
tumut cawe-cawe murih lestariipun kabudayan Jawi ingkang adi luhung punika.
Mila Panuwun kula, nyuwun para sutresna budayan sami kersa paring atur
pemanggih pamrayogi, lan panyaruwe, murih warisan kabudayan Jawi ingkang adiluhung,
tumuli saged kumbul malih. Kepara saged dados srana meper kabudayan manca ingkang
laras kaliyan kabudayan Jawi.

Saking sarenteten upacara wau sak perangan sampun wonten paugeran, kados antawisipun:
1. Tata Adat upacara Siraman
2. Tata adat upacara Panggih
3. Tata adat Rias penganten
4. Tata adat Model busana Penganten
Dene sanesipun sipatipun tasih mana suka, tegesipun gumantung pribadi ingkang
kagunan kersa..dene tetimbanganipun murih gampilipun. Mila lajeng wonten sebagian
upacara dipun gabung kados conipun :
10
1. Nontoni sampun boten mlampah, awit lare sampun sami tetepangan
2. Adicara Lamaran dados satunggal kaliyan asok tukon, Lan wanci punika kirang
mantepin dipun wonteni tukar cicin. ( awit tukar cincin sanes tata adat Jawi )
3. Adicara Srah-srahan kaliyan adicara Asok Tukon
4. Adicara Midodareni, sampun boten wonten, gantosipun dipun wonteni Upacara Srah-
srahan lan ugi Asok Tukon, Mligi kang ngrasuk agami Kristiani dipun wonteni
sembayangan, utawi Biston, Kang islam waosan Alqur’an Ingkang sedayan wau
manut gothek ing ngakathah murih gampilipun.
Namung caos wuninga mligi bab upacara Srah-srahan yen ngajeng sampun wonten
upacara srah-srahan inggih srah-srahan kang werdinipun tanda sarujuking rembag antawis
kulawarga setunggal lan satunggalipun, mila lajeng wonten tanda dados /jadi nggenipun
nglamar. Samenika wonten upacara tukar cicin
Mila Srah-srahan nalika Midodareni pemanggih kula srah-srahan calon pengaten,
mila prayogi boten perlu mbekta punapa-punapa.
Dene kados ingkang kula aturaken ngajeng , tasih kathah ingkang dereng dipun
damel paugeran, ingkang sipatipun tasih mana suka, kados contonipun
1. Nontoni;
2. Lamaran
3. Asok Tukon
4. Srah-srahan
5. Pasang Tarub
6. Ugi Bab busana kagem tiyang sepuhipun lan busana pengombyong manten : Buku
tamu, pager ayu/bagus, among tamu. Lan MC
Makaten sawantawis atur kula sumangga para sutresna kersa nunggal kanthi paring
pemanggih. Murih saged mbuka manah para kadang sutresna Budaya , mligi kang badhe
kagungan kersa saged langkung terwaca.
Bab Adat Nontoni
Adat Nontoni punika satunggaling tata cara Jawi, mligi satunggaling kulawarga
ingkang kagungan putra kakung, badhe ngersakaken putra mantu, ingkang dados inceranipun.
kagem putranipun, gampilipun ingkang badhe dipun suwun dados sisihanipun putranipun
Mila kulawarga kakung lajeng mbudidaya matah satunggaling wakil kulawarga
utawi duta, ingkang kadhawuhan nangletaken utawi pados sisik melik, wonten dalemipun
lare estri ingkang dados inceranipun wau.

10
Mila wakil kulawarga wau sowan wonten tiyang sepuhipun lare estri , ingkang ugi
nganthi putra kakungipun. Liripun samangke saged pirsa piyambah larenipun.
Dene kulawarga pihak putri, sampunipun nampi rawuhipun para tamu, ing
salajengipun badhe ndhawuhi putranipun putri ingkang dados wigatosing rembag
kadhawuhan ngladosaken unjukan, sarta dhahar kagem para tamu wau. Liripun sageda
dipun pirsani ingkang badhe ngersakaken, leres lan botenipun
Adat ingkang sampun, wonten ing adicara nontoni rantamanipun:
1. Atur Pambuka saking kulawarga. Wigatosig atur, ngaturaken kasugengan, sarta
mundut pirsa wigatosipun anggenipun sami rawuh.
2. Atur pangandikan saking pihak tamu. Wigatos atur, ngaturaken salam taklim Bpk X.
Lan matur punapa ingkang dados wigatos sowan.
3. lajeng kacaosan unjukan lan dedhaharan. Wonten adat caos unjuk punika putra putri
ingkang wigatosing rembag ingkang ngladosaken. Dene putra kakung ingkang badhe
ngersaken wau namung mirsani kanthi ulat manis, lan tanggap ing samita.
4. salajengipun kulawarga pihak kakung sami nyuwun pamit, wigatosing rembak sanes
wedal badhe sowan malih
5. panutup, atur pangandikan saking kulawarga putri, lan boten kesupen atur salam
taklim katurna bpk. X
6. Salajengipun wakil kulawarga kondur, lan caos palapuran wonten ngersanipun Rama
saha ibu putra kakung wau
Pramila adat nontoni satunggaling adat ingkang luhur, awit upacara Nontoni boten
nilar suba sita anggen sami gesang ing madyaning brayat agung kang maneka warni
Punapa ingkang dipun kajengaken BIBIT, BEBET, BOBOT:
Wigatosing rembag: Upacara Nontoni, satunggaling adat tiyang sepuh ingkang
badhe kagungan kersa mantu, kanthi pangajab putranipun manggih begja mulya. Mila 3
prekawis kang dados tetimbangan : BIBIT, BEBET, BOBOT
Sambet bab wau, lanjeng punapa werdinipun, lan punapa tasih relepan?:
Saking pemanggih kula bab upacara nontoni, najan kawontena tambah maju, lare
sampun sami tepang, nanging jejering tiyang sepuh kinten kula sae lan prayogi tetep cawe-
cawe, paring tetimbangan. Jaman kawuri tetimbanganipun kados ingkang asring kapireng
ingkang dipun wastani: BIBIT, BEBET LAN BOBOT punika
Dene saking pemanggih kula tetimbang punika wonten saenipun, awit werdinipun :

10
1. Bibit. Gampilipun wiji, asal-usul saking pundi utawi kulawarga kang kados pundi.
Awit kula pitados bibit ingkang sae tumusipun damel brayat utawi kulawarga ugi sae,
boten gampil crah utawi padudon.
2. BEBET. Kinten kula tetimbangan punika ugi tasih perlu, awit; bebet = sipat, watak
larenipun, murih saged larasing anggenipun sami bebrayan. Mila pangajabipun
murih saged sami mong kinemong antawis satunggal lan satunggalipun. Mila
ingkang perlu dipun emut, bilih watak dados sandhanganing tiyang , utawi dados ciri-
wancinipun, boten saged ewah.
3. BOBOT, tumanduk saged saking kapinteran, saking derajat, utawi saged kadungan
raja brana.
Ewa semanten kula sumanggaken. Awit sedaya ugi saking nasibing lare. Nanging
yen ngemuti duk semanten dados tetimbangan bilih BIBIT, tegesipun wiji, utawi asal-usuling
kulawarga, kados pundi sae lan botenipun, BEBET, tegese derajat turunipun, mligi sipat lan
watakipun. BOBOT, tegesipun larasing gesang ing tembe wingking
Makaten saklumit gambar adat nontoni ingkang kula mangertosi. Pramila kula
sumanggakaken para sutresna budaya badhe nanggapi.
Bab Adat Lamaran
Kados pundi babaring adat lamaran jaman kawuri lan kados pundi prayoginipun ing
wanci punika ?
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik
melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.
Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
1. Atur pambuka saking kulawarga
2. Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
3. Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan, werdinipun
murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula
kepyur pulut
4. Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
5. panutup.
Adat Asok Tukon
Sajatosipun asok tukon, boten perlu dipun acarani, tegesipun saged sesambetan
langkung prei, Dene Asok tukon kathahipun dipun dadosaken satunggal kaliyan nalika
Lamaran. Lan wonten nalika Malam Midodareni
Dene uba rampe asok tukon :
10
1. Sanggan.
2. Busana satunggal pengadeg kagem calon manten putri
3. tindhih ( arta kathah sekedhikipun sumangga )
4. Oleh-oleh, ujude dhadharan saking ketan
5. Yen Eyangipun tasih sugeng, dipun kantheni nyaosi pesing
Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe
kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh
kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang
kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub
satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi
dados satunggaling srana talak balak.
Manut crita kina pasang tarub dados pratanda nyuwun dumateng ingkang jagi
lingkung utawi papan mriku kawentaripun dipun sebat ingkang mbaureksa, kanthi pangajab
murih tumut ngrencang-ngrencangi. Nanging ugi wonten ingkang kagungan pemanggih
dados srana anggenipun nyuwun dumateng ‘Ki Jaka Tarub’ supados kersa mbantu sarta jagi
anggenipun kagungan kersa murih papan wau saged cekap(amot) lan mboten nguciwani
anggenipun nampi para tamu.
Kejawi saking punika pasang Tarub. asring wonten ingkang ngagem petang utawi
tetimbangan ingkang sipatipun dipun wastani “saat”. Dene tetimbangan wau lajeng kados-
kados dados paugeran awit dinten lan wancinipun dados pathokan, lan wonten bab sanes,
kados contonipun yen sareng naasipun kulawarga. mila pinanggihipun unik. Dene
tetimbangan kula ingkang baken; dinten lan wekdal saged disengkuyung dening sanak
sederak punapa boten, nuwun semu punika kula. Ingkang tentu kemawon boten nilar
paugeran Jawi, awit wewujudan tarub wau estu damel regenging papan, kepara damel
aguning budaya Jawi, sarta saged damel kajen kelingan kang kagungan kersa
Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan.
Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu.
Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ),
wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang
kagungan kersa. Kadosdene
1. Pisang Raja Ayu
2. Kelapa ganding
3. Tebu wulung
10
4. Pari lan cantle
5. ron-ronan ; keluwih,ringin dan kroton lsp

Pasang “Tratak”
Jaman kawuri tratag dipun damel saking “kepang” nginggilipun katutup “bleketepe”.
Bleketepe punika ; nam-naman ron klapa. Nanging samika tratak umumipun dipun
gantos tenda.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel
mlengkung, werdinipun amayungi. Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi
saking ‘jan-nur’, tegeseipun ‘jan’ saking tembung “jane” dene ‘nur’ cahya. Mila
werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur
kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.( Yen wis ana
janur kuning mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)
Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub
1. Damel “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon
kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun
rengga janur kuning kapasang melengkung.
2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang
raja, cengkir gading, tebu wulung, pari lan cantel, ron kluwih, ron kruton lan ron ringin.
Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling
pangajab saking kang kagungan damel
3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun
lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi
bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking
punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4. “Pari wulu” kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah
rejeki, boten kekirangan.
5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang ing pundi
papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes
6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging
ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika
pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun
kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”

10
7. Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah
‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta derajat dsb
8. Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah
dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu
kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun kulawarga badhe
kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri
putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah
melengkung mengku werdi ngrengkuh.
Makaten sawantawis bab tatacara adat Jawi pasang tarub

BAB UPACARA PANGGIH PENGANTEN


GAGRAH NGAYOGYAKARTA
Pepanggihan wanci punika badhe kula aturaken mligi:
LAMPAHING ADICARA PANGGIH
Ngemuti bilih kabudayan Jawi estu luhur, liripun mengku sasmita, kebag ing
pralampita, awit kebag ing pitutur utawi piwucal luhur kang sinandi. Ingkang tlonjongipun
amargi kawios saking pangandikan utawi pangajab ingkang kagungan karsa, boten sanes
murih sageda sami manggih kabegjan, gesang kang utami
Dene Adat upacara panggih penganten punika pancen boten sami antawisipun
daerah satunggal lan satunggalipun, kados dene gagrak Ngayogja kaliyan gagrak Solo, sarta
daerah sanesipun, semanten ugi uba-rampenipun, sarta lampahing adicara. Pemanggih kula,
sedaya wau ingkang dados sumber boten sanes saking kraton, utawi ingkang kagungan
panguwaos wedal semanten. Mila gagrak Yogja ugi saking Kasultanan Kraton Ngayogyakarta
Hadiningrat, semanten ugi gagrak Solo saking kasunanan Kraton Surakarta Hadiningrat.
Nanging ingkang badhe kula aturaken, mligi upacara panggih gagrak Ngayogya,
ingkang sampun sumebar sarta mekar sak jawining kraton. Kepara sampun dados paugeran
saking para empu ingkang sami pinitados

10

Anda mungkin juga menyukai