Anda di halaman 1dari 9

MAKALAH

PROSESI MANTENAN ADAT JAWI

Dipunsusun Dening :

Ayu Noor Hidayah (03)


Azzahra Dwi Maharani (05)
Catur Putra Eka Pratama (07)
Dewangga Pradipa Waratmaja (09)
Fairisa Zahrifna Aghni (11)
Farrel Putra Ragil Kristianto (12)
Hanasya Kirana Helanianti (14)
Jovita Wulan Trihapsari (16)
Muhammad Hilmi Affan (19)
Mumtazah Adawiyyah (21)
Nindya Pratiwi (23)
Raditya Wiranaya Aryaputra (25)
Rangga Putra Valeriant (27)
Rena Nabila Fitriana (28)
Reyhan Ferdiansyah (29)
Sheila Eureka Febriana (32)
Tiara Adzra’ Avisa (34)
Zhafif Tegar Pratama (36)

SMA NEGERI 1 KUDUS


JAWA TENGAH
2022

DAFTAR ISI

Halaman Judul
Daftar Isi .................................................................................................................................i
BAB 1 PENDAHULUAN
1.1 Latar belakang ....................................................................................................................1
1.2 Rumusan Masalah ..............................................................................................................1
1.3 Tujuan Pembuatan .............................................................................................................1
BAB 2 WEDHARAN
2.1 Pangerten Mantenan ...........................................................................................................2
1
2
2.2 Proses Mantenan ................................................................................................................2
3
2.3
2.3 Pangerten Ngunduh Mantu ................................................................................................4
2.3 Proses Ngunduh Mantu ......................................................................................................5
BAB 3 PENUTUP
3.1 Kesimpulan ........................................................................................................................5
3.1 Saran ..................................................................................................................................5
BAB 1
PENDAHULUAN

1.1 Latar Belakang

Pernikahan inggih puniko proses pertalian janji suci antara tiyang jaler lan tiyang wadon
Kanti maksud ngresmiaken ikatan pernikahan secara norma agama, norma hukum, lan norma
sosial. Pernikahan mboten pikantuk dipun laksanaaken kanthi sembarangan amargi
pernikahan niku bentuk ibadah ingkang langkung dowo lan Saged dijagi sahinggo maut
misahaken

Pernikahan gadahi tujuan kang sangat mulyo yaiku mbentuk keluargi ingkang bahagiyo,
langgeng miturut Ketuhanan Yang Maha Esa.

Upacara pernikahan gadahi kathah ragam lan variasi miturut tradisi suku, agama, maupun
kelas sosial. Supados contohipun ingkang badhe dipun bahas wonten ngandap puniki

1.2 Rumusan Masalah


Salajeng puniki inggih punika pinten-pinten masalah ingkang ajeng dipunbahas
a. Kepiye tata cara mantenan adat Jawa?
b. Apa wae makna proses tata cara mantenan adat Jawa?
c. Apa seng dimaksud ngunduh manten?
d. Kepiye tata cara ngunduh manten?
1.3 Tujuan Pembuatan
Makalah niki didamel kangge njawab rumusan masalah ing dhuwur lan kanggo mangerteni tata
cara mantenan adat Jawa soho makna ing dalem prosesipun. Lan kangge petunjuk utama sing di
nggo ndamel praktek ingkang bakalipun di praktekaken ing ngarep kelas.
BAB 2
ISI
2.1 Pengertian Pernikahan Adat Jawa
Pernikahan inggih puniko proses pertalian janji suci antara tiyang jaler lan tiyang wadon
Kanti maksud ngresmiaken ikatan pernikahan secara norma agama, norma hukum, lan
norma sosial.Pernikahan mboten pikantuk dipun laksanaaken kanthi sembarangan
amargipernikahan niku bentuk ibadah ingkang langkung dowo lan Saged dijagi sahinggo
maut misahaken.
Supados pernikahan niku saged terjagi, sakderenge mundut keputusan perlu mirsani
patokan-patokan inggih puniko :
a. Bibit
Piyantun saged dipunpirsani saking keturunan e, sehingga saged dimangerteni kados
pundi silsilah kaluwarganipun.
b. Bebet
Bebet saged dipunpirsani saking perilaku piyantun e ing saben dinane. Tujuwanipun
supados dipunmangerteni calon punika saking tiyang sae napa awon.
c. Bobot
Bobot inggih punika saged dipunpirsani saking materi keluwarganipun. Tuladhane,
calon punika anggadhahi pangkat Inggil napa mboten, sugih utawi miskin.

Sak ba'dane ningali bibit, bebet, bobot, mengko tiyang punika saged nglangsungaken
pernikahan utawi mboten.

2.2 Proses Mantenan Adat Jawi


1. Lamaran
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kulawarga calon temanten kakung ing
daleme calon temanten putri. Upacara iki dadi tandha yen wong tuwa utawa kulawarga
manten putri sarujuk yen putrine didadekake pasangan urip calon temanten kakung.
Adicara lamaran blyasane sisan kanggo golek dina utawa tanggal tumraping rangkeyan
upacara bacutane, utamane tanggal pista temanten.
2. Siraman
Adicara siraman sejatine upacara pralambang kanggo nglarasake jiwa calon temanten.
Upacara iki ditindakake sedina sedurunge ijab kabul lan dilakokake ing omah dhewe-
dhewe calon manten. Umume ing bageyan omah sing rada kabuka, kaya ing latar mburi
omah utawa taman ngarep omah. Sing nyiram pisanan lumrahe wong tuwa calon manten
banjur sedulur liyane uga pemaes
3. Midodaren
Tembung midodaren asale saka basa Jawa widadari utawa bidadari ing basa Indonesia.
Acara iki ngandhut teges yen wengi sadurunge acara temanten. Kabeh para widadari
mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu. Uga kanggo pralambang yen sesuk ing
acara utama, temanten putrine bakal ayu kaya widadari.
Adicara iki temanten putri ora metu saka kamar wiwit tabuh enem sore nganti tengah
wengi. Dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara ing malem midodaren iki beda-beda kanggo saben panggonan. Ana sing
bareng karo adicara peningsetan lan srah-srahan.
4. Srah-srahan
Srah-srahan uga ingaran "asok tukon", yaiku pehak kakung masrahake uba rampe lan
beya sing bakal kanggo nindakake pahargyan temanten. Conto ubarampe beras, sayuran,
pitik, jajan pasar, lan liya-liyane. Saliyane iku paling penting ing papasrahan yaiku
dhuwit sing tumrape pehak estri bakal kanggo ngragadi adicara pahargyan temanten.
5. Ijab Kabul
Ijab kabul yaiku adicara nalika temanten kakung ngucapake janji bebojowan marang
temanten putri lan disekseni wong akeh supaya sah nikahe.
6. Upacara Panggih
Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah) ditindakake acara panggih. Acara iki mayang
digawa metu saka omah lan didelehake ing prapatan cedhak omah sing tujuwane kanggo
ngusir roh jahat. Sawise iku temanten putri ketemu (panggih) karo temanten kakung
saperlu nerusake upacara balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar-kucur,
dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.
7. Upacara Balangan Suruh
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan antarane
temanten kakung lan putri.
8. Upacara Wiji Dadi
Temanten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah. Banjur temanten putri
ngumbah/ngresiki sikil/ampeyane temanten kakung nganggo banyu kembang. Upacara
iki minangka perlambang sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mring
kulawarga.

9. Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha iklas
nampa dadi bageyane kulawarga.
10. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur. Minangka tandha pinanganten
sakloron wis tinampa dadi kulawarga.
11. Timbang
Pinanganten sakloron lungguh ing pangkonane bapake temanten putri Minangka
pralambang sih katresnane wong tuwa marang anak lan mantu saha
12. Kacar-kucur
besan. Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras, lan ubarampe liyane sing dikucurke ing
pangkonane temanten putri minangka pralambang paweh nafkah.
13. Dhahar Klimah
Temanten sakloron dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinanganten sakloron
arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
14. Mortui
Wong tuwane temanten putri methuk wong tuwane temanten kakung ing ngarep omah
lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
15. Sungkeman
Pinanganten sakloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
16. Kenduren/Resepsi
Kenduren utawa kenduri dadi puncak adicara temanten. Uga diarani resepsi utawa
walimahan. Sejatine kagiyatan iki duwe makna upacara slametan, slamet merga inti
acarane, ijab kabul, wis rampung ditindakake. Pasangan temanten nrima ucapan slamat
saka kerabat, kanca, lan kabeh sing rawuh ing acara iku.
2.3 Pangerten Ngunduh Mantu
Ngunduh mantu minangka tambahan prosesi tradhisional ingkang biasane ditindakake dening
penganten Jawa. Ngunduh tegeseipun anen, dene mantu tegesipun menantu. Ngunduh mantu
saged dipuntegesi kulawargi ingkang sampun pikantuk mantu. Menawi wonten ing adicara
"akad nikah" kaluwargi penganten putri ingkang nglajengaken hajat, mila wonten ing
"ngunduh mantu", kaluwargi penganten kakung dados panyuguh. Tradhisi punika dianakake
kanggo nyumurupi anane penganten putri minangka anggota kulawargi enggal saking
kulawargi ageng penganten kakung. Biasane, acara ngunduh mantu dianakake udakara 5
dinten sesampunipun dinten manten rampung.

Sanajan prosesi tradhisi niki mboten diwajibaken, taksih katah penganten Jawa ingkang
nindakaken tradhisi ngunduh mantu minangka wujud pakurmatan uga nguri-uri budaya.
Umume, prosesi ngundhuh mantu punika diweruhi dening penganten putri, kulawarga gedhe,
lan sanak-sedulur cedhak menyang papan panggonan kulawarga besan (wong tuwane
penganten kakung). Salajengipun, penganten dipun wajibaken sungkem dhateng kulawarga
saking pihak kakung lan putri minangka wujud bekti saha syukur.
2.4 Proses Ngunduh Mantu
dadi prosesi persiapan jero nyambut dina ningkahan, prosesi hajatan dianakake karo pangajab
kabehing kulawarga gedhe lan calon manten kang arep nindakake hajat dijauhkan saka kabeh
alangan lan kabehing adicara lumaku karo lancar. panduan rerangkening prosesi ningkahan adat
jawa karo makna ing walik saben rituale
1. pasang tratag lan tarub
pemasangan tratag (dekorasi tenda) lan tarub (hiasan saka janur utawa godhong klapa kang
enom) kang dipajang dadi hiasan lawang mlebu iki nandhani menawa sang kulawarga lagi
nganakake adicara hajatan mantu. wondene janur kuning mlengkung dadi pengharapan
berkah lan kemakmuran nggo kaping loro memelai tumrape nyuwun cahya marang kang
maha wisesa.
2. kembar mayang
ornamen kang dibentuk saka rerangken oyod, batang, godhong, sekar , lan woh iki dipercayai
oleh menehake kawicaksanan lan motivasi nggo kaping rong manten kanggo njalani kauripan
anyare jero omah-omah. biyasane, daun-daun maneka ragam arep ditekuk menyang siji
debog gedhang saengga memper wangun gunung, keris, cambuk, payung, belalang, lan
manuk.
3. pasang tuwuhan
tuwuhan kang ateges tumbuh-tumbuhan iki didokoke ing papan siraman. panjenengan uga
oleh nambahake buah-buahan kaya setandan gedhang ing dhewe-dhewe sisih dadi pangajab
ben sang manten mengko cepet ngolehake wohing ati.
4. Siraman
kanthi harafiah, siraman ateges adus karo banyu. ing ritual iki, arep ana pitung wong kang
menyiramkan banyu menyang sang manten. mengkone, sang bapa memelai wanitalah kang
arep ngrampungake ritual kang dilambangkan dadi pembersihan dhiri sadurunge mlakokake
ritual terusane kang luwih sakral. saliyane tugas mungkasi siraman kasebut, sang bapa uga
arep menggendong memelai wadon pinuju kamar mantene.
5. adol dawet
banjur, kaping rong wong tuwa nganakake adicara menjual dawet dadi hidangan marang para
tamu ulem kang wis rawuh mirsani prosesi kang wis lumaku. nanging, penjualan dawet iki
ora dibayar karo dhuwit, ananging karo kreweng utawa pecahan tembikar saka lempung dadi
tandha menawa pokok kauripan asale saka bumi. ing kene, sang ibu arep nglayani para
panuku, dene sang bapa arep memayungi sang ibu. artine yaiku kanggo menehake tuladha
marang anak-anake ing banjur dina menawa dheweke kabeh kudu padha-padha bergotong
royong jroning membina rumah tangga.
6. potong tumpeng
tumpeng ya iku pasugatan sega arupa kerucut karo aneka lawuh kang ditata mengelilingine
ing dhuwur nampan bundher kang kagawe saka anyaman pring. jero ritual jawa, tumpeng
identik karo simbul kemakmuran lan kesejahteraan amarga wangune memper gunung.
prosesi pemotongan tumpeng iki arep ditindakake dening bapa lan ibu karo njupuk perangan
pucuk tumpeng lan lawuhe.
7. dulangan pungkasan
banjur, adicara diterusake karo prosesi suapan pungkasan dening bapa lan ibu marang calon
manten dadi tandha tanggung jawab pungkasan saka wong tuwa marang anake kang arep
omah-omah.
8. tanam rambut lan ucul pitik
nandurake potongan rambut kaping loro calon memelai bermaksud ben kabeh bab ala
dijauhkan saka rumah tangga kaping rong anake. sabanjure arep diterusake karo pelepasan
sawung ireng kang nandhani menawa kaping rong wong tuwa wis mengikhlaskan anake urip
mandiri kaya siji pitik kang wis oleh ngupadi panganan dhewe
9. midodareni
teges tembung midodareni dhewe yaiku widodari, saengga pangajab saka ritual wengi
sadurunge nguculake masa lajang iki yaiku sang manten wadon arep katon ayu ngesuk
dinane bak widodari saka swarga. ing wengi iki, manten wadon arep dikancani dening pihak
kulawarga wae lan dilarang ketemu dening calon bojone amarga piyambake arep nampa
nasehat-nasehat kang magepokan karo ningkahan.
BAB 3
PENUTUP
3.1 Kesimpulan

Pernikahan inggih puniko proses pertalian janji suci antara tiyang jaler lan tiyang wadon
kanthi maksud ngresmiaken ikatan pernikahan secara norma agama, norma hukum, lan
norma sosial.Pernikahan mboten pikantuk dipun laksanaaken kanthi sembarangan
amargipernikahan niku bentuk ibadah ingkang langkung dowo lan Saged dijagi sahinggo
maut misahaken.
Supados pernikahan niku saged terjagi, sakderenge mundut keputusan perlu mirsani
patokan-patokan, yaiku bibit, bebet, bobot.
Prosesi mantenan adat jawi, yaiku lamaran, siraman, midodareni, srah-srahan, ijab kabul,
upacara panggih, balangan suruh, wiji dadi, lan liya-liyane. Kabeh kui gadhahi makna
kang sae.

3.2 Saran

Makalah niki iseh adoh saking kasampurnaan, amarga niku kita nyuwun saran lan kritik
saking panjenengan sedaya. Saha, kita dadi generasi pemuda kudu nglestarikake tradisi
lan budaya.

Anda mungkin juga menyukai