Anda di halaman 1dari 2

1.

PROSESI ADAT MANTU


Upacara penganten Jawa:
a. Lamaran: calon penganten kakung dolan menyang kulawarga calon penganten putri
kanthi tujuan nembung supaya gelem diajak omah-omah mbangun bale kulawarga.
b. Siraman: temanten kakung lan putri kadhawuhan adus kanthi tujuan reresik raga lan
jiwane, supaya ing dina pahargyan wis bisa resik lair lan batine.
c. Midodareni: tata cara midodareni duweni tujuan supaya ing dina pahargyan penganten
putri kasulistyane kaya dene widodari.
d. Ijab qabul/akad nikah: penganten kakung nindakake ijab kanthi ngucapake janji yen
penganten kakung bakale bisa mbimbing kaluwargane miturut ajaran Gusti Ingkang
Maha Agung.
e. Upacara panggih: penganten putri panggih (ketemu) karo penganten kakung saperlu
nindakake upacara balang suruh, wiji dadi/midak tigan, sinduran, bobot timbang, kacar-
kucur, dhahar klimah, lan sungkeman.
Prosesi upacara panggih/temu manten/temon:
1) Balangan suruh/gantal: minangka tandha kasetyaning penganten.
2) Wiji dadi/midak tigan: penganten kakung midak endhog pitik nganti pecah, banjur
penganten putri ngumbah ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang,
upacara iki duweni teges yen kepala keluarga kudu tanggung jawab marang
keluargane.
3) Sinduran: bapak saka penganten putri nggendhong penganten sakloron kanthi
nggunakake selendhang werna abang, lan ibune penganten putri nyurung saka
mburi, maknane yaiku penganten kakung iku wis ditampa lan dianggep keluarga
dening wong tuwane penganten putri.
4) Bobot timbang: Penganten sakloron lungguh ing pangkone bapake penganten putri,
maknane yaiku wong tuwa kudu tumindak adil marang anak lan mantune.
5) Kacar-kucur: piranti awujud dhuwit logam, beras, kacang-kacangan, palawija, lan
ubarampe liyane dikucurke ing pangkone penganten putri, tegese penganten
kakung wis duweni kuwajiban nafkahi penganten putri.
6) Dhahar klimah: penganten sakloron dulang-dulangan, maknane yakuwi penganten
sakloron arep urip susah seneng bebarengan.
7) Sungkeman: penganten sakloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.

Gambar Prosesi Upacara Panggih:

balangan suruh wiji dadi


sinduran
bobot timbang

kacar kucur dhahar klimah

sungkeman

2. Kerata Basa, tuladha:


a. ngelmu: angele yen durung ketemu
b. kupat: ngaku lepat
c. tuwa: ngenteni metune nyawa
d. tebu: anteb ing kalbu
e. wedang: ngawe kadang
f. dhalang: ngudhal piwulang
lsp.

Anda mungkin juga menyukai