Anda di halaman 1dari 10

NGRIPTATEMBANG MACAPAT

Urut-urutanipun Ngripta Tembang Macapat:


a. Nemtokaken jejer (tema)
b. Milih jinisipun tembang macapat (Dhandhanggula, Pangkur,
Sinom lsp.)
c. Pangripta kedah nguwaosi guru gatra, guru wilangan, guru lagu
saben sapada ing sekar.
d. Milih tembung-tembung ingkang endah (dede tembung
padintenan) kadosta dasanama, entar, sandiasma, dst.
e. Kangge njumbuhaken kaliyan guru wilangan saged ngginakaken
tembung garba, daya sastra, plutan, wancahan, uluran.
f. Kangge njumbuhaken guru lagu saged ngginakaken baliswara
inggih menika pamaliking tembung ing tembang, kadosta
Anoman malumpat sampun (kedahipun Anoman sampun
malumpat) lsp.
KATRANGAN
 Baliswara: rerangkene tembung ingkang nyebal saking
paugeran.
Anoman sampun malumpat  Anoman malumpat
sampun
 Daya sastra: ngicali aksara irung (hanuswara)
ngguguk -> guguk, mbaludhus -> baludhus
 Plutan: ngringkes tembung
weruh -> wruh, liyan -> lyan
 Wancahan: ngilangi wanda ing tembung
aywa -> ywa, agung-> gung
 Uluran: nambahi wanda ing tembung
nangis -> anangis, ngetan ->mangetan
 Sandi (garba): manunggalaken 2 tembug utawi langkung
nara + iswara -> nareswara, prapta + ing -> prapteng
PAUGERAN TEMBANG MACAPAT
Pocung : 12u, 6a, 8i, 12a
Maskumambang : 12i, 6a, 8i, 8a
Gambuh : 7u, 10u, 12i, 8u, 8o
Megatruh : 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
Mijil : 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u
Kinanthi : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Pangkur : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
Durma : 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 6a, 7i
Asmaradana : 9i, 8a, 8e/o, 8a, 7a, 8u, 8a
Sinom : 8a, 81, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a
Dhandhanggula : 10i, 10a, 8e, 7u, 9i, 7a, 6u, 8a, 12i,
7a
TULADHA TEMBANG PANGKUR BABAGAN BUDIPEKERTI
Pra mudha padha tindakna
Tansah santun dhateng sesami-sami
Kalamun sira ndaludur
Ngembet marang wong tuwa
Lan tan wurung samubarang yen ndaludur
Guru uga kembet ala
Solah tingkah nglelingsemi

Sampun supe ing trapsila


Subasita nggah-ungguh njaga dhiri
Ngabekti marang leluhur
Sumrambah kadhang mudha
Datan lali tumraping kabeh sadulur
Nora mawas enom tuwa
kabeh kudu den ajeni
GLADHEN
Kadamelna (ngripta) Tembang Macapat kanthi aturan:
1. Jinisipun tembang bebas
2. Cacahipun gatra, wanda, saha pada (guru gatra, lagu lan wilangan)
miturut paugeran saben tembang macapat.
3. Jejeripun (tema) babagan budi pekerti
4. Basanipun ngangge basa Krama langkung sae menawi kathah basa
kawinipun.
5. Supados endah lan sae dipunwuwuhi : tembung Kawi, dasanama,
garba, plutan lsp.
6. Ngemot sandi asma naminipun piyambak-piyambak.
7. Menawi naminipun boten saged kaserat migunakaken tembung basa
jawi, saged dipunserat miturut cara maosipun.
Tld. FITRI PITRI, Vania  pania, ghifar gipar. Lsp

$$$$$ SUGENG MAKARAYA $$$$$


Tuladha sandi asma
FITRahipun Janma gesang,
Inggih emut mwang sesami,
Fakir miskin nandhang lapa,
Emut saha rarya yatim,
Boya kaduman melik,
RIna ratri dipuntulung,
ANgguhi dhawuh Allah,
TInatah ring kitab suci,
KAutamane tetulung mwang sasama.
Tuladha sandi asma sanes
Aditia riski novianto
Adiluhung kabudayan jawi,
Tiyang Jawi kedah anjaga,
Ampun panjenengan lingsem,
Ring budaya pra luhur
Sinaunen lan trus angudi
Kinarya saben dina
Nora lali mitutur
Piwulang utama marang
Anak lan putu….
,….,
PAUGERAN ANGGITAN

Kejawi paugeran sekar kados guru gatra, guru wiangan, saha guru lagu, ugi wonten
paugeran caranipun nganggit sekar. Paugera anggitan inggih menika caranipun nganggit
sekar macapat. Ingkang magepokan kaliyan paugeran anggitan antawisipun:
Baliswara
Bali swara inggih menika rerangkening tembung ingkang nyebal saking paugeran awit
kangge njangkepi guru lagu. Umpaminipun:
Anoman sampun malumpat dados Anoman malumpat sampun.
Atut runtut bisa momong dados antut runtut momong bisa.
Daya sastra
Daya sastra inggih menika ngicali aksara irung (hanuswara) kangge njangkepi guru
wilangan. Daya sastra limrahipun dumados ing sekar macapat seratan Jawa.
Umpaminipun:
Semar (ng) guguk, sabda: bangsat teka dlarung
(m)baludus tan wruh ing isin
Plutan
Plutan inggih menika ngrigkes tembung kangge ngirangi guru wiangan. Umpami:
Seru  sru.
Weruh  wruh.
Wancahan
Wancahan inggih menika ngicaliwanda kangge nyuda guru lagu. Limrahipun wanda
ngajeng ingkang dipunicali. Umpaminipun:
Agung  gung
Aywa ywa
Uluran
Uluran menika kosok wangsulipun plutan kaliyan wancahan.
Menawi plutan saha wancahan kangge ngirangi guru wilangan,
dene uluran menika kangge nambah wanda. Caranipun kanthi
nambah ater-ater /a/, /ma/ utawi /hanuswara: any, am, ang, an/.
Umpaminipun:
Nangis  anangis
Ngetan  mangetan
Sandi utawi garba
Sandi utawi garba inggih menika manunggalaken kalih tembung
ingkang mahanani luluh utawiewahing aksara swara (vokal).
Ginanipun kangge ngirangi guru wilangan saha damel endah basa
susastra.Umpami:
Nara + iswara  nareswara
Ratu + agung  ratwagung
Sandiasma
Sandiasma inggih menika asmanipun panganggit ingkang dipunsingidaken ing
salebeting sekar. Sandiasma saged mapan ing awal pupuh, awal pada, awal gatra,
pedhotan, wanda awal tembung, gatra, akhir gatra.
Umpami: Sekar Dhandhanggula (ing Serat Aji Pamasa)

“RA-cikaning sarkara kaesthi


DEN-nya kedah memardi mardawa
NGA-yawara puwarane
BE-la belaning kalbu
I-nukarta niskarteng gati
RONG-as rehing ukara
GA-garanirantuk
WAR-ta wasitaning kuna
SI-nung tengran, ‘sembah trus kaswareng bumi’
TA-litining carita”

Sengkalan
Sengkalan inggih menika tetenger taun ingkang sinawung ing tembung-tembung
salebeting sekar. Kados ing dhandhanggula kasebat wonten sengkalan “sembah trus
kaswareng bumi”.Tembung sembah=1,trus=9, kaswareng=7, bumi=1. Caranipun nyusun
angka dipunwalik. Sengkalan sembah trus kaswareng bumi = 1791.

Anda mungkin juga menyukai