Anda di halaman 1dari 9

MATERI BASA JAWA KELAS XI

SERAT
WEDHATAMA
PUPUH GAMBUH
Dening: Siti Nurlaila

Bahasa Jawa | SMK Negeri 1 Puhpelem,


KOMPETENSI DASAR
1. Menelaah teks Serat Wedhatama
pupuh Gambuh
2. Menanggapi isi Serat Wedhatama
pupuh Gambuh dan menulis serta
menyajikan tembang Gambuh
dengan bahasa sendiri

Bahasa Jawa | SMK Negeri 1 Puhpelem,


Pokok-pokok Materi

PANGERTENE GAMBUH WATAK TEMBANG GAMBUH

PATHOKAN TEMBANG GAMBUH PUPUH GAMBUH LAN TEGESE


PANGERTENE GAMBUH
Gambuh iku saka tembung tambuh (ora weruh), jumbuh (sesuai). Lan uga
ditegesi lanteh (pinter). Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh.
Tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa
utawa pribadhi kang sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan
batin, kulawarga lan masarakat, pribadi karo Gusti. Makna liyane sawijine sawise
omah-omah kudu padha ngertine, tanggung jawab lan prakara ing sajroning
kulawarga kang saya abot.
PATHOKAN
TEMBANG GAMBUH

Guru Gatra : 5 Gatra


Guru Wilangan : 7, 10, 12, 8, 8
Guru lagu : u, u, i, u, o
WATAK TEMBANG
GAMBUH

Watak tembang Gambuh iku supeketing


kakulawargan/ akrab, sumadulur.
Ngandharake tantangan kang kereng/tegas.
Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat
paseduluran, pitutur, piwulang, kekarepan.
Tembang Gambuh
Pada I ing Serat
Wedhatama
Samengko ingsun tutur
( Kelak saya bertutur )
Sembah catur supaya lumuntur
( ada empat macam sembah supaya dilestarikan )
Dhihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki
( Sembah raga, cipta, jiwa, rasa itu anakku )
Ing kono lamun tinemu
( Disitulah akan bertemu )
Tandha nugrahaning Manon
( pertanda anugerah Tuhan )
Tembang Gambuh
Pada II ing Serat
Wedhatama
Sembah raga punika
( sembah raga adalah )
Pakartine wong amagang laku
( perbuatan orang yang sedang berlatih olah batin )
Sesucine asarana saking warih
( menyucikan diri dengan air )
Kang wus lumrah limang wektu
( yang sudah sering dilakukan dalam lima waktu/ wudhu )
Wantu wataking wawaton
( sebagai rasa menghormati waktu )
MATUR NUWUN

MUGI ILMUNIPUN MIGUNANI


S IT I NURL AIL A

Anda mungkin juga menyukai