Anda di halaman 1dari 20

TEMBANG

MACAPAT

Dening :
Jeneng : Luklu'ul Fitriyah
No.Absen : 18
Kelas : XI MIPA 1

SMA NEGERI 1 KOTA PASURUAN


Jl. Soekarno Hatta No.40 Pasuruan
Tahun Pelajaran 2022/2023

I
ii

DAFTAR ISI

FILOSOFI
Hal : 03-14

ANCASE
Hal : 15

PAUGERANE
Hal : 16

UNSUR

KEBAHASAAN
Hal : 17-19

DAFTAR

PUSTAKA
Hal : 20
FILOSOFI TEMBANG

MACAPAT
Pemacaan puisi mantra wes ana wektu islam durung
nyebar ing tanah jawa sing disebut kakawin. Kekawin
biasane digunakake gawe upacara keagamaan amarga
duweni sifat mantra, banjur dening para wali diganti ing
bentuk tembang cilik karo ngelobokake unsur-unsur
keilmuan agama, budi pekerti lan diterapake minangka
sarana ngajarake norma-norma kehidupan islami, lan
duduk gawe pemujaan utawi peribadatan. Tembang cilik
ubahan para wali lan pujangga iku disebut "Macapat".

Umume "macapat" diartikno minangka "maca papat-


papat" yaiku metode maca ukara sing gegandhengan
tiap papat suku kata. Masyarakat jawa ngartikno
"macapat" minangka "kawruh" utawi ilmu filosofi jawa
lan ngandung makna sing nyentuh ati. Macapat uga
sering dimaknai minangka goleki jati diri manungsa sing
dikelilingi dening 4 nafsu ing dunya. Macapat ngemot
babagan ajaran lan diringkes ing dalem 11 bab sing
nerangake lelampahan keramat kehidupan manungsa
ing dunya teka lahir sampe ngadep Tuhan Yang Maha
Kuasa ing balutan kain kafan.

03
MASKUMAMBANG
Dimaknai manifesto ninit insan teka wong lanang
sing tumbuh ing dalem wadah insan wong wedok
ing njero rahin hawa (ibu). Banjur kedadeyan
pembentukan jasad sing ngambang ing njero alam
kandungan. Ing fase iki, para leluhur masyarakat lan
para waliyullah ngadakna upacara selamatan
(mitoni) minangka doa-doa supaya bakal bayi sing
dikandung bisa sehat lan nggawa pengarepan becik
gawe wong tua nalika lahir.

Sasmitane : Maskumambaang, kampul, kembang,


kenter.
Watake : Susah, sedhih, melas asih, cocog kanggo
rasa sedhih kang ngenesake.

04
MIJIL
Mijil yaiku proses laire manungsa ing dunya. Anane
manungsa diiringi loro hal yaiku : kanggo wong Tua,
senyum lan guyu ngiiringi anane bocah ing dunya,
nanging kanggo sang bocah, ditandai karo tangisan
pertamane. ing tangisan iku ditempeli kepapat nafsu
sing menjelma minangka kekuatan ing dalem
perkembangan manungsa, mengko kekuatan
kasebut ngebantu jasad manungsa supaya bisa
merangkak, mlaku lan paham kehidupan awal
minangka bocah-bocah.

Sasmitane : Mijil, wijil, wiyos, medal, sulastri.


Watake : Tinarbuka, lumrahe kanggo pitutur
nasihat, uga crita bab katresnan.

05
06
SINOM
Nduweni arti nggambarake masa enom, masa enom
sing endah, penuh pengarep-arepan lan angan-
angan, dolenan lan kumpul bareng kanca sekaligus
ngolah pembangunan fikiran lan ati supaya bisa
nduweni pengarep-arep lan pengharapan.
Pembangunan fisik lan kekuatan sing mung turu
banjur tengkurap, merangkak, ngadek nganti bisa
mlaku yaiku fase sing gawe seneng kanggo bocah
lang wong tua. Fase iki asring kasebut fase kanak-
kanak.

Sasmitane : Sinom, taruna, anom, nom, mudha,


pangrawit.
Watake : Sabar, grapyak lan sumanak, lumrahe
kanggo crita kang ngemu crita lan pitutur.
07

KINANTHI
Ing bait kinanthi nyeritakno tentang masa
pembentukan karakter manungsa meniti jalan gawe
cita-cita. "Kinanthi" asale teka kata "kanthi' utawi
tuntun, sing artine kita butuhake tuntunan utawi
dalan sing bener supaya cita-cita kita bisa terwujud.
Ing fase iki dibutuhake loro guru ing dalem
menuntun kedewasaan diri yaiku guru ing omah lan
guru ing sekolah utawi pesantren.

Sasmitane : Kinanthi, kanthi, Gandheng, kanthil.


Watake : Seneng, tresna asih, nuladhani, mula
cocok kanggo pitutur lan nelakake rasa tresna
asih.
ASMARADANA
Asmaradana yaiku olah rasa utawi pola asmara.
Fase iki ngebentuk imajinasi, logika, lan perasaan
sing tercemin ing dalem bait asmaradana. Asmara
artine cinta sehingga ilustrasi fase iki ngisahake
masa-masa asmara percintaan. Ing fase iki dinamika
urip semakin nyata lan kompleks, dibutuhake
perjuangan gawe ngalahno ego diri sampe bentuk
kesepakatan sing disebut toleransi. Fase iki uga
diarani fase golek ati lan duniawi.

Sasmitane : Asmaradana, asmara, brangta,


kingkin, yungyun.
Watake : Tresna asih lan sedhih, pantes kanggo
nelakake rasa brangta, tresna asih lan crita
katresnan.

08
09

GAMBUH
Makna kata Gambuh yaiku jumbo utawi bersatu.
fase iki nyritakna komitmen ing dalem perkawinan
supaya nyatuake cinta ing dalem satu hidup rumah
tangga. Fase iki dibutuhake sifat legowo utawi
berjiwa gedhe ing dalem nyikapi perbedaan lan
ngerumusake cara urip sing disepakati bareng-
bareng.

Sasmitane : Gambuh, buh, jumbuh, tambuh.


Watake : Grapyak, sumanak, cocok kanggo
nyritakake pitutur.
10
DHANDHANGGULA
Gambaran teka fase iki yaiku kehidupan sing wis
Sasmitane : Durma, dur, undur, galak
mencapai tahap golek kemapanan sosial serta
Watake : Galak, sereng, lan kebak nafsu, cocok
kesejahteraan golek nilai cukup sandang pangan lan
kango nytitakake wong kang nesu lan kahanan
papan. Keloro pasangan mulai bekarya bareng lan
perang
ngelewati proses regenerasi leluhur. Kabeh fase iki
tergambar ing tembang dhandhanggula sing
bermakna pahit manise urip.

Sasmitane : Sarkara, hartati, madu, manis,


gulagrawa, tresna, dhandhang.
Watake : Luwes lan ndudut ati, pantes kanggo
ngandhakake crita apa bae, ing ngendi bae lan
kapan bae.
11

DURMA
Nduweni makna gegambaran manungsa sing kudu
wani ngadepi sedaya pacobaning urip. Tembang
Durma nduweni watak greget, kukuh, percaya diri,
murka lan emosi. Fase iki njelasna jiwa saling gotong
royong, olah asih karo wong liya, teko fase iki
diarepna bisa nduweni manfaat kanggo wong liya
utawi manungsa.

Sasmitane : Durma, dur, undur, galak.


Watake : Galak, sareng lan kebak napsu, cocok
kanggo nyritakake wong kang nesu lan kahanan
perang.
12
PANGKUR
Pangkur (mangkur) nduweni arti nyingkirna hawa
lan angkara murka serta nafsu elek sing nggerogoti
jiwa manungsa. Fase iki ngajarna sifat prihatin lan
lelaku prihatin, meredam angkara murka nafsu karo
cara njelasno printah-printah agama lan ajaran becik
sing diwarisna karo leluhur masyarakat jawa. Hasil
teka fase iki yaiku penyadaran diri teka batas
manungsa urip ing dunya sing ngebentuk sifat
nerima ing pangdum ( nerima takdir tuhan) lan
intropeksine yaiku kurange sifat elek, iri karo uripe
wong liya. Tembung Pangkur asale teka kata
nyimpang lan nyingkur. Sekar pangkur nduweni
perlambang yaiku manungsa sing wis lanjut usia.

Sasmitane : Pangkur, pungkur, ungkur, wuntat.


Watake : Sereng lan gagah, cocok kanggo
nyritakake rasa mangkel lan peperangan.
13

MEGATRUH
Megatruh yaiku fase terpisahe nyawa teka jasad kita
teng alam keabadian. Manungsa sing terbiasa
nyebut jeneng tuhan ing saben doa, proses
megatruhe iso diiringi karo cara sing pada. Nanging
manungsa sing terbiasa foya-foya lan ga eleng tobat
,megatuhne pun bisa dadi wektu pas ngelakoni nista
ing dunya. Perlambang tembung megatruh yaiku
gegambaraning raga sing wis pas wektune pisah
karo sukma utawi ruh. Tegesipun wis dadi kodrat
(manungsa) sing wis ngadep kerahmatullah.
Tembung megatruh nduweni watak sedih, prihatin,
getun (kecewa), putus asa, lara lan karanta-ranta.

Sasmitane : Duduk wuluh, truh, megatruh, pegat,


lan luh.
Watake : Sedhih lan kentekan pengarep-arep,
cocok kanggo crita kang nggrantesake ati.
14
PUCUNG
Sesampunipun perpisahan roh lan raga, lajung
manungsa kedhawahaken wonten ing alam
semesta, wangsulipun gusti ingkang maha kuasa lan
raga sing dibungkus kain pethak (kafan putih) lima
utawi pitu lembar lan ditaleni saben perangan awake
ingkang dipun wastani pucung. Pucung tegese
pocong utawi ragane manungsa kang dibungkus
kain. Fase kasebut diarani fase istirahat jasa
manungsa lan roh suci nerusake urip ing alam
akhirat miturut tumuindak nalika ana ing ndunya.

Sasmitane : Pocong, kluwak, wanda "cung".


Watake : Sakpenake, lan kurang greget, lumrahe
kanggo geguyonan lan pitutur.
ANCASE TEMBANG

MACAPAT

Tembang Macapai iki mulangake bab urip lan solah


bawa kang nduweni ancas kanggo menehi piwulang
kang isine kawruh lan piwulang bab urip. Macapat
wujudake piwulang urip kang manungsa banget,
yen piwulang kasebut ditrapake ing panguripane
manungsa, mula pawongan kang nduweni
gegayutan bakal nemu katentreman atine kang
bakal ndadekake urip ayem tentrem, amarga
kesenian iki kebak pitutur lan filosofi.

15
16
PAUGERANE
TEMBANG MACAPAT

GURU GATRA
Guru gatra yaiku cacahing gatra ing tembang
macapat

GURU WILANGAN
Guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra

GURU LAGU
Guru lagu yaiku tibaning swara ing pungkasaning
gatra
UNSUR

KEBAHASAAN
TEMBUNG GARBA
Tembung loro sing digandheng dadi siji sarana
kanggo nyuda cacahe wanda, kanggo nyocogake
cacahe wanda ing sajroning tembang, lan kanggo
ngringkes tembung ing sajroning ukara.

Tuladha :
1. Maharsi saka tembung maha + resi
2. Jalwestri saka tembung jalu + estri
3. Papeki saka tembung papa + iki
4. Aneng saka tembung ana + ing

TEMBUNG KAWI
Tembung – tembung kang asale saka basa Jawa
Tengahan utawa Jawa Kuna. Tembung kawi rinaket
banget karo basa rinengga jalaran tembung kawi
akeh digunakake ing basa rinengga. Basa rinengga
yaiku basa kang digunakake kanggo nggambarake
kaendahan lan kawibawan.

Tuladha :
1. Dyah = putri
2. Dyan = putra, banjur
3. Leksana = mlaku
4. Canthula = kurang ajar
5. Cakrawala = langit 17
18
UNSUR

KEBAHASAAN
SANDI ASMA
jenenge pangarang, pangripta, utawa pujangga
kang diwedharake kang satemene kang dipilah-
pilah adhapur wanda-wanda utawa aksara-aksara.

Tuladha :
Lumrahe urip kudu dilakoni karo drana
Drana kang aneng jero raga
Luase budi kang anggung nerima pangaksama
Ula manungsa ora mesti sae sedaya
Fitrah manungsa panggone duso
Nerima pangaksama luwih adi saka sengit
Yayah balik sa raga ingkang suvi

DASANAMA
Asale saka tembung 'dasan' ateges sepuluh, 'nama'
ateges jeneng utawa aran. Dasanama: jenenge
wonng utawa aran siji nduweni jeneng utawa aran
nganti sepuluh (utawa luwih) kang padha utawa
meh padha tegese.

Tuladha :
1. Sira padha tegese karo : kowe, sampeyan,
panjenengan
2. Endah padha tegese karo : raras, rarasrum, senen.
3. Becik padha tegese karo : adi, adya, ayu, sae, tama.
UNSUR

KEBAHASAAN
SANDI KARSA

Ukara kang diwedharake kang satemene kang


dipilah-pilah adhapur huruf. Sandi iki digawe
medharake cipta, gagasan, utawa kekarepan.

Tuladha :
Dimen lebdeng kawruh
Ing pakaryan mrih trengginas
Nalar mulur rinengga ambeg berbudi
Anjrah mring para siswa
Pepinginan kang samya kae
Esthining tyas maujud
Naning mulya
Dina dina kepungkur
Iku dadi landhasaneki
Dina kang bakal teka
Ing pangangkah tumus
Kita bangsa Indonesia
Anemahi jaman
Nyrambahi newsantara

19
DAFTAR PUSTAKA
https://youtu.be/0FsaMR9Teks
https://youtu.be/L-KF0KRRIgo
https://youtu.be/57QiKYaxM5E
https://vinaretna.wordpress.com/2021

/02/22/unsur-kebahasaan-ing-

tembang-macapat/
576 Tembung Basa Kawi Contoh dan

Artinya - Intanpari.com
500 Contoh Tembung Dasanama

Terbaru - IWEBLOGSITE
https://www.intanpari.com/2020/05/c

ontoh-tembung-garba.html

Matur Nuwun
20

Anda mungkin juga menyukai