Anda di halaman 1dari 10

7/13/2020

Modul Bahasa Jawa

MACAPAT

Sub Pokok Materi 3


Capaian Pembelajaran:
• Mampu membuat, menganalisis makna filosofis, mengevaluasi keindahan, dan
memraktekkan secara tepat dan kritis “teks tembang macapat” sesuai dengan nada/ titilaras
Slendro dan Pelog dalam beragam informasi dalam teks bahasa Jawa lisan dan tulis dalam
konteks keseharian/umum (keluarga, masyarakat); akademik dan pekerjaan.
Subcapaian Pembelajaran
• Para dwija sawise nyemak, lan maos modul iki kasuwun bisa nerangake lan ngandharake:
• Makna Filosofise Tembang Macapat
• Makna Filosofise Tembang Macapat lan Tengahan
• Paedahe Tembang Macapat
• Tuladha Tembang Tengahan “Wirangrong” lan Macapat “Sinom”.

1
7/13/2020

Sub Pokok Materi 3


Pokok-Pokok Materi
• Makna Filosofise Tembang Macapat
• Makna Filosofise Tembang Macapat lan Tengahan
• Guna Paedahe Tembang Macapat
• Tuladha Tembang Tengahan “Wirangrong” lan Macapat “Sinom”.

Pilihan Materi

Makna Filosofine Makna Filosofine


Tembang Macapat Tembang Tengahan

2
7/13/2020

Makna Filosifine
Tembang Macapat
Manungsa urip ana ngalam ndonya wiwit lair tumekaning seda, ora
luput saka 3 (telung) lelakon kang dialami, yaiku: metu, manten lan
mati utawa ing rikalane mbobot, lair, bayi, rikala anak-anak / lare,
mudha/ remaja, rikalane dewasa (palakrama, kulawarga), lan
rikalane seda (Damardjati Supadjar, 1985 : 194).
Tembang macapat menawa diurutake lan kaandharake werdine
pranyata ngemot piwulang kang luhur sarta utama, lan nduweni
makna falsafahing manungsa rikala urip ana donya; wiwit lair
tumekaning pati, yaiku :

Makna Filosifine
Tembang Macapat
1. Mijil :
Yaiku wektu rikala bayi lair utawa metu, mijil ‘keluar, lahir’. Watake tembang iki
prihatin, amarga wong tuwa (bapa biyung) rikalane padha ngarep-arep lan
nunggu anake kang bakal lair, lumrahe dikantheni padha prihatin; kang pamrihe
supaya anak lan biyunge tansah nemu slamet, bagya lan mulya.
Wiwit ana guwa garba tumekaning lair nyawang padhanging hawa, mugya
tansah manggih raharja lan uripe tansah utama sarta bagya mulya. Bapa biyung
tansah prihatin, lan lumrahe linambaran rasa seneng amarga idaman,
gegantilaning ati; yaiku putrane wis lair kanthi wilujeng.
Kanggo mengayubagiya, wetuning rasa, medharake bebukaning carita ‘rasa
syukur lan panarima laire putra kanggo nyambung sujarahe wong tuwa’.

3
7/13/2020

Makna Filosifine
Tembang Macapat
2. Maskumambang :
Nggambarake wektu rikalane isih bayi (anak-anak) kang kebak nikmating murip, bayi (anak) isih
mardika durung duwe lan ora ngerti rekasaning urip.
Lare (anak-anak) tansah seneng-seneng utawa dolanan, gegojekan. Anak menika mujudake
rajakaya lan rajabrana kang aji banget menggahe wong tuwa; amarga kang bakal nyambung
sujarah lan gegayuhane bapa biyung.
Watake tembang Maskumambang yaiku nalangsa ‘prihatin, sedih’; jalaran wong tuwa tansah
nggadhadhahi rasa khawatir, was-was menawa anake anggone dolanan, gegogegan, lan guyonan
tansah slamet, adoh saka bebaya.
Wataking anak kang durung nduweni petung lan tetimbangan anggone tumindak lan tansah
gegojegan; isih nggugu sakarepe dhewe, lare (anak-anak) yen duwe karep isih sakarepe dhewe
utawa kaduk wani kurang deduga ‘sangat berani belum punya pertimbangan’.

Makna Filosifine
Tembang Macapat
3. Sinom :
Yaiku nggambarake anak wis dadi nom-noman utawa mudha, watake grapyak
semanak, luwes ‘supel’.
Pancen para mudha (nom-nomam) lumrahe tansah seneng srawung utawa
kekancan/ paseduluran, wasis micara kanggo ngupadi sedulur lan tansah gawe
seneng ‘simpatine’ wong liya.

4
7/13/2020

Makna Filosifine
Tembang Macapat
4. Durma:
Yaiku nggambarake rikala isih nom utawa mudha kang lumrahe gampang
kagodha lan kapribawan prekara kang ala, napsu angkara murka, kagodha
ombyaking jaman.
Tembang iki watake galak ‘pemberani’, sereng ‘tegang’, seneng critakake
babagan padudon utawa perang. Pancen lumrahe para mudha iku anggone
ngadhepi urip utawa kahanan iku trengginas ‘dinamis’ lan trampil (kreatif
inovatif).
Para mudha lan mudhi lumrahe gampang kagodha pasrawungan lan watake
gampang nesu (emosi) lan seneng padudon.

Makna Filosifine
Tembang Macapat
5. Asmaradana :
Nggambarake nom-nomam (mudha-mudhi) kang wis wiwit nduweni rasa tresna,
kasmaran ‘jatuh cinta’, kepencut marang wong liya kang beda jinise.
Watake tembang iki grapyak ‘simpatik’, seneng, gembira lan sedhih.
Bab iki nggambarake menawa mudha-mudhi lagi ketaman asmara, lara branta;
lumrahe atine seneng banget, nanging kacampuran rasa sedhih/ susah; jalaran
khuwatir menawa kekasihe kagodha lan digodha mudha/ mudhi liyane.

5
7/13/2020

Makna Filosifine
Tembang Macapat
6. Kinanthi :
Nggambarake wektu utawa rikalane mudha-mudhi wis wiwit padha
gegandhengan tangan utawa urip bebrayan, wis mbangun bale wisma
‘berkeluarga’, urip kang rukun lan ayem tentrem, bagya mulya ‘damai’.
Watake sarwa seneng, asih, gumolong ‘bersatu’.
Pancen rikalane pengentenan anyar lumrahe tansah seneng, seneng-seneng,
nyenengake, lan tansah asih tresna, asah asih asuh lan sinisihan.

Makna Filosifine
Tembang Macapat
7. Dhandhanggula :
Nggambarake rikalane wis ngancik lan ngrasakake dadi wong tuwa, ngopeni anak bojo lan
srawung karo tangga teparo.
Mula wiwit mranata lan njumbuhake kabutuhane urip saben dinane. Anggone urip bebrayan
wiwit ngrasakake rasa kepenak, ayem tentrem lan bagya mulya ‘nikmat’; amarga wis
manunggaling cipta rasa karsane para anak bojone, lan anak-anake padha rukun; wusanane
sajroning kulawarga bisa mujudake kuluwarga kang padha dhemen tetulung (asah, asih, asuh).
Watake tembang iki manis, ngresepake ‘meresapkan, menyenangkan hati’, luwes.
Pancen menawa manungsa wis tuwa adhakake tansah luwes ‘pandai bergaul karena telah
berpengalaman’ lan manis utawa ngresepake ‘selalu berbuat baik dan membuat senang kepada
orang lain’, seneng lan pethel nyambut gawe, lan gotong royong karo tanggane lan sesamane.

6
7/13/2020

Makna Filosifine
Tembang Macapat
8. Gambuh:
Nggambarkan umur lan watak rikalane manungsa tambah tuwa/ dewasa lan
kapribadene tambah diwasa, wusanane bisa njumbuhake kabutuhaning jiwa raga, lair
lan batin; kuluwarga lan masyarakat, pribadi lan marang Pangeran (hablumminnalooh
lan hablumminnaas).
Watak tembange maringi pitutur ‘nasihat’, anggenah-genahake ‘selalu memberikan
penjelasan’.
Pancen lumrahe manungsa kang wis tuwa (dewasa, sepuh) tansah menggalih lan bisa
njumbuhake wigatine urip lan tansah mituturi marang anak putu utawa sesama; patrap
lan pangucap ‘perbuatan dan ucapan’ wis bisa jumbuh, uripe wus bisa njumbuhake
kahanan lair lan batine.

Makna Filosifine
Tembang Macapat
9. Pangkur:
Nggambarake rikalane umure manungsa wis laluyuswa ‘masa lanjut usia, udzur’; lan
wancine ngungkurake hawa napsu lan kadonyan’.
Watake sereng ‘semangat’, prawira ‘perwira’, lan wani.
Ing mangsa iki tansah mbudidaya kanthi gumregut lan semangat anggone ngendhaleni
hawa napsu angkara murka, napsu kadonyan.
Kebutuhaning urip kang asipat boros ‘glamour’, seneng-seneng, hura-hura/ berfoya-
foya wis ditinggalake.
Manungsa wiwit sregep ngibadah lan nyedhak tansah dhedhepe marang Pangeran. Ing
pangajab sawanci-wanci katimbalan Gusti Kang Mahasuci bisa lancar, selamat; saged
mlebet wonten surganipun Pangeran.

7
7/13/2020

Makna Filosifine
Tembang Macapat
10. Megatruh:
Nggambarake manungsa kang wis nglenggana marang pepesthen, takdiring
kabeh manungsa yen bakal seda, mulih mula mulanira utawa megatruh ‘pisahe
nyawa saka raga’.
Watake susah, nelangsa, prihatin, getun; jalaran manungsa yen wis cedhak
patine, tansah nandhang gerah; lumrahe atine susah, sedhih lan kuciwa, jalaran
arep pisah karo kulawarga, anak, sedulur, lan tanggane; sarta rumangsa gela
amarga ngelingi tumindake sing ora becik nalika isih nom, isih urip.
Malah rumangsa keweden bakal ngadhepi pangadilaning Pangeran, lan amarga
durung siyap anggone sangu amal kabecikan.

Makna Filosifine
Tembang Macapat
11. Pocung:
Nggambarake rikalane manungsa wis seda lan dipocong, watake sembrana,
sakepenake.
Manungsa kang wis seda bakal lali sakabehe, lan sakepenake dhewe alang ujure.
Kabeh mau gumantung marang sanak sedulure kang padha mrenahake lan
anggone ngurusi jasad utawa layone sarta anggone ngubur (ngrukti).

8
7/13/2020

Makna Filosifine
Tembang Tengahan
Tembang tengahan kang cacahe ana 4 (papat) iku sejatine padha tembang
macapat, mung tuwuhe luwih dhisik; buktine paugeran guru (wanda, gatra,
pada, guru lagu /dhang-dhing’) antarane tembang tengahan lan sekar macapat
iku padha. Mula makna filosofise tembang tengahan gayutane karo uripe
manungsa sawise manungsa dipocong lan dikubur (Pocung); yaiku:
1. Girisa: Maksude gawe giris, jalaran rikala jasad utawa layon kang wis dikafani
nganggo mori putih, lan wong liya padha wedi lan miris yen padha mirsani.
Kejaba manungsa kang tansah tumindak becik, lan wis tata-tata sarta
nyiapake amal becik lan tansah dhedhepe sregep ngibadah marang
Pangeran; mula anggone ngadhepi pepati wis dianggep lumrah, ora nduweni
rasa wedi jalaran kabeh manungsa bakale mati.

Makna Filosifine
Tembang Tengahan
2. Jurudemung: nggambarake jasad utawa layon wiwit dikubur dilebokake marang
bumi lan dihurugi lemah lan diidak-idak para pelayat, sanak kadang supaya rata
maneh.
3. Balabak: nggambarake rikala layon/ jasad dikubur, adhakane/ lumrahe nggunakake
blabak ‘papan kayu’ sadurunge dihurugi lemah, pamrihe supaya lemah/ wedhi kang
kanggo nggurugi lan diidak-idak para sanak kadang/ kulawarga; ora ngenani jasade
layon ‘tubuh mayat’.
4. Wirangrong: nggambarake nyawane layon kudu wira ‘wani, berani’ ijen tanpa kanca
ana ing guwa utawa ing rong ‘kubur’ kanggo ngadhepi pitakonan-pitakonan lan
tanggung jawab saka Malaikat Mungkar lan Nakir, marang kabeh tumindake kang
wis ditindakake nalika isih urip ana ngalam donya, kanggo ngundhuh wohing
pakarti/ panggawe.

9
7/13/2020

Rangkuman Materi
Tembang macapat lan tengahan migunani kanggo tuntunan (piwulang),
tontonan (hiburan), kekuwatan, filsafating urip kang kaandharake mawa “basa
sinandi, pralambang saha pasemon ‘bahasa kias’; kang perlu didhudhah kanthi
teliti lan premati.
Tembang macapat kang cacahe ana 11 (sewelas); kang diwiwiti saka tembang
Mijil tumeka tembang Pocung, pranyata makna filosofise nggambarake wiwit
laire manungsa nganti tumekaning pati.
Semono uga tembang tengahan kang cacahe ana 4 (papat) iku uga nggambarake
piwulang tatacarane ngubur utawa ngrukti jasad utawa layon kang wis pralaya.

10

Anda mungkin juga menyukai