Anda di halaman 1dari 5

YAYASAN PONDOK PESANTREN DARUL HUDA

SMK DARUL HUDA AMBULU


TERAKREDITASI
NSS : 342052405292 NPSN : 20569038
Jl. Kotta Blater Gg. Mangga No.10 Andongsari Ambulu Jember Jatim
Telp. : 085204975916

SUMATIF TENGAH SEMESTER

Mapel : BAHASA DAERAH


Kelas : XI
Guru : Yuli Wulandari
Jumlah soal : 25 Pilgan dan 5 Essay

Petunjuk Umum
1. Periksalah dan bacalah soal-soal secara teliti sebelum anda menjawabnya
2. Laporkan pada Pengawas Ujian kalau terdapat tulisan yang kurang jelas, rusak atau jumlah soal kurang
3. Dahulukan soal-soal yang dianggap mudah
4. Mintalah kertas buram kepada Pengawas bila diperlukan
5. Periksalah pekerjaan anda sebelum diserahkan kepada Pengawas
6. Tidak diijinkan menggunakan kalkulator, tabel matematika, alat bantu hitung lainnya

A. Pilihlah salah satu jawaban yang Anda anggap benar pada lembar jawab yang telah disediakan!
1. Sing diarani geguritan yaiku …
a. Karangan kang awujud reroncene (racikane) tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet, lan
mentes.
b. Karangan kang awujud reroncene tembung kanthi paugerann tlan ukara kang endah, ringkes,
padhet, lan mentes
c. Karangan bebas kang kaiet anane paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru ukararane ringkes
d. Karangan bebas kang awujud racikan utawa reroncene tembung kang endah tur isine angel
dingerteni
e. Karangan kang awujud reroncene (racikan) tembung nggunakake paugeran kaya ing tembang
macapat
2. Geguritan klebu golongane tembang utawa lelagon kang nganggo purwakanti guru …
a. Lagu
b. Wilangan
c. Gatra
d. Pada
e. Swara
3. Geguritan gagrak anyar nggunakake basa jawa …
a. Kawi
b. Kuno
c. Modhern
d. Ngoko
e. Krama

Semaken wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli soal nomor 4 – 9!


Sekaten
Jaman mbiyen upacara iki dianggo dening sultan hamengkubuwana I, kanggo ngundang masarakat
mlebu agama islam.
Ing upacara sekaten reroncening adicara sing paling dienteni yaiku metune gamelan keraton nyai
nagawilaga lan nyai gunturmadu kanggo dimainake ing pagongan masjid gedhe kraton ngayogyakarta.
Gamelan iku diarak saka bangsal pancaniti marang mesjid gedhe banjur kanggo ditabuh seminggu
suwene lan disiyarake nganti dalan malioboro saengga nambah swasana budhaya kutha Yogyakarta.
Puncak adicara sekaten ditandhani kanthi metune gunungan sing disebut grebeg mulud, sing dhasare
nggambarake sedhekahing para raja marang rakyate lan nyimbolake karahayon.
Prayan sekaten dipungkasi kanthi adicara bedhol songsong utawi pentas wayang kulit ing pagelaran
kraton ngayogyakarta hadiningrat. Ing adicara sekaten uga digawe panggung kesenian sing nggelar
festival seni tradisi lan religi, lan dianakake reroncengan kagiyatan ekonomi sing diwujudake kanthi pasar
rakyat utawa disebut pasar malam perayaan sekaten (PMPS) sing digelar suwine 40 dina.
4. Pasar malem prayan sekaten digelar suwene …
a. 10
b. 20
c. 30
d. 40
e. 50
5. Adicara metune gunungan diarani grebeg …
a. Sura
b. Sekaten
c. Mulud
d. Jumeneng
e. Sudira
6. Gunungan ing sekaten duweni simbol …
a. Kasengsaran
b. Kasenengan
c. Kasusahan
d. Karahayon
e. Kawilujengan
7. Gamelan kraton kang ditunggu ing sekaten yaiku gamelan Nagawilaga lan …
a. Nyai Guntur
b. Nyai Gunturmadu
c. Nyai Gunturyasa
d. Nyai Gunturasa
e. Nyai nigawalaga
8. Gamelan sekaten dimainake ana ing …
a. Mesjid Gedhe
b. Sitinggil
c. Pancaniti
d. Alun-alun
e. Pasar Gedhe
9. Prayan Sekaten dipungkasi kanthi adicara …
a. Pasar malem
b. Campursari
c. Bedhol songsong
d. Gamelan
e. Kirab
10. Gatekna geguritan iki kanthi permati !
Sun nggegurit
Kahanan jaman saiki
Sipat pemudha pemudhi
Ora gampang dituturi
Kurang kawruh piwulang utami
Tan kadi jaman nguni
Tansah ngegungake budi pakerti

Geguritan ing dhuwur klebu geguritan jinis …

a. Anyar
b. Tengahan
c. Cilik
d. Kuna
e. Modheren
11. Ing ngisor iki jinise upacara adat sing ana gegayutane karo alam yaiku …
a. Bersih desa utawa sedhekah bumi, lan ruwatan
b. Sedhekah bumi utawa bersih desa lan tolak balak
c. Nyadran, selapanan, tedhak siten, lan bersih desa
d. Suran ruwatan, tolak balak, lan sedhekah bumi
12. Ing ngisor iki jinise upacara adat sing ana gegayutane karo kepercayaan yaiku …
a. Nyadran, tingkeban, lan suran
b. Nyadran, suran, lan ruwatan
c. Suran, brokohan, lan tolak balak
d. Ruwatan, tingkeban, lan suran
e. Temantenan, suran lan ruwatan
13. Saiwijine upacara adat kang awujud slametan kirim donga marang arwah sing mentas tilar dunyo wiwit
saka nglungsur tanah, telung dina, patang dina, patang puluh dina, satus dina, pendhakan, sewon, lan
pengeling-eling diarani …
a. Sedhekah bumi
b. Slametane wong seda
c. Upacara penganten
d. Slametan tedhak siten
e. Slametan tingkeban
14. Jroning upacara temu manten sing duweni makna jejere wong lanang duwe kewajiban menehi nafkah lan
nyukupi kabeh kebutuhane wong wadon lan keluwargane. Semono uga jejere wong wadon kudu nyukup-
nyukupake sepira akeh sethithike kayane wong lanang kudu dicukup-cukupake. Pralambang iki
digambarake jroning rerangken upacara adat sing diarani …
a. Wiji dadi
b. Sungkeman
c. Tanem jero
d. Balang bantal
e. Kacar-kucur
15. Ing sajroning upacara adat temu manten ana sing diarani ngabekten utawa sungkeman yaiku manten
kekarone sumungkem marang rama lan ibune.
Maknane “sungkeman/ngabekten” jroning upacara temu manten yaiku …
a. Sing lanang nuduhake asihe dene sing putri nuduhake bektine
b. Manten kekarone mbesuke muga-muga enggal duwe keturunan
c. Jejere wong lanang kuwi wajib menehi nafkah marang garwane
d. Anak iku duwe kewajiban ngebekti marang wong tuwa kekarone
e. Pangrengkuh wong tuwa ora mbedak-mbedakake marang anake
16. Gatekna pratelan-pratelan ing ngisor iki!
1) Ngidak tigan (wiji dadi)
2) Kacar kucur
3) Sinduran utawa disingepi sindur
4) Ngabekten
5) Balang gantal
6) Tanem jero (wisudan penganten)
7) Dulangan
8) Bobot timbang
Adhedhasar pratelan – pratelan ing dhuwur sing mujudake tata urutane kanggo upacara temu manten adat
jawa sing bener yaiku …
a. 5,1,3,6,8,2,7,4
b. 5,2,4,7,8,1,6,3
c. 4,7,2,3,6,1,8,5
d. 5,3,4,6,7,2,8,1
e. 1,3,6,8,2,7,4,5
17. Jroning upacara “tedhak siten” diwiwiti sarana bocah dituntuk maju ngidek jadah/tetel saka beras ketan
pitung warna; abang putih, ijo, kuning, biru, oranye, lan ungu. Iki mujudake pralambang utawa
gegambaran …
a. Supaya duwe keantebaning ati
b. Maneka warnane panguripan
c. Supaya pinter ceker dewe
d. Angele urip ing alam donya
e. Maneka warnane pegaweyan
18. Ing sajroning upacara adat temu manten ana sing diarani kacar – kucur yaiku manten lanang nyuntak
beras kawak, kacang kawak, dhuwit receh ing pankone manten putri.
Maknane “kacar – kucur” jronig upacara temu manten yaiku …
a. Manten kekarone mbesuke muga – muga enggal duwe keturunan
b. Jejere wong kuwi lanang wajib menehi nafkah marang garwane
c. Anak iku duwe kuwajiban ngabekti marang wong tuwa kekarone
d. Sing lanang nuduhake asihe dene sing putri nuduhake bektine
e. Pangrengkuh wong tuwa ora mbedak – mbedakne marang anake
19. Ing sajroning upacara adat temu manten ana sing diarani balang gantal yaiku balang – binalang suruh
lininting kang ditaleni benang lawe.
Maknane “balang gantal” jroning upacara temu manten yaiku …
a. Jejere wong kuwi lanang wajib menehi nafkah marang garwane
b. Anak iku duwe kewajiban ngebekti marang wong tuwa kekarone
c. Sing lanang nuduhake asihe dene sing putri nuduhake bektine
d. Manten kekarone mbesuke muga – muga enggal duwe keturunan
e. Pangrengkuh wong tuwa ora mbedak – mbedakne marang anake
20. Ing sajroning upacara adat temu manten ana sing diarani wiji dadi yaiku manten lanang ngidak endhog
nganti pecah sing ana ing sacedhake bokor kecana isi kembang setaman
Maknane “wiji dadi” jroning upacara adat temu manten yaiku …
a. Jejere wong kuwi lanang wajib menehi nafkah marang garwane
b. Anak iku duwe kewajiban ngebekti marang wong tuwa kekarone
c. Sing lanang nuduhake asihe dene sing putri nuduhake bektine
d. Manten kekarone mbesuke muga – muga enggal duwe keturunan
e. Pangrengkuh wong tuwa ora mbedak – mbedakne marang anake
21. Ing sajroning upacara adat temu manten ana sing diarani bobot timbang yaiku temanten kekaro lungguh
ing pangkone ingkang rama
Maknane “bobot timbang” jroning upacara temu manten yaiku …
a. Jejere wong kuwi lanang wajib menehi nafkah marang garwane
b. Anak iku duwe kewajiban ngebekti marang wong tuwa kekarone
c. Sing lanang nuduhake asihe dene sing putri nuduhake bektine
d. Manten kekarone mbesuke muga – muga enggal duwe keturunan
e. Pangrengkuh wong tuwa ora mbedak – mbedakne marang anake
22. Mangertenana isine geguritan iki
Kain
Kain sing tumempel ing awak cacahe telu
Kain gedhong, kain ihram, lan kain kafan
Kain gedhong wis mbungkus nalika lair
Saiki kari kain ihram lan kain kafan sing durung
Endi sing luwih dhisik nempel ing badan kita
Kain ihram apa kain kafan?
Isine geguritan ing dhuwur …
a. Saben titah ngalami lair, kaji, mati
b. Saben titah ngalami lair, sugih, mati
c. Saben titah ngalami lair, nikah, mati
d. Saben titah ngalami lair, urip, mati
e. Saben titah ngalami lair, sekolah, mati
23. Salah sawijining tuladha sajen ing adicara tradisional jawa sing klebu sesaji kang digawe saka campuran
klapa parut lan gendhis klapa, dimasak nganti garing diarani …
a. Rujakan
b. Sekul Loyang
c. Enten – enten
d. Sumsuman
e. Bubur procot
24. Sejatine kagiatan iki duwe makna upacara selameten. Selamet merga inti acarane yaiku ijab Kabul wis
rampung ditindakake. Ning acara iki, pasangan penganten nerima ucapan slamet saka kerabat, kanca, uga
kabeh sing rawuh ning acara iki. Puncak acara pengantena yaiku …
a. Kacar – kucur
b. Dahar klimah
c. Mertui
d. Sungkeman
e. Kenduren
25. Struktur geguritan kang mujudake racikane tembung sing bisa kanggo ngandharake pengalaman indrawi
panggurit kang bisa aweh pangaribawa (mempengaruhi) pamaca diarani …
a. Imaji (panyitra)
b. Bleger (tipografi)
c. Lelewane basa
d. Enjabemen
e. Purwakanthi

Essay

1. Sebutna lan jelasnya tata urutane lumakune upacara adat “temu manten”!
2. Jelasna apa sing diarani telonan!
3. Tulisna salah siji tuladha lelagon dolanan utawa lelagon campursari sing kokngerteni!
4. sebutna struktur batin lan struktur fisik geguritan!
5. Analisisen geguritan iki!
Kangen
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka

Aja nangis, anakku


Umpama Hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi
Dakparani

Jelasna isi geguritan ing dhuwur!

Anda mungkin juga menyukai