Anda di halaman 1dari 3

PEMERINTAH KOTA SALATIGA KODE SOAL

DINAS PENDIDIKAN
SMP NEGERI 1 SALATIGA
Alamat: Jl. Kartini No. 24 Telp. (0298) 325160 Salatiga – 50711
06
PENILAIAN HARIAN I SEMESTER DUA
TAHUN PELAJARAN 2020/2021

MATA PELAJARAN : BAHASA JAWA


KELAS : IX (SEMBILAN)
HARI/ TANGGAL : RABU, 24 FEBRUARI 2021
WAKTU : 10.00 ~ 11.30 WIB

PETUNJUK UMUM:
1. Isikan Identitas (nama, kelas, kode soal) Anda pada lembar jawaban yang disediakan.
2. Tersedia waktu 90 menit untuk mengerjakan soal tes tersebut.
3. Jumlah soal sebanyak 10 butir ESSAY.

SOAL UH BERSAMA KELAS IX SEM. 2 TH. 2020/2021


Wangsulana Kanthi patitis !

Gambar 3 Gambar 2 Gambar 1

Gatekna para siswa sing lagi maca geguritan kasebut ! (Gambar 1,2,3) !

Maca geguritan iku ora mung maca, nanging perlu digatekake wirama, wirasa, lan
wiraga supaya geguritan kasebut bisa ditampa lan dimangerteni karepe dening sing maca, sing
ngrungokake, utawa sing nonton.

1. Apa sing diarani wirama iku ? jlentrehna/jelaskan


2. Apa sing diarani wirasa iku ? jlentrehna/jelaskan
3. Apa sing diarani wiraga iku ? jlentrehna/jelaskan

Nalika maca geguritan luwih becik yen dimangerteni isine, dadi nalika maca ora bingung
karo apa isine. Yen maca geguritan ora ngerti isine, bakal ndadekake salah anggone nampa
karepe.
Gatekna geguritan ing ngisor iki !

Sun Gegurit,

Kaanan jaman saiki

Sipat pemudha pemudhi

Srawunge saya ndadi

Raket wewekanan sepi

Tan kadi duk jaman nguni

Srawunge sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna

Priya srawung lan wanita

Gampang ketaman panggodha

Nerak ing laku susila

Temah darbe jeneng ala

Wusanane tibeng papa

4. Gancarna (ceritakan) isi geguritan kasebut !


5. Apa isine pada/bait 1 geguritan kasebut?
6. Apa isine pada/bait 2 geguritan kasebut?

Gatekna geguritan tradhisional iki!

Kahanan Jaman Saiki


Sun Gegurit,
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekanan sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati

Yen manut wasiteng kuna


Priya srawung lan wanita
Gampang ketaman panggodha
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusanane tibeng papa

Gatekna geguritan modern iki

Welingku

Durung paja-paja jangkahmu


Lumakua miturut nalar lan akal warasmu
Nalarmu durung ganep, durung gaduk
Yen ta kudu melu-melu ing ombyaking jaman sing jare sarwa maju
Maju miturut apa, sapa lan ing ngendi ?
Iki kudu dimangerteni aja mung melu-melu
Anut grubyuk tanpa ngerti apa-apa
Welingku mring sliramu sing dak tresnani
Ayo gumregah, gumregut, nyawiji kanggo bumi pertiwi

7. Sebutna 3 bedane geguritan tradhisional lan geguritan modheren.

Gatekna gambar ing ngisor iki!


Nalika nulis geguritan iku butuh wektu lodhang kanggo nyuntak isining ati lan pikiran.
Ukara dirakit sing luwes lan trep supaya kepenak diwaca lan dirungu, nanging kanggo golek
tema kanggo nulis iku sing angel. Mula sing paling kepenak golek tema saka pengalaman
pribadi.

8. Nulis geguritan paling gampang yaiku adhedhasar pengalaman pribadi,


jlentrehna/jelaskan yen pengalaman pribadi bisa dadi tema sing paling gampang.

9. Miturut wacana kasebut sadurunge maca geguritan perlu dimangerteni dhisik isine
geguritan. Kenangapa kudu mangkono? Jlentrehna/jelaskan !

Nulis geguritan iku ora kaya nulis crita biasa. Biasane yen nulis geguritan milih
tetembungan kang endah supaya kepenak diwaca lan dirungu, biasane tetembungane ora
langsung bisa dimangerteni tegese kanthi wantah (apa adanya).

10. Jlentrehna/jelaskan apa sing dikararepake geguritan iku dirakit kanthi cekak aos lan
tetembungan utawa basa endah?

Anda mungkin juga menyukai