Anda di halaman 1dari 9

KISI-KISI PENYUSUNAN SOAL UJIAN SEKOLAH

TAHUN PELAJARAN 2019 / 2020

Jenis Sekolah : Sekolah Dasar / Madrasah Ibtidaiyah


Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Kurukulum : Standar Isi Tahun 2010
Jenis Ujian : Praktik
Aspek Berbahasa : 1. Mendengarkan 2. Berbicara

N STANDAR KOMPETENSI KEMAMPUAN YANG NO


INDIKATOR
O LULUSAN DIUKUR SOAL
1. Mendengarkan Menjawab pertanyaan yang  Diperdengarkan cerita wayang,
Memahami wacana lisan yang berkaitan dengan isi cerita peserta didik dapat menjawab 1
didengar baik teks sastra maupun yang didengar sepuluh pertanyaan yang berkaitan
nonsastra pesan,dalam berbagai dengan isi cerita tersebut.
ragam bahasa berupa cerita teman, Meringkas pidhato yang  Diperdengarkan pidhato, peserta 2
teks karangan, pidato, cerita rakyat, didengar didik dapat menjawab 10
cerita anak, geguritan, tembang pertanyaan yang berkaitan dengan
macapat, dan cerita wayang isi pidhato tersebut.
2. Berbicara Melakukan pidato  Peserta didik dapat berpidato
Menggunakan wacana lisan untuk dengan menggunakan ragam 3
mengungkapkan pikiran, perasaan, bahasa tertentu ( padinan / sehari-
baik sastra maupun nonsastra hari , ngoko alus, krama )
dengan menggunakan berbagai
ragam bahasa berupa menceritakan
berbagai keperluan,
mengungkapkan keinginan, tokoh Mendiskripsikan benda  Disajikan gambar benda peserta 4
wayang, mendiskripsikan benda, didik dapat mendiskripsikan benda
menanggapi persoalan tersebut dengan menggunakan
faktual/pengamatan, melaporkan ragam bahasa sehari-hari
hasil pengamatan, berpidato, dan
mengapresiasikan tembang.

Mengetahui Sukoharjo, Maret 2020


Kepala UPTD SD... Guru Kelas VI

. .
NIP...... NIP. ...

Pengawas TK / SD / SDLB

.
NIP .........
UJIAN SEKOLAH
TAHUN PELAJARAN 2019/2020

LEMBAR SOAL PRAKTIK

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Hari , Tanggal : ..........., ....................2020
Alokasi Waktu : Pukul 08.00 sampai selesai

I. MENDENGARKAN
A. CERITA WAYANG

Antasena Takon Bapake


Raden Antasena wiwit cilik mapan iing Gisik Narmada bebarengan
karo Dewi Urang Ayu, ibune lan Hayang Mintuna, eyange. Sanajan mapan
ing papan sing swasanane tentrem ing tempuran bengawan Gangga lan
Serayu sarta ibu lan eyange sabar nggulawenthah, isih ana rasa kang
ngganjel. Raden Antasena kepengin weruh lan ketemu bapake. Dewi Urang
Ayu senajan arda abot banjur mangsuli pitakone Antasena lan bapake.
“Antasena dedeg piadegmu dhuwur, gagah prakosa, duwe kuku
Pancanaka. Sliramu ora beda adoh karo ramamu, Ya Raden
werkudara,”Ngendikane ibune.”Sapunika rama Werkudara wonten pundi,
Bu?” takone Antasena ngangseg.
“Raden Werkudara iku satriya Pandhawa kasatriyane Jodhipati. Yen
sira kepengin ketemu kudu enggal mrana. Antasena banjur nyuwun pamit
arep nggoleki ramane, ora lali Dewi Urang Ayu maringi Cupu Madusena
kang isi tirta suci, kang bisa nambani tatu lan nguripake wong sing mati
durung wektune.
Nalika semana Prabu Gangga Trimuka raja nagara Dhasar Samodra
kasil mikut Pandhawa lan arep kanggo tumbal negarane. Pandhawa
dilebokake ing Konggedhah (wewangunan saka kaca) saengga mati
keplepeg. Kebeneran Antasena mlaku turut kali lan teka negara Dhasar
Samodra, bareng weruh wong limo mati ing jero kaca, dheweke menehi
pitulungan. Wong limo mau ditetesi banyu Cupu Madusena lan urip maneh.
Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu tansah memanuki lakune Antasena,
mula bareng ketemu karo Pandhawa diterangake yen antasena iku putrane
Werkudara. Werkudara gelem nampa.
Samodra banjur disat dening Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu.
Bima lan Arjuna banjur ngrabasa negara Dhasar Samodra. Prabu Gangga
Trimuka mati ing jroning paprangan.

Soal nomer 1
Sawise mirengake, wangsulana pitakon-pitakon iki kanthi pratitis!
1. Apa irah-irahan crita mau?
2. Sapa jeneng ibune Raden Antasena?
3. Antasena kepengin weruh ramane sing jeneng sapa?
4. Sebutna paraga-paraga ing crita mau!
5. Kanggo opo Prabu Gangga Trimuka mikut Pandhawa menyang nagara
Dhasar Samodra?
6. Sapa sing wes kasil ngasatke samodra?
7. Apa amanat crita mau?
8. Antasena digawani apa marang ibune nalika arep nggoleki bapake?
9. Apa sing ditindakake Antasena nalika tekan Dhasar Samodra lan
mangerteni ana wong limo mati ing jero kaca?
10. Miturut unggah-ungguh basa Jawa, crita mau nganggo basa apa?
Soal nomer 2

Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula


kurmati, bapak/ibu wali murid ingkang kula kurmati ugi, rencang-rencang, saha
adhik-adhik wakil kelas 1 - 5 ingkang kula tresnani.

Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun


angluberaken rahmat saha hidayahipun. Saengga kula lan panjenengan tasih dipun
keparengaken makempal manunggal wonten ing papan punika kangge
ngawontenaken pepisahan kaliyan adhik-adhik lan bapak ibu.

Bapak / ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, boten kentun kula minangkani
wakilipun murid kelas 6 ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan
awit saking sih katresnan Bapak/Ibu Guru nggulawenthah lan mulang wuruk
dhumateng kawula, saengga kula saget ngrampungaken sekolah sadangunipun
kirang langkung nem tahun.

Bapak/Ibu Guru tuwin adhik-adhik ingkang satuhu kula urmati, sekedhap


malih kula sarencang badhe ninggalaken pawiyatan punika. Awrat anggen kula
matur kados pundi raosipun nilar Bapak/ Ibu Guru saha adhik-adhik. Naming
kawontenan kedah mekaten, pramila kapeksa kula sakanca nilaraken Bapak / Ibu
saha adhik-adhik sedaya

Mekaten atur kawula, inggih punika sepisan ngaturraken panuwun, lan


ingkang kaping kalih nyuwun pamit badhe nilaraken pawiyatan.

Kawula sarencang kelas nenem nyenyuwun lan ndedonga mugi adhik-adhik


sageta kasil anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika,

Boten kantun ugi kula sakanca tansah memuji dhumateng gusti Ingkang
Murbeng Dumadi, supados Bapak/ibu Guru saha adhik-adhik pikantuk rahmating
Pangeran. Wilujeng boten wonten alangan satunggal punapa.

Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang,
pramila cekap semanten atur kawula, mbok menawi wonten klenta-klentunipun atur,
kula nyuwun agunging pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


Sawise mirengake, wangsulana pitakon iki kanthi wangsulan kang bener !

1. Sapa sing pidhato?


2. Sapa wae sing rawuh?
3. Apa isine pidhato?
4. Apa sebabe kelas enem padha pamitan ninggalake pawiyatan?
5. Apa panyuwun lan dongane kelas nenem marang adhik-adhik kelase?
6. Apa simpulan pidhato mau?
7. Kepriye unine salam pambuka ana pidhato mau?
8. Pira suwene bocah-bocah sinau ing sekolah dhasar?
9. Kepriye unine wasana basa sing diucapake deneng wakil kelas enem ing
pidhato kuwi mau?
10. Apa wae perangane pidhato?

II. BERBICARA

Soal nomer 3

Tindakna pidhato ing ngarep kelas kanthi pilihan tema:


A. Pengetan Dinten Kartini
B. Perpisahan Kelas 6

Soal nomer 4

Gatekna gambar ing ngisor iki!

Critakno gambar iki kanthi crita deskripsi ing ngarep kelas!


KUNCI JAWAB
UJIAN SEKOLAH PRAKTIK BAHASA JAWA
TAHUN 2019/2020

SOAL NOMER 1
1. “Antasena Takon Bapake”
2. Dewi Urang Ayu
3. Raden Werkudara
4. Antasena, Dewi Urang Ayu, Raden Werkudara, Hyang Mintuna, Prabu
Gangga Trimuka.
5. Kanggo tumbal negara Dhasar Samodra
6. Hyang Mintuna lan Dewi Urang Ayu
7. Krama inggil
8. Cupu Madusena kang isine tirta suci
9. Antasena netesi banyu Cupu Madusena banjur wong limo mau urip
meneh
10. Ngoko alus

SOAL NOMER 2
1. Wakil kelas nenem
2. Bapak kepala sekolah, bapak/ibu guru, bapak/ibu wali murid, murid kelas
nenem, wakil kelas 1 tekan 5.
3. Ngaturake panuwun, atur pamitan, nyuwun donga pangestu lan
pangapura.
4. Amarga wis padha lulus
5. nyenyuwun lan ndedonga mugi adhik-adhik sageta kasil anggenipun
ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika,
6. atur pepisahan kelas nenem diwakili salah sawijining siswa amarga wis
padha lulus SD.
7. Assalamu’alaikum wr. wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula


kurmati, bapak/ibu wali murid ingkang kula kurmati ugi, rencang-rencang, saha
adhik-adhik wakil kelas 1 - 5 ingkang kula tresnani.
Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung, ingkang sampun
angluberaken rahmat saha hidayahipun. Saengga kula lan panjenengan tasih dipun
keparengaken makempal manunggal wonten ing papan punika kangge
ngawontenaken pepisahan kaliyan adhik-adhik lan bapak ibu.

8. Nem taun
9. Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan punika kula pepanjang,
pramila cekap semanten atur kawula, mbok menawi wonten klenta-
klentunipun atur, kula nyuwun agunging pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
10. Pambuka, isi, panutup

SOAL NOMER 3
(Kawicaksanan guru)

SOAL NOMER 4

Piranti iki jenenge gunting. Gunane kanggo nggunting utawa nugel barang
sing tipis kayata kertas, plastik tipis, tali, kain, rambut, kabel, lsp. Digawe
saka wesi utawa alumunium. Gagange biasane saka plastik nanging uga ana
sing bahane padha karo bagian sing landhep. (kawicaksnan guru)
PEDOMAN PENILAIAN UJIAN PRAKTIK BAHASA JAWA SD/ MI
TAHUN 2019/2020

A. Petunjuk Khusus :
1. Peserta didik wajib melaksanakan ujian praktik dua ketrampilan berbahasa.
2. Peserta didik melaksanakan ujian praktik satu indikator dari masing-masing ketrampilan berbahasa.
3. Sekolah dapat mengembangkan indikator ujian praktik.
B. Pedoman Penskoran
Skor maksimal masing-masing aspek berbahasa 100
Nilai = Skor ( A + B ) : 2

KEMAMPUAN YANG
NO ASPEK BERBAHASA SKOR SETIAP SOAL SKOR
DIUKUR
1. Mendengarkan (A) Menjawab pertanyaan yang Jawaban benar dan lengkap 10
berkaitan dengan isi cerita Jawaban tidak lengkap 5
yang didengar (A) Jawaban salah 1
Tidak menjawab 0
Menjawab pertanyaan Jawaban benar dan lengkap 10
tentang pidato yang didengar Jawaban tidak lengkap 5
(A) Jawaban salah 1
Tidak menjawab 0

2 Berbicara (B) Melakukan pidato (B) Sikap 10-30


Intonasi 10-25
Lafal 10-25
Ekspresi 10-20
Mendiskripsikan benda (B) Kesesuaian isi dengan gambar 20-40
Keruntutan bahasa 15-30
Penggunaan bahasa 15-30
*) Catatan: Untuk pelaksanaan ujian praktik, pada setiap aspek pilih salah satu kemampuan yang diukur.

Anda mungkin juga menyukai