Mata Pelajaran
Bahasa Jawa
No.Absen : 07
Basa
SMAN 2 SIDOARJO
KATA PENGANTAR
1
Puji dan syukur kehadirat Allah SWT, dengan Ilmu- Nya yang Maha Luas serta
kemurahan hatinya, hingga UKBM Bahasa Jawa untuk Siswa SMA kelas XII ini dapat
diselesaikan.
UKBM Bahasa Jawa SMA Kelas XII ini disusun sesuai dengan Kompetensi Inti dan
Kompetensi Dasar Kurikulum 2013 Mata Pelajaran Bahasa Jawa untuk Sekolah menengah
Atas (SMA).
Materi dalam UKBM Bahasa Jawa SMA Kelas XII ini disajikan dengan seringkas dan
sejelas mungkin dengan melibatkan keaktifan siswa dalam kegiatan pembelajaran. Hal ini
dimaksudkan agar siswa bisa lebih cepat menangkap inti dari materi yang sedang
dipelajari.
Kritik dan saran sangat Penulis harapkan demi kesempurnaan modul ini. Semoga modul
ini dapat menghantarkan Siswa SMA menuju sukses.
Penulis
LEMBAR PENGESAHAN
2
NIP :-
3. Identitas Sekolah
Nama Sekolah : SMA Negeri 2 Sidoarjo
A. PENDAHULUAN
Kompetensi Dasar
Tujuan Pembelajaran
Melalui kegiatan pembelajaran dengan pendekatan berbasis genre teks. Peserta didik
dapat menjelaskan unggah-ungguh basa sesuai kaidah dengan baik, Menjelaskan
karakteristik unggah-ungguh sesuai kaidah dengan baik dan menumbuhkan rasa ingin
tahu dan mandiri, Menjelaskan penggunaan unggah-ungguh basa dalam teks drama
sesuai kaidah dengan baik dan mandiri. menganalisis isi teks drama sesuai kaidah
dengan benar. Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah dengan benar secara
mandiri.
B. PEMBAHASAN
1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : Basa Jawa
b. Semester : 5 (Lima)
c. Kompetensi Dasar : 3.1 – 4.1
d. Materi Pokok : Unggah -Ungguh Basa
e. Alokasi Waktu : 2 JP x 6 Pertemuan
f. Materi Pasinaon :
4
Supaya konsep lan teori kang bakal disinaoni ing UKBM iki bisa mangerteni kanthi apik,
mula luwih dhisik semaken lan gatekna Buku Teks Pelajaran (BTP) ksebut: Purnomo, Bambang.
Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XII. Surabaya: Dinas Pendidikan
Provinsi Jawa Timur. Referensi buku liyane saka materi unggah-ungguh basa uga ana ing buku: 1)
Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XII. Surabaya:
Penerbit Duta; 2) Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA
Kelas XII. Jakarta: Penerbit Erlangga; lan sumber liyane sing kira-kira bisa ditemokake
sesambungan karo materi unggah ungguh basa, kanggo iki bisa maos wacan sing ana ing internet
2. Peta Konsep
Basa Basa
Ngoko Krama
ngoko lugu
Ngoko Krama Krama
Alus Lugu Alus
T.K. T.K.
T.N. Lugu T.N. lugu T. K. Inggil T.K. Inggil
Madya Madya
A PEMBUKAAN
5
Gb.Unggah Ungguh Basa
Yen para siswa maspadakake gambar-gambar kasebut mesthine bisa nggraita, pawongan
kang kacetha ing gambar kira-kira lagi nindakake apa? Wangsulane: jagongan, ana uga kang
ngarani cangkrukan. Sajrone acara jagongan, lumrahe banjur padha imbal wacana. Ana jagong
bayi, jagong manten, jagong boyongan omah, utawa mung waton jagongan/cangkrukan.
Mesthiwae paraga sarta bab kang dirembug saben jagongan beda-beda. Kita, minangka Wong
Jawa nduweni pribadi kang lantip, yen rerembugan kudu bisa empan papan. Ing endi, lan karo
sapa kita rembugan kudu ana bedane. Jagongane wong ing warung kopi, ibu-ibu arisan, bocah
sekolah, bocah kuliahan, para pegawe, para intelek, apa dene politikus, mesthine beda babagan
kang dirembug lan beda panganggone basa. Adhedhasar pamawasmu ngenani gambar ing
dhuwur, pangetrape basa ing saben patemon, pacelathon, janggongan, utawa cangkrukan beda-
beda. Miturut gunane, basa kaperang dadi telung golongan, yaiku:
BASA
ILMU
BASA BASA
IBU BUDAYA
GUNAE
BASA
Katrangan:
Basa Jawa minangka basa ibu (jarwa bebas saka kamus basa Indonesia), jalaran basa Jawa
minangka basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair, awit saka
sesambungan kulawarga utawa masyarakat sakiwa tengene. Lumrahe panganggone basa
ibu kanthi lesan.
Basa Jawa minangka basa ilmu, yaiku basa digunakake kanggo medharake sawenehe
kawruh. Bisa awujud basa lesan lan basa tulis.
Basa Jawa minangka basa budaya, jalaran basa Jawa mujudake salah sijine asil budaya
Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong Jawa apadene wong-wong mancanegara
Sawise ngrampungake soal- soal kasebut, para siswa kudu nglanjutake piwulangan
sabanjure adhedhasar pituduh sajrone UKBM iki
Nah, kepriye? Wis siap nyinaoni materi sabanjure? Ayo, terusake maneh
sinaune !
6
B KEGIATAN INTI
1) Pituduh UKBM
a) Ing UKBM iki siswa bakal ngembangake kabisan pikiran kang luwih gamblang ngenani
karakteristik unggah-ungguh basa lan pangetrapan unggah ungguh basa miturut
lungguhing tatakrama supaya bisa ngrakit teks pacelathon kanthi apik lan nindakake
kegiyatan pacelathon miturut lungguhing tata krama kanthi cara maragakake ing kelas
saengga siswa bisa trampil anggone wicara. Kegiyatan kabisan pikiran kang bakal
ditindakake dening siswa sajrone UKBM iki yaiku nganalisis karakteristik lan
pangetrapan unggah-ungguh basa sarta nulis teks pacelathon kanthi apik miturut
lungguhing tatakrama. Mula saka iku, siswa kudu nyinaoni kanthi sabar lan tekun
saengga siswa bisa mangerteni, gelem lan mampu nindakake kegiyatan kabisan pikiran
kasebut liwat kegiyatan pasinaon iki
c) Garapen UKBM iki ing buku tulis utawa langsung ana ing papan wangsulan. Siswa bisa
nggarap dhewe-dhewe, nanging amrih apike yen digarap kanthi cara kelompok utawa
diskusi supaya bisa trampil anggone komunikasi marang kancane.
d) Siswa bisa sinau kanthi cara mangsuli saben gladhen, saumpama siswa wis yakin lan
mangertenisarta bisa nggarap gladhen 1, 2, lan 3 siswa bisa langsung melu lan nggarap tes
formatif UKBM supaya bisa sinau maneh ing UKBM sabanjure.
2) Kegiayatan Pasinaon
Kegiyatan Sinau 1
Sajrone pasinaon iki para siswa diajak nljentrehake bab unggah-ungguh basa. Kanthi nyemak
tuladha pacelathon para siswa diajab bakal mangerteni karakteristik unggah-ungguh basa.
Unggah – ungguh basa yaiku tata pranataning / tata rakiting basa miturut lungguhing tatakrama,
sopan santun utawa adat istiadat. Unggah-ungguh basa uga bisa diarani undak usuke basa (tingkatane
basa adhedhasar carane ngetrapake). Sawijine pawongan kang arep ngetrapake unggah-ungguh ora
bakal owah saka tata krama. Tata krama awujud solah bawa, tindak tanduk lan partap nalika
sesambungan (komunikasi) marang sapa wae.
Unggah – ungguh 7
Unggah ungguh basa kaperang dadi 2 yaiku basa ngoko lan basa krama kaya kang
njlentrehake ing ngisor iki
Basa ngoko iku basa kang kaprah digunakake ing padinan lan watake rumaket. Yen
tetembungane mung awujud ngoko lugu utawa wantah diarani basa ngoko lugu, menawa
tetembungane kacampuran tembung-tembung krama kagolongake basa ngoko alus. Dene yen
tetembungane mligi krama kagolongake basa krama. Ragam basa krama utawa basa kurmat iku
basa kang nduweni drajad sadhuwure basa ngoko. Basa krama luwih alus lan nduweni surasa
luwih ngajeni. Mula saka iku unggah-ungguh basa dianggo pasrawungan manungsa kang ora owal
saka tingkatan tata krama.
Sadurunge nyinaoni babagan unggah – ungguh basa kudu mangerteni menawa enten kamus kagem
tetembungan basa jawa, tuladhane,
Ing kene bakal dijlentrehake babagan paugeran lan tuladha basa ngoko lan krama. Basa ngoko
kaperang dadi loro yaiku ngoko lugu lan ngoko alus.
1. Ngoko lugu
Ngoko lugu yaiku basa kang wujudte tembungane ngoko kabeh, ora kacampuran basa krama.
Titikane basa ngoko lugu:
a. Tembunge ngoko kabeh
b. Tembung aku, kowe,lan ater-ater da-,ko-,di- lan panambang –ku, -mu, -e, -ake, -ne tetep ora
owah
c. Basa ngoko lugu kuwi kanggone ana ing pasrawungan kang kahanane raket banget, kayata:
a) Pacelathon ing antarane sapadhane.
b) Pacelathon karo wong sing drajate luwih endhek/asor
c) Pacelathon wong tuwa marang bocah
Tuladhane:
1. Mbak Maya, aku mbok diwarahi nggarap etung iki !
2. Akhmad Masrur , mengko gawakna laptopku mrene ya!
3. Dhek kapan olehmu bali saka Surabaya ?
4. Saupama, kelasku sing dadi juara 1 lomba kebersihan SMA Negeri Sidoarjo.
5. PR TIK apa wis kokgarap mau bengi ?
2. Ngoko alus
Ngoko alus yaiku basa kang wujud tetembungan ngoko kacampuran basa krama tumrape wong
kang diajak guneman (wong kaloro) lan wong kang digunem (wong katelu) saperlu kanggo
ngajeni/ngurmati. Kosok baline tumrap awake dhewe nganggo tembung ngoko utawa tembung
krama andhap
Titikan basa ngoko alus yaiku:
a. Tembunge ana sing nggunakake basa ngoko lan ana sing nggunakake basa krama. Tembung
sing kudu di krama inggil/ alus yaiku tembung kriya, perangane awak, lan panganggone
awak. Tembung kriya kang digawe krama inggil iku tembung kriya tumrape wong kang
diajak guneman (wong kaloro) lan wong kang digunem (wong katelu). Tembung kriya
8
tumrape wong kang guneman (wong kapisan) cukup nganggo tembung ngoko utawa
tembung krama andhap
Tuladhane:
1. Bapak tindak menyang Malang nitih sepur.
2. Pak Lurah ora sida rawuh ing kampungku.
3. Bu Dartik mundhut gula rong kilo.
c. Tembung sesulih purusa loro kudu owah dadi basa krama yaiku tembung kowe owah dadi
panjenengan (tumrap wong kang luwih tuwa) utawa sliramu (tumrap wong kang luwih
enom),
Tuladhane :
1. Saiki wis wengi panjenengan kondur sesuk wae!
2. Panjenengan dhahar dhisik yen arep tindak!
3. Nak Eko, sliramu kondur saka kantor jam pira?(luwih enom nanging dikurmati)
3. Krama lugu
Krama lugu yaiku basa kang tembung-tembunge kabeh ngganggo basa krama lan ater-ater sarta
panambange kabeh kudu dikramakake. Ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang
alus marang wong sing diajak guneman.
Panggangone basa krama lugu:
a) Kanggo wong sing lagi tetepungan anyar
b) Kanggo abdi marang bendara
Tuladhane:
1. Kula badhe ningali sandiwara Nyi Roro Kidul
2. Sampeyan menapa purun tumut kula?
3. Udin kalih Rifqi ajeng ningali drama kalih sangu kripik pohung
4. Krama alus
Basa krama alus iku basa kang ngajeni banget. Kadhang ana sing ngarani basa krama
inggil. Kamangka istilah kasebut sejatine keliru. Krama inggil iku sing ana mung tumrap tembung,
yaiku tembung krama inggil. Tembung krama inggil iku tembung kang digunakake kanggo
nginggilake utawa ngajeni wong sing diajak guneman, utawa wong sing digunem. Kosok baline
tembung krama andhap, yaiku tembung kang digunakake kanggo ngandhapake awake dhewe.
Wujude krama alus dumadi saka tembung-tembung krama kecampuran tembung krama
inggil utawa tembung krama andhap, basane luwih alus lan ngajeni banget. Kayadene basa ngoko
andhap, sing nganggo tembung krama inggil yaiku tembung sesulih purusa, tembung kriya
(panindake) lan barang kaluwihane. Yen tumrap awake dhewe ora kena nganggo tembung krama
inggil (ora kena ngramakake awake dhewe), kapara yen ana kudu nganggo tembung krama andhap.
Tembung krama inggil sing digunakake iku tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak guneman.
Kosok baline tembung krama andhap iku kanggo ngandhapake awake dhew
Basa krama alus bisa digunakake kanggo guneman marang sapa wae sing pancen kudu dihur mati.
Tuladha:
9
a. Manawi Ibu badhe dhahar, mangga kula ladosi!
b. Bapak badhe tindak dhateng Jakarta.
c. Punapa Rini sampun panjenengan pundhutaken obat?
PEPELING
Tumrape wong Jawa duwe pakulinan menawa ngajak utawa diajak guneman, awake
dhewe diasorak, dene sing diajak guneman luwih diajeni. Aja pisan pisan ngramakake awake
dhewe. Bab kang kaya mangkono iku kudu digatekake awit menawa ana wong sing krungu lan
ngerti marang unggah-ungguh basa, bisa-bisa awakedhewe diarani ora ngerti tata krama utawa
ora ngerti unggah-ungguh.
Basa ngoko alus lan basa krama alus iku basa sing universal. bisa digunakake guneman dening
sapa bae lan marang sapa bae, amarga wis samesthine marang sapada padhane iku tansah ajen-
ing ajenan.
Gladhen
Sawise siswa mangerteni andharan singkat materi lan tuladhane, coba garapen gladhen ing ngisor iki!
Wacanen tabel perangan tembung manut unggah-ungguh basa (BTP Bahasa Jawa Kelas XII kaca 6).
Adhedhasar tabel kasebut, coba jangkepana tabel ing ngisor iki!
10
mlaku mlampah tindak
arep ajeng badhe
numpak nitih nitih
duwe gadhah kagungan
ngundang nimbali
undang
angsal kepareng/pikantuk
oleh
Sawise nggarap tabel ing ndhuwur, kanggo sarana gladhen, rampungana garapan ing ngisor
iki!
1) Gawea ukara nganggo tembung-tembung ngoko 10 wae!
Wangsulan :
Aku arep mangan sega karo iwak bakar ing restoran sesuk bengi. Kowe arep melu ora?
Aku maca buku biologi saben tangi turu ben aku ngerti materine.
Yuni ndeleng aku mari adus banjur takok, “Kowe adus nganggo sampo apa? Ambune ora enak.
Sawise mulih sekolah pas aku mlaku, aku krungu swara anake tangga nangis amarga njaluk melek
adhike tuku beras menyang Surabaya.
Aku ora duwe buku tulis gawe sinau banjur dikongkon kancaku tuku buku menyang Sidoarjo
numpak montor.
Yen nyekel gelas sing temen, aja kanthi pecah!
Kowe mau apa wis diundang Sari ing omahe?
Kowe opo ndeleng jaketku? Wingi sawise disilih Rita banjur dak gawa mulih nanging saiki aku
lali.
He Bejo, Yen mlaku nganggo mata! Aja ana wong liwat ditabrak wae!
Aja diolehi dolanan wae anake! Mengko yen ora tau sinau, bijine elek ing sekolah.
Wangsulan :
11
Kula dikengken Budhe nyepeng piring nanging Bapak dikengken Budhe nyepeng vas keramik.
Mas Rehan napa gadhah buku matematika? Kula ajeng nyambut.
Bapak ngundang panjenengan tumut ningali Sandiwara Nyi Roro Wetan.
Simbah angsal nedha permen amarga gadhah waja enggal.
Aja nggunem! Mengko mboten ngertos napa materi kang disukani dening Pak Guru.
Simbah ajeng mlampah ngangge tongkat mangke sonten sesampune ngangge kursi roda.
Wangsulan :
Panjenengan wau punapa sampun mundhut ageman ngagem ndherek Romo mirsani Sandiwara
Nyu Roro Wetan?
Panjenengan punapa dados ngasto putranipun tindak dhateng Sidoarjo nitih sepur?
Panjenengan wau tindak mriki kale sinten? Kolowingi Eyang badhe mapag panjenengan nitih bis.
Kolowingi Ibu nembe dugi ten Sidoarjo tumbas ageman kale Mas Rehan.
Punapa panjengan dados dipundhutaken sandal enggal kale Romo kolowingi?
Nuwun sewu, kulo badhe nyuwun pirsa, sekolah putranipun Mas Rehan punika, wonten pundi?
Nuwun sewu, ingkang pundhi nggeh Mas Rehan? Menopo dereng wungu?
Kados pundhi Eyang saged ngasto gendhis kalehdoso satunggal kilo?
Eyang mboten kepareng dhahar sate lan rendang amargi wajanipun gerah.
Eyang kula saben enjang mirsani Sinetron “Tukang Haji Naik Bubur” kalihan ngasta tasbih.
4) Gawea ukara nganggo tembung ngoko kacampur tembung krama alus 10 wae!
Wangsulan :
Panjenengan apa wis kagungan sekolah? kok mau awan aku ndeleng sepedhah motore isih ana ing
omah?
Rina arep menyang pasar, panjenengan ndherek mboten?
Simbah lagi ngagem ageman, entenana dhisik ya!
Mas Rehan wis kepareng nitih sepedhah motor napa dereng, yen dereng aku dak budhal bareng
Rimbi.
Budhe badhe tindak mundhut gula lan beras, kowe arep nitip apa?
Ibu lagi ngasto damel, aja kok rusuhi dhik!
Dhuwite mau wis diasta apa durung ta, Mas Rehan? Aku ora duwe dhuwit loh ing dompet
Panjenengan kok ora wungu Mbak, saiki wis jam pitu lo!
Bapak mengko arep tindak mirasani Sandiwara Nyi Roro Wetan nitih apa?
Aku lan Adhik ditimbali Ibuk arep diutus resik-resik omah lan ngumbah klambi.
Yen siswa wis rampung nggarap analisis tembung manut unggah-ungguh basane
ing ndhuwur, banjur siswa bisa nerusake ing kegiyatan sinau 2
Kegiyatan Sinau 2
Ing dhuwur wis kok sinaoni bab tembung-tembung manut unggah ungguhe basa. Ing kegiyatan
sabanjure bakal dijlentrehake babagan pangganggone basa ngoko lan basa krama sajrone teks , Wacanen
teks pacelathon ing ngisor iki!
12
a. Basa ngoko ana ing lingkungan sekolah
Arimbi : “Bim, kowe mau apa wis grap tugas basa jawa?”
Bima : “Durung ki, ana apa?
Arimbi : “Ndang digarap, soale dikumpulke sok senin lo.”
Bima : “Santai, engo mulih sekolah bakal langsung tak garap, trus tugasmu matematika apa
uwis kok garap?
Arimbu : “Uwis lah, aku yen enek tugas langsung tak garap dadi ora duwe tanggungan.”
Bima : “pancene kowe bocah pinter, yo ora maido....”
sawise maca teks drama ing ndhuwur banjur wacanen maneh teks drama ing ngisor iki kanggo
nemokake beda panganggone basa ngoko lan basa krama
............
Narwan : “Sugeng sonten Pak, badhe Matur sekedhap”.
Pak Agung : “Iya-iya Le, kene pinarak mlebu dhisik”.
Narwan : “Inggih Pak, matur nuwun”.
Pak Agung : “Ana wigati apa?, dene sliramu sore-sore tekan kene”.
Narwan : “Mekaten Pak, kula dipundhawuhi bapak supados matur kaliyan Pak Agung menawi
benjing minggu, jam 07.00 dhusun mriki ngawontenaken kerja bakti sesarengan.
Kanthi mekaten panjenengan umumaken dhateng warga sanesipun”.
Pak Agung : “Apa maneh Le, welinge Bapak”?
Narwan : “Sampun Pak, mekaten kemawon”.
Pak Agung : “Matura bapak, menawi welingane wis dak tampa lan arep daktindakake saiki”.
13
Narwan : “Inggih Pak, matur nuwun sanget. Menawi mekaten sampun cekap anggen kula
sowan matur. Kula nyuwun pamit”.
Pak Agung : “Ya Le, padha-padha. Ngati-ngati ya ana dalan”.
Saka teks drama kasebut bisa di deleng yen panganggone basa iku gumanthung wong sing diajak
ngomong saengga anggone nerapake unggah-ungguh basa kudu digatekna, wong sing diajak ngomong.
Yen wong sing di ajak ngomong iku luwih tuwa lan duwe drajat kang luwih dhuwur, basa sing kudu di
gunakake yaiku basa krama alus. Nanging yen sing ajak ngomong iku padha karo awake dhewe utawa
umure luwih enom mula kudu nggunakake basa ngoko lugu.
Gladhen
Sawise siswa mangerteni tuladhane pangganggone basa sajrone teks drama, coba garapen gladhen
ingngisoriki!
Wacanen teks drama ing ngisor iki banjur golekana ragam basa jawa ngoko lugu lan krama alus sawise
iku tulisen wangsulanmu anak ing ngisor iki!
............
Rudi : Assalamu’alaikum…. (karo nguncalne tas ing kursi)
Bapak &Ibu : Walaikumsalam…. (bingung)
Ibu : Ana apa ta,Rud? Teka kok muring-muring? (nyedhaki Rudi)
Rudi : Mboten napa-napa buk… Kula namung mangkel mawon kaliyan Antok.
Bapak : Wista Rud, cerita wae ora usah sungkan-sungkan.
Rudi : (unjal ambegan) Kula nembe mawon dipun awon-awonaken kaliyan Antok,
Pak. Tirosipun kula niki anak ibu, boten gaul, damelanipun namung sinau
kemawon. Lha menawi dipun awon-awonaken kados mekaten kula nggih lara ati
ta, pak.
Bapak : Oalah…Rud…Rud,ngono wae kok nganti muring-muring, sing wigati iku
ya berprestasi ta? Lha yen kaya mengkono kudune kowe malah seneng!
Ibu : Bener Rud, apa kandhane bapakmu iku. Kudune kowe malah seneng,
coba delengen pialamu sapirang-pirang kae.
Rudi : Dadosipun bapak kaliyan ibu seneng kaliyan prestasi kula?
Bapak : Yajelas ta, Rud. Sapa ta sing ora seneng duwe bocah pinter lan sregep.
Rudi : Pak, Rudi niki mboten natos nyuwun neka-neka dhateng bapak kaliyan ibu,
Nanging wekdal niki Rudi kepengin nyuwun…he… he… (sungkan arep
ngomong).
Bapak : Arep nyuwun apa? Mumpung bapak isih ana ing omah.
Rudi : (mesam-mesem) Kula ajeng nyuwun PS3pak.
Bapak : Rud, yen njalukmu PS3 bapak ora gelem nukokake, PS3 iku larang regane.
Saliyane kuwi, yen kowe bapak tukokake PS3 mengko malah ngganggu
sinaumu. Apa maneh sedhela maneh kowe bakal ujian.
Ibu : Bener iku Rud,saiki kowe konsentrasi ujian wae.Supaya mengko kowe
Bisa lulus kanthi biji kang apik, syukur- syukur dhuwur dhewe sasekolahan.
Bapak : Yen kowe bener-bener bisa dadi lulusan sing dhuwur dhewe sak sekolahan,
Bapak janji bakal nukokake hadiah. Sak senengmu arep nyuwun apa? Sing
Wigati aja PS3…bapak ora seneng.
Rudi : Mboten-mboten…pokoke Rudi tetep pengin PS3, Pak (wiwit muring-muring).
Ibu : Rud,njaluk barang iku sing ana paedahe ngono lho,mengko bakal mesthi
Ditukokake bapakmu.
Bapak : Yen kowe iki njaluke buku, komputer utawa laptop, ngono ya bakal bapak
tukokake. Apa wae sing ana gegayutane karo pendhidhikan bakal bapak
14
tukokake, (meneng sedhela,banjur diterusake),nang ing yen sing kok jaluk iku
dolanan, tur regane larang ya bapak ora gelem.
Rudi : Pokoke kula pengin PS3. Rudi bosen pak, sinau terus (ngalih, mlayu menyang
kamar, banjur keprungu suara lawang dibanting).
Bapak : Kena apaya buk, Rudi kok dadi kaya ngono?
Ibu : Aku ya ora ngerti pak…wong biasane ya ora tau njaluk barang sing neka-
neka.
Bapak : Oya…buk, iki wis jam setengah lima. Bapak ana perlu ing omahe kang
Parmin (pamit ibu, banjur ngalih).
Ibu : Ati-ati, pak! (mlebu omah, nututi Rudi ing kamar)
PAPAN GARAPAN
Ibu : Bener Rud, apa kandhane bapakmu iku. Kudune kowe malah seneng,
coba delengen pialamu sapirang-pirang kae.
Bapak : Yajelas ta, Rud. Sapa ta sing ora seneng duwe bocah pinter lan sregep.
Bapak : Rud, yen njalukmu PS3 bapak ora gelem nukokake, PS3 iku larang regane.
Saliyane kuwi, yen kowe bapak tukokake PS3 mengko malah ngganggu
sinaumu. Apa maneh sedhela maneh kowe bakal ujian.
Ibu : Bener iku Rud,saiki kowe konsentrasi ujian wae.Supaya mengko kowe
Bisa lulus kanthi biji kang apik, syukur- syukur dhuwur dhewe sasekolahan.
Bapak : Yen kowe bener-bener bisa dadi lulusan sing dhuwur dhewe sak sekolahan, Bapak
janji bakal nukokake hadiah. Sing Wigati aja PS3…bapak ora seneng.
Ibu : Rud,njaluk barang iku sing ana paedahe ngono lho,mengko bakal mesthi Ditukokake
bapakmu.
Bapak : Yen kowe iki njaluke buku, komputer utawa laptop, ngono ya bakal bapak
tukokake. Apa wae sing ana gegayutane karo pendhidhikan bakal bapak tukokake,
(meneng sedhela,banjur diterusake),nang ing yen sing kok jaluk iku dolanan, tur regane
larang ya bapak ora gelem.
15
Bapak : Kena apaya buk, Rudi kok dadi kaya ngono?
Ibu : Aku ya ora ngerti pak…wong biasane ya ora tau njaluk barang sing neka-neka.
Bapak : Oya…buk, iki wis jam setengah lima. Bapak ana perlu ing omahe kang Parmin
(pamit ibu, banjur ngalih).
Rudi : Pokoke kula pengin PS3. Rudi bosen pak, sinau terus
Yen siswa wis rampung nggarap analisis teks drama ing ndhuwur, banjur siswa
bisa nerusake ing kegiyatan sinau 3
Kegiyatan Sinau 3
Supaya pasinaon luwih greget, saiki para siswa kaajak makarya bebarengan sajroning klompok.
Garapan kang awujud ngrakit teks pacelathon utawa teks drama lan maragakake teks drama kang wis
16
karakit. Para siswa kaajak ngrakit teks pacelathon kanthi makarya bebarengan ing saben klompok.
Para siswa wis dicepaki ngeng ngrengan adegan kang mujudake alure crita. Kanthi rasa tanggung
jawab andum agawe nulis pacela thone
Dialog ing sajrone drama kudu nggambarake karakter (watak) paraga-paragane. Malahan
paguneman ing drama duweni sipat estetis, tegese nduweni kaendahan basa. supaya penonton bisa
ngrasakake dialek utawa ritem omongan saka para paraga kasebut, awake dhewe kudu gladhen
supaya paguneman bisa nduweni sipat estetis yaiku kanthi olah vokal.
Gladhen
Kanggo gladhenmu babagan nulis lan maragakake teks drama, gawea teks drama kethoprak kanthi
tema cerita rakyat saka keraton jawa banjur pragakna karo klompok mu kanthi becik, bener, lan pener
ing bab tata swara, olah awak, olah rasa lan panganggone unggah ungguh basa !
PAPAN GARAPAN
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
.......................................................................................................................................................................
C. PANUTUB
Sawise siswa sinau kanthi sithik-sithik lan nerusake saka kagiyatan pasinaon 1, 2, lan 3, ing ngisor
iki diwenehi tabel kanggo ngukur siswa dhewe-dhewe miturut materi sing wis disinaoni.
Wangsulana kanthi jujur anggenmu nguwasani materi ing UKBM iki!
17
2. Apa siswa wis bisa mangerteni karakteritik unggah-
ungguh basa?
3. Apa siswa wis bisa mbedakake panganggone basa krama
lan ngoko sajrone pacelathon?
4. Apa siswa wis bisa mragakake teks drama kanthi bener
lan becik?
Menawi wangsulan “BOTEN” ing salah satunggaling pitakonan ing nginggil, banjur sinaunen
malih materi kasebut ing Buku Teks Pelajaran (BTP) lan disinau malih gladhen 1,2 utawa 3 sing
sekirane perlu kok baleni kanthi tunthunan Guru utawa kaca sakelas. Ampun putus asa kangge
mbaleni malih! Lan menawi mangsuli “YA” ing kabeh pitakonan, mangga lajeng sakbanjure.
Mangga diukur awake dhewe menawi sampun nguasai materi jenis, karakteristik lan
panganggone unggah-ungguh basa ing teks drama, ing rentang 0—100, tulisen menyang kotang
sing sampun disediakaken.
Sakbanjure kotulis panguasaanmu dhateng materi jenis, karakteristik lan pangganggone unggah-
ungguh basa ing teks drama, lajeng kegiatan menika kangge mengevaluasi penguasaanmu!.
Yuk Cek Penguasaanmu terhadap Materi Jenis, Karakteristik dan Penggunaan Unggah-
Ungguh Basa dalam Teks Drama!
EVALUASI
Supaya iso dipastekne menawa sampun nguasai materi jenis, karakteristik lan panganggone unggah
– ungguh basa ing teks drama. Mangga garapen gladhen ing ngisor iki kanthi mandhiri ing buku
tulismu dhewe-dhewe!
Soal Pengayaan 1
Menawa hasil sinau sampun KKM (78) lan kalebu kategori B (78-85), mangga dipunkerjakake “Soal
Pengayaan 2” iki supaya tambah gamblang babagan materine.
Soal Pengayaan 2
Soal Remidial
Niki bagian pungkasan saking UKBM materi jenis, karakteristik lan panganggone unggah ungguh
basa ing teks drama, mangga nyuwun tes formatif dhateng Guru, sakderenge sinau lajeng UKBM
saklajenge.
KAPUSTAKAN
Purnomo, Bambang. Dkk. 2015. Sastri Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA/ MAK Kelas XII. Surabaya: Dinas
Pendidikan Provinsi Jawa Timur.
Sukendro, D.P. dan Susanti, T.W. 2014.Wiyata Basa Kanggo SMA/ SMK/ MA Kelas XII. Surabaya:
Penerbit Duta;
Hidayah, Nurul dan Umi Nayirotin. 2015. Sayaga Basa Jawa kanggo SMA/MA Kelas XII. Jakarta:
Penerbit Erlangga;
20
21