Anda di halaman 1dari 7

Luhuring Drajat Gumantung Ilat

1 1. Unggah-ungguh Basa
MATERI PASINAON

2. Ciri-cirine Unggah-ungguh Basa


Isine Pirembugan
4. Nulis Pirembugan
3. Penganggone Unggah-ungguh Basa 5. Maragakake Drama

KOMPETENSI DASAR INDIKATOR

3.1 Mengidentifikasi, memahami, dan 1. Menjelaskan unggah-ungguh basa.


menganalisis penggunaanbahasa 2. Menjelaskan karakteristik unggah-ungguh basa.
lisan dalam berbagai situasi 3. Menjelaskan penggunaan unggah-ungguh basa dalamteks
sesuai tatakrama. drama.
4. Menjelaskan isi teks drama.
4.1 Melakukan simulasi penggunaan 1. Menulis teks percakapan sesuai dengan kaidah.
bahasa daerah dalam berbagai 2. Mendramatisasikan teks percakapan yang telah ditulis.
konteks sesuaidengan tatakrama. 3. Memberikan komentar atau tanggapan tentang
penampilan temannya dalam bermain drama.

1. Siswa dapat menjelaskan jenis-jenis unggah-ungguh basa


2. Siswa mampu mengidentifikasi karakteristik unggah-
ungguh basa
3. Siswa dapat mengaplikasikan penggunaan unggah-ungguh
basa pada teks drama (teks pacelathon).
4. Siswa dapat menjelaskan kembali isi teks drama

TEKS DRAMA
Teks Drama mujudake jinis teks karya sastra sing wujud pirembugan (dhialog) antarane
para paraga drama. Jroning teks drama ditulis anane pituduh laku, gegambaran ngenani
setting (wektu, panggonan, lan swasana ) kang diandharake lumantar pirembugan. Isine
teks drama nggambarake panguripane manungsa kang dituduhake lumantar aktinge
para paraga ing panggung. Jroning nulis teks drama kudu nggatekake anane
manekawarnane unsur kang ana ing sajroning teks drama kayata struktur teks, basa sing
digunakake, isine teks drama, lan tujuwane.
1. Njlentrehake Unggah-Ungguh Basa

Miturut gunane basa kaperang dadi telung golongan, yaiku: basa Jawa minangka basa
ibu, basa Jawa minangka basa ilmu, lan basa Jawa minangka basa budaya.
a. Basa ibu, yaiku basa asli kang digunakake dening para penutur basa wiwit lair, awit saka
sesambungane kulawarga utawa masyarakat sakiwa tengene. Lumrahe panganggone basa ibu
kanthi lisan.
b. Basa ilmu, yaiku basa sing digunakake kanggo medharake saweneh kawruh. Bisa awujud basa
lisan lan basa tulis.
c. Basa budaya, yaiku basa sing minangka dadi prodhuk utawa asile budaya sawijine bangsa.
Sawijine bangsa iku kagambarake saka budayane kang awujud basa (kang dumadi saka
tetembungan, ukara, paragraf, piembugan utawa dhialog, lan sapanunggalane. Basa Jawa
mujudake salah sijine budaya Indonesia kang diakoni adiluhunge dening wong Jawa apa dene
wong-wong manca negara.
Adhedhasar gunane basa kasebut, njalari thukule ragam basa Jawa kang cundhuk karo
tataran utawa undha-usuke sing uga diarani unggah-ungguh basa. Undha-usuk utawa unggah-
ungguh jroning basa Jawa iku bakune mung ana loro yaiku ragam ngoko lan ragam krama.
a. Basa ngoko, iku basa kang lumrah digunakake ing padinan, watake rumaket. Yen
tetembungane kabeh awujud ngoko lugu (wantah) ora kanggo ngurmati wong liya diarani basa
ngoko lugu. Dene menawa tetembungane kacampuran karo tembung-tembung krama inggil
merga kanggo ngajeni utawa ngurmati wong liya diarani basa ngoko alus.
b. Basa krama, iku basa sing tatarane sandhuwure basa ngoko, tujuwane kanggo ngajeni utawa
ngurmati wong liya. Yen tetembungane kabeh awujud krama lugu (wantah) diarani basa
krama lugu. Dene menawa tetembungane kacampuran krama inggil merga kanggo ngurmati
(ngajeni banget) marang wong liya diarani basa krama alus.

Gatekna tuladha ing ngisor iki!

1. Ngoko lugu : Kowe mengko sabubare mangan aja mulih dhisik!


Ngoko alus : Panjenengan mengko sabubare dhahar aja kondur dhisik!
Krama lugu : Sampeyan mangke sasampunipun nedha ampun wangsul rumiyin!
Krama alus : Panjenengan mangke sasampunipun dhahar ampun kondur rumiyin!
2. Ngoko lugu : Sapa wae sing ora duwe dhuwit kudu ngomong marang aku.
Ngoko alus : Sapa wae sing ora kagungan dhuwit kudu paring dhawuh marang aku.
Krama lugu : Sinten kemawon ingkang boten gadhah arta kedah sanjang dhateng kula.
Krama alus : Sinten kemawon ingkang boten kagungan arta kedah paring dhawuh
dhateng kula.

LATIHAN
Titik-titik ing ngisor iki isenana nganggo ukara sing mathuk, gawenen kaya tuladha ing ndhuwur!
1. Ngoko lugu : ....................................................................................................
Ngoko alus : ....................................................................................................
Krama lugu : Punapa leres sampeyan enjing wau lenggah wonten kursi ngajeng?
Krama alus : ....................................................................................................

2. Ngoko lugu : Ketoke wong sing wiwit wingi turu ing ngomahku, mengko wis arep mulih.
Ngoko alus : ....................................................................................................
Krama lugu : ....................................................................................................
Krama alus : ....................................................................................................

3. Ngoko lugu : ....................................................................................................


Ngoko alus : ....................................................................................................
Krama lugu : ....................................................................................................
Krama alus : Sinten kemawon ingkang sampun rawuh kedahipun langsung dipunaturi dhahar.

4. Ngoko lugu : ....................................................................................................


Ngoko alus : ....................................................................................................
Krama lugu : ....................................................................................................
Krama alus : Yen pancen taksih gerah saestu prayoginipun boten sisah kesesa kondur rumiyin.

5. Ngoko lugu : Buku sing ana ing meja kuwi ora ana sing wani nggawa merga wis ana sing
duwe.
Ngoko alus : ....................................................................................................
Krama lugu : ....................................................................................................
Krama alus : ....................................................................................................

2. Ciri-Ciri (Karakteristik) Unggah-Ungguh Basa


Sadurunge njlentrehake ciri-ciri (karakteristik) unggah-ungguh basa, luwih dhisik kudu ngerti apa
sing diarani unggah-ugguh basa.
Sing diarani unggah ungguh basa yaiku mujudake tata pranatan penganggone basa Jawa manut tata
krama (suba sita, sopan santun, lan tatacarane tumindak) sing bener lan trep jroning pasrawungan.
Jroning ngecakake unggah-ungguh basa Jawa wis ana paugeran kang kudu digunakake dening saben
paraga nalikane nindakake pirembugan.
Dene paugeran sing kudu digatekake jroning nggunakake unggah-ungguh basa yaiku:
a. Sapa sing ngomong.
b. Sapa sing diajak ngomong.
c. Apa lan sapa sing diomongake.
d. Apa tujuwane ngomong.
e. Kepriye swasanane (ing ngendi, kapan, lan kepriye kahanane).
Ing jaman saiki unggah-ungguh basa sing isih cocog karo swasana lan kebutuhane
masyarakat sarta dienggo jroning psrawungan ana papat, yaiku: bas ngoko lugu, basa ngoko alus,
basa krama lugu, lan basa krama alus.

Gatekna tabel ing ngisor iki!

UNGGAH-UNGGUH BASA

BASA NGOKO BASA KRAMA

Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama Alus


1. Basa Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu mujudake basa asli, murni, lan apa anane. Tembunge ngoko kabeh ora
kecampuran krama lan krama inggil.
2. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus nuduhake basa kang watake raket banget lan alus sarta ngajeni banget
marang wong sing diajak guneman lan wong sing digunem (dicritakake), jalaran nggunakake
tembung krama inggil tumrape wong sing diajak guneman lan wong sing digunem
(dicritakake). Ater-ater lan panambag ora usah dikramakake.
3. Basa Krama Lugu
Basa krama lugu mujudake basa ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni nanging kurang alus
tumrape wong sing diajak guneman. Tembung-tembunge kabeh krama, ater-ater lan
panambang kabeh kudu dikramakake.
4. Basa Krama Alus
Basa krama alus (krama inggil) mujudake basa ing pasrawungan nuduhake watak ngajeni
banget lan kurmat banget tumrape wong sing diajak guneman. Tembung-tembunge kabeh
krama kecampuran krama inggil (kanggo ngajeni wong sing dikurmati).

3. Penganggone Unggah-Ungguh Basa


Kaya wis diandharake ing ngarep menawa penganggone unggah-ungguh basa iku ditrapake
marang sapa sing diajak rembugan, apa kang dirembug, ing endi, sarta ing kahanan kepriye basa
iku digunakake. Penganggone unggah-ungguh basa jroning saben-saben tataran basa cak-cakane
beda-beda kaya sing diandharake ing ngisor iki.

A. BASA NGOKO LUGU


Penganggone basa ngoko lugu:
1. Digunakake kanggo rembugan marang sapadha-padha kanthi ora nggatekake pangkat lan
drajat (umane bocah marang kanca-kancane).
2. Digunakake dening wong tuwa marang anak, putu, lan bocah cilik utawa wong enom sing wis
kenal.
3. Digunakake dening majikan marang nadhahane, guru marang muride.
4. Digunakake nalikane ngomong ijen (nggremeng, ngudarasa utawa ngunandika).

Tuladhane:
a. “Bud, kowe mengko bengi apa sida ndelok wayang, yen sida aku bareng ya!”
b. “Le ..., Ndhuk ..., mumpung isih rada awan ayo gek ndang adus, yen wis adus mengko gek
ndang padha mangan!”
c. “Ron, kombonge pitik mburi omah kae resikana, yen wis rampung mengko pitik sing neng
kurungan ngarep pindhahen nyang mburi ya!”
d. “Wadhuh ..., dhompetku mau kira-kira apa keri neng jedhing ya. Aku kok jian lali tenan.”

B. BASA NGOKO ALUS


Penganggone basa ngoko alus:
1. Digunakake kanggo rembugan marang sapadha-padha sing statuse padha, nanging kanthi
rasa ngurmati (ngajeni) banget.
2. Digunakake kanggo rembugan marang wong sing drajate luwih dhuwur, nanging wis akrab
banget.
3. Digunakake kanggo rembugan marang wong sing saperangan drajate luwih dhuwur,
nanging saperangan drajate luwih endhek (upamane guru marang muride sing wis dadi
pejabat).
4. Digunakake kanggo ngandhahake (nyritakake) wong liya sing drajate dhuwur lan kudu
diajeni.

Tuladhane:
a. Pak Adi : “Bu Ety, aku arep menyang pasar panjenengan titip apa?”
Bu Ety : “O iya Pak Edy aku titip panjenengan pundhutne pakane lele ya!
b. “Halah, Nak Lurah iki yen ngendikan kok bisa-bisa wae. Putra-putra Panjenengan ke rak
ya wis padha kasil kabeh, ta?”
c. “Hlo nak Hadi iki biyen rak dadi ketua kelas XII MIPA 9 kae ta, aku ora lali. Aku melu
bungah, dene saiki wis kasil. Terus saiki wis kagungan putra pira?”
d. “Aku esuk mau karo Bapak wis diparingi dhuwit limangatus ewu, jalaran Bapak lan
ibuku tindak menyang Surabaya suwene 5 dina.”

C. BASA KRAMA LUGU


Penganggone basa krama lugu:
1. Digunakake kanggo rembugan marang sapadha-padha sing statuse padha (meh padha),
padha dene ngajeni nanging wis kulina lan ora sepira kurmat.
2. Digunakake kanggo rembugan marang wong sing drajate luwih endhek, durung kulina,
senajan wis kulina nanging kepengin ngajeni (ngurmati).

Tuladhane:
a. “Mangga, yen purun sampeyan mendhet piyambak! Saestu, niki panenan kula piyambak
lan boten kula sade, kok. Namung kula sukak-sukane sinten ingkang purun.”
b. “Mbok Kem, sampeyan benjing napa boten sadeyan dhateng peken? Menawi boten

sampeyan pados rencang kalih utawi tiga ngaten lo!”

D. BASA KRAMA ALUS


Penganggone basa ngoko lugu:
1. Digunakake kanggo rembugan marang sapadha-padha sing statuse padha nanging durung
kulina kanthi rasa ngurmati (ngajeni) banget.
2. Digunakake kanggo rembugan marang wong sing drajate luwih dhuwur.
3. Digunakake kanggo ngandhakake (nyritakake) wong sing drajate luwih dhuwur
menawa olehe ngomong nggunakake basa krama.
4. Digunakake kanggo sesorah ing sangarepe wong-wong sing drajate luwih dhuwur.

Tuladhane:
a. Pah Heri : “Bu Siti, panjenengan menapa sampun pirsa dalemipun Pak Hadi?”
Bu Siti : “Dereng Pak, panjenengan mundhut pirsa dhateng Bu Wulan kemawon!”
b. “Pak/Bu, menawi dhangan ing penggalih saha boten wonten ayahan sanes, benjing sonten
Bapak kaliyan Ibu kula aturi rawuh wonten griya kula!”
c. “Saestu, menika kalawau Pak Camat sekaliyan ibu inggih nembe kemawon kondur, wonten
ngriki boten dangu kok, dhawuhipun badhe tindak dhateng Malang.”
d. “Bapak saha ibu ingkang dahat kinurmatan, menawi panjenengan kepengin pirsa piyambak,
mangke dalu kula aturi mirsani dhateng pendahapa kabupaten!”
Ukara-ukara ing ngisor iki unggah-ungguhe isih salah, benerna manut unggah-ungguh basa sing trep!

1. Amargi bapak sampun mendhet kalih, sapunika kula badhe mundhut malih setunggal.
....................................................................................................

2. Panjenengan mangke dalu punapa tantu sowan dhateng dalem kula?


....................................................................................................

3. Kenging menapa panjenengan kalawau kula timbali kok boten mireng?


....................................................................................................

4. Nalikanipun bapak tilem, kula siram wonten ing jedhing wingking.


....................................................................................................

5. Amargi kula dereng kagungan arta, pramila kula dereng saged maringi dhateng panjenengan.
....................................................................................................

6. Buku ingkang dipuncepeng Pak Guru menika kalawau kagungan kula.


....................................................................................................

7. Pak Camat kalawau sampun sanjang menawi piyambakipun mangke badhe tindak dhateng Solo.
....................................................................................................

8. Dipuntepangaken, asma kula Winarti. Dene dalem kula wonten ing Jl. Melati No. 2 Malang.
....................................................................................................

9. Panjenengan mangke dalu nyipeng wonten pundi, menawi kula badhe kondur sakmenika kemawon.
....................................................................................................

10. Sedaya ingkang kula dhawuhaken menika ugi dipunmirengaken dening Pak Lurah.?
....................................................................................................

11. Amargi sakmenika Pakdhe taksih sakit, pramila boten saget sowan dhateng giya panjenengan.
....................................................................................................

12. Yen panjenengan pancen boten saget kendel dhateng dalem kula, kula aturi kengkenan dhik Anis!
....................................................................................................

13. Menawi kula sampun jumeneng wonten ngriki kanthi ngagem sragam, ateges sampun siyaga.
....................................................................................................

14. Pangapunten, nalika panjenengan taken dhateng kula kalawau kula blas boten midhangetaken.
....................................................................................................

15. Kula inggih tansah ndedonga, mugi-mugi eyang kakung anggenipun sakit enggal saras nggih!

....................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai