Anda di halaman 1dari 9

TUGAS BAHASA JAWA

GURU PENDAMPING

WENY ALISTA SARI,S.Pd.

NAMI KELOMPOK :

1.INGE OKTAVIA PUTRI

2.NABILA ALATSYARIYAH

3.VIORENSIA AGNESTANIA

4.WAHYU SETYA NABILLA

5.YOLANDHA OKAPATRICIA

6.ZULFA NABLATUL LATHIFAH

SMK KESEHATAN BRAWIJAYA TULUNGAGUNG

TAHUN PELAJARAN 2021/2022


TUGAS MADHOSI CONTOH UPACARA ADAT TENG LINGKUNGAN
SEKITAR

1. UPACARA PENGANTEN ADAT JAWA

       Upacara penganten adat jawa iku sawijine Upacara sakral adat jawa kang
duwe urut-urutaning upacara lan tata cara kang wis pakem. Upacara
pengantenan iki nglambangake pertemuan antarane penganten putri lan
penganten kakung ing swasana kang mligi lan di lambangake dadi pasangan
raja lan ratu.

       Rangkeyan inti upacara umume diselenggarakake ing daleme penganten


putri, kang dadi penyelenggaraan utawa tuwan omah yaiku wong tuwa utawa
kulawarga penganten putri. Nanging, tetep dibiyantu kulawarga penganten
kakung. Rangkeyan upacara pengantenan adat jawa iku seje – seje miturut
dhaerah uga diselenggarakake salaras kahanan ekonomi sosial kaluwargane.
Rerangkening upacara pengantenan nglimput 16 Upacara, Yaiku :

1.LAMARAN

Upacara lamaran yaiku upacara kanggo nrima kulawarga calon penganten


kakung ing daleme calon penganten putri. Upacara iki dadi tandha menawa
wong tuwa utawa kaluwarga manten putri sarujuk yen putrine di dadekake
pasangan kaleh manten kakung. Ing acara lamaran iki biasane sekalian kanggo
nentokake dino utawa tanggal penyelenggaraane rerangkeyan upacara liyane.

2. SIRAMAN

Acara Siraman yaiku upacara kang sejtine dadi pralambang kanggo ngresekake
jiwane calon penganten. Upacara iki diselenggarakake sedina sadurunge ijab
kabul lan dilakokake ing omah masing – masing calon manten.

3. MIDODARENI
Tembung Midodareni asale saka basa jawa yaiku Widodara utawa Bidadari ing
basa Indonesia. Oleh menika Midodareni yaiku upacara kang ngandhung makna
menawa bengi sadurunge acara pengantenan iku, kabeh widodari mudhun saka
suwarga aweh pangestu uga penganten putri bakal dadi ayu kaya widodari. Ing
acara iki penganten putri ora oleh metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti
tengah wengi lan dikancani dening sadulur – sadulure putrine.

4.SRAH – SRAHAN

Srah-srahan iku diarani  uga “asok tukon” yaiku pehak kakung nyerahkake


ubarampe lan beaya kang bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan.

5. IJAB KABUL

Ijab Kabul yaiku sawijine rerangkening pengantenan kang nuduhake menawa


penganten kakung kuwi ngucapkake janji ing ngendi kuwi didelok karo wong
akeh kanggo saksi menawa nikahipun sampun sah.
6.UPACARA PANGGIH

Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan dilehkake ing
prapatan cedhak omah kang tujuwane kanggo gusir roh jahat. Upacara Panggih
dhewe yaiku tetemune penganten putri lan penganten kakung saperlu
nerusakake upacara balng suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran, timbang, kacar
kucur, dhahar klimah, mertui, lan sungkeman.

7.UPACARA BALANG SURUH

Upacara balang suruh yaiuku upacara kang dadi pralambangan sih katresanan
lan kasetiaan ing antarane penganten kakung lan putri.

8.UPACARA WIJI DADI


Upacara Wiji Dadi yaiku uapacara mingangka penganten kakung ngidak
endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngumbah/ngresiki sikile
penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki uga dadi pralambang
sawijining kepala kulawarga sing tanggung jawab mrig kulawarga

9.PUPUK

Upacara Pupuk yaiku upacara dene ibu penganten putri ngusap-usap


sirah/mustaka mantu kakung lan menehi ngombe minangka tandha eklas nampa
dadi bageane kulawarga.

10. SINDURAN

Upacara Sinduran yaiku Lumampah alon-alon penganten kakung lan penganten


putri kanthi nyampirake kain sindur kang ditarik kalih bapake penganten putri
minangka tandha penganten sakloro wis di tinampa dadi kulawarga.
11.TIMBANG

Upacara Timbang yaiku minangka penganten kakung lan putri lungguh ing
pangkone bapake penganten putri kang dadi pralambangan sih katresnane wong
tuwa marang anak lan mantune saha besan.

12. KACAR-KUCUR

Kacar-kucur yaiku Upacara kang migunakake awujud dhuwit receh, beras, lan
ubarampe liyane kang dikucurake ana pangkone penganten putri minangka
pralambang aweh nafkah.

13.DHAHAR KLIMAH

Dhahar Klimah yaiku upacara kang dilakoni kanti cara penganten kakung lan
penganten putri dhahar dulang dulangan minangka kang dadi pralambang
penganten kakung lan putri bisa urip seneng lan susah kanthi bebarengan.
14.SUNGKEMAN

Sungkeman yaiku Penganten kakung lan penganten putri sungkem nyuwun


pangestu marang wong tuwa.

15. MERTUI

Mertui yaiku upacara kang dilakoni kanthi cara wong tuwane penganten putri
methuk wong tuwane penganten kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak
ing acara resepsi.

16.KENDUREN/RESEPSI

Keduren utawa resepsi yaiku puncake acara pengantenan kang duweni makna
upacara slametan, slamet amarga acarane inti ijab kabul wis sampun
diselenggarakake, lan biyasane ing acara iki pasangan penganten nrima ucapan
slamet saka kerabat, kanca, uaga kabeh sing hadir ing acara pengantenan.

Anda mungkin juga menyukai