Anda di halaman 1dari 4

URUTAN ADICARA TINGKEBAN (MITONI)

Assalamu’alaikum
Kawula Nuwun
Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana. Dhumateng para
rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur
dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan
dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing papan menika kanthi saras saha
boten wonten alangan punapa.

para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,


saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka
pambiwara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah, kirang langkung
mekaten
1. Pambuka
2. Atur pambagyaharja dening pamengku gati
3. Siraman
4. Nglebokake endog pitik kampung neng njero kain calon ibu dening calon bapak
5. Nyampingan
6. Medhot janur
7. Brojolan
8. penutup

para rawuh ingkang minulya,


sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi waosan basmalah
sesarangan. mugi/mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan
gangsar,
boten wonten alangan setunggal punapa.

Menggah adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja dening pamengku gati,
dhumateng ibu tami kawula sumanggakaken.
Maturnuwun dhumateng ibu Tami ingkang sampun paring atur pambagyaharja.

para rawuh ingkang minulya,


Adicara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng ibu Septi minangka tiyang sepuh
saking ibu Dina, kawula sumanggakaken murwakani siraman.

Siraman dipunlaksanaken déning para sesepuh (priyantun ingkang dipunsepuhaken) ingkang cacahipun
pitu, kalebet rama kaliyan ibu saking ibu ingkang nembé ngandhut. Saénipun ingkang nyirami inggih
punika tiyang sepuh ingkang sampun gadhah wayah.
Kaaturaken agunging
panuwun dhumateng bapak saha ibu ingkang sampun katuran adicara siraman.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika nglebokake endhog pitik kampung ning njero
kain calon ibu dening calon bapak.

Sasampunipun upacara siraman, dipunlajengaken upacara nglebetaken tigan ayam kampung wonten ing
kain (sarung) calon sang ibu déning sang garwa saking padharanipun ngantos pecah. Punika minangka
simbol saha nyuwun supados bayi ingkang badhé dipunlairaken saged lair kanthi gampil tanpa alangan
satunggal punapa. Padatanipun, bilih priyantun èstri ingkang nembé ngandhut sapisanan nglairaken kathah
godhanipun. Awit saking punika, prelu ndedonga kaslametan, mliginipun ing wekdal pitung sasi.

para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,


Adicarasalajengipun nun inggih nyampingan.

Salajengipun inggih punika gantos busana kaping pitu dipunrangkepi kain pethak. Kain pethak kala wau
dados dhasaring busana ingkang kaping pisan minangka pralambang bilih bayi ingkang badhé
dipunlairaken inggih suci saha badhé pikantuk rahamat saking Allah.

para rawuh ingkang minulya,


Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika medhot janur dening calon bapak menika
minangka pralambang wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan.

Sasampunipun ingkang calon ibu ngagem kain pethak kaping pitu gantos-gantosan, lajeng dipunadani
adicara medhot lawè ingkang dipunubengaken ing padharanipun calon ibu. Dènè ingkang medhot benang
lawè punika inggih calon bapanipun kanthi ancas supados bayi ing kandhutan samangkè saged lair kanthi
gampil.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang
dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra-putri
saged lair bagus utawi ayu.

Manawi lawè sampun dipunpedhot, mila calon simbah putri saking pihak calon ibu, nggèndhong klapa
gadhing dipunkancani déning ibu bèsan. Nanging sadéréngipun, klapa gadhing kala wau dipunlebataken
wonten ing kain ingkang dipunagem calon ibu saking nginggil liwat padharan dumugi ngandhap, lajeng
dipuntampani déning calon simbah putrinipun. Ancas saking upacara punika inggih supados samangkè
bayi ingkang dipunkandhut saged lair kanthi gampil tanpa rubèda satunggal punapa.

para rawuh ingkang dahat kinabekten,


Adicara ingkang kaping wolu inggih menika mecahake wajan lan gayung.

Sabibaripun upacara siraman punika kalajengaken upacara milih sekul jènè ingkang mapan wonten ing
takiripun ingkang garwa. Lajeng dipunlajengaken upacara dodol dhawet saha rujak. Anggénipun bayar
dodolan nganggè logam ingkang kadamel saking remukan gendhéng (kréwéng) ingkang dipunbentuk
bunder, wujud yatra logam punika. Asilipun dodolan dipunkempalaken lajeng
dipunlebetaken kwali ingkang dipundamel saking lempung. Kwali ingkang sampun dipunisi kaliyan
kréwéng kala wau lajeng dipungepuk wonten ing ngajeng lawang. Upacara punika minangka simbol
supados bayi ingkang dipunlairaken samangkè pikantuk kathah rejeki, saged kanggé nyekapi gesangipun
kulawarganipun saéngga saged ngamal ingkang kathah.

mekaten kala wau adiara mitoni ing dinten menika, kawula minangka pambiwara, mbok
bilih wonten klenta klentuning atur ingkang kirang mranani ing manah panjenengan sedaya,
kawula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama, mekaten atur kawula.

matur nuwun Wassalamu’alaikum wr


wb.

Anda mungkin juga menyukai