Anda di halaman 1dari 2

Pranatacara Adicara Syawalan

Assalamu'alaikum Wr. Wb.


Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Allah ingkang Maha Asih, mugi tansah
kajiwa kasarira dhumateng panjenenganipun para rawuh ingkang minulya.

Para pepundhen, para sesepuh saha para pinisepuh ingkang dahat kinabektenbapak-ibu para
kadang sepuh anem ingkang sinuba ing pakurmatan.

Sumangga kula dherekaken ngonjukaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha
Agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya
dalasan kula, satemah ing kalenggahan menika saged makempal kanthi pinayungan karaharjan,
tebih saking rubeda nir ing sambekala. Amin.

Pranatacara murwani lekasing sedya ingkang menika enggal badhe binuka lampahing
titilaksana acara syawalan nun inggih:
1. Pambuka
2. Waosan kitab suci Al-Qur'an
3. Atur pambagyaharja
4. Pratignya syawalan saking warga
5. Pratignya syawalan saking pengurus
6. Inggih menika panampining pratignya syawalan
7. Inggih menika jawat asta
8. Inggih menika suméné sawetawis
9. Katerangan bab syawalan utawi hikmah syawalan
11. Inggih menika panutup
Mekaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing kalenggahan menika. Minangka
pratandha pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken sesarengan manungku puja
konjuk wonten ngarsa dalem Allah SWT ingkang Maha Agung, miturut agami saha
kapitadosanipun piyambak-piyambak. Sumangga kula dherekaken. Cekap, matur nuwun. (dados
maosaken acara setunggal-setunggal ndugi pranotocoro teng nginggil)

Renaning penggalih, amargi cupeting seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, kula
nyuwun rumentahing agunging pangaksami saking panjenengan sedaya. Wasana sugeng
kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Nuwun, matur nuwun.
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai