Anda di halaman 1dari 1

SESORAH

Bismillahirohmanirohim,Assalamualaikum warrahmatulohi wabarokatuh

Bapak Kepala Desa ingkang dhahat kinurmatan,para tamu undhangan ingkang satuhu kinurmatan
serta para rawuh ingkang pantes sinudarsana,mangga saderengipun adicara kawiwitan kita
sesarenggan ngunjukaken raos Puji Syukur Alhamdulillah dumateng ngarsa dalem Allah SAW,ingkang
sampun paring mapinten-pinten karohmatan,katentreman serta kesarasan dhumateng kita sedaya
saengga dumugi ing titi wanci siang menika kula lan panjenengan sedaya saged kempal nyawiji
wonten ing papan menika. Sholawat serta salam mugi tansah konjuk wonten ngarsa junjungan kita
nabi Agung Muhammad SAW,ingkang tansah antu-antu syafaatipun mangke wonten ing Yaumul
Qiyamah.

Para lenggah Rahimatumullah,gegandhengan wekdal sampun wancinipun adicara badhe kita


wiwiti,pramila langkung rumiyen badhe kula aturaken menggah tata urutan adicara ing dalu menika:

1. Pambuka
2. Atur Pelapuran Saking Bapak Kepala Desa
3. Atur Pelapuran Saking Ketua Pemuda-pemudi
4. Waosan Ayat Suci Al-Qur’an
5. Pangadikan-pangadikan
6. Panutup

Adicara kaping pisan pambuka sumangga adicara manika kabikak kanthi waosan basmalah,matur
suwun
Adicara kaping kalih inggih menika,atur pelapuran saking Bapak Kepala Desa kaliyan ketua Pemuda-
pemudi wekdal saha papan kula samanggaken

Adicara salajengipun inggih penika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an,wekdal saha papan kula
sumanggaaken dhumateng sdherek Taufiq Hidyat.

Taufiq Hidayat sahir ingkang sampun maos ayat suci Al-Qur’an ing sawau.mugi-mugi kita saged
pikantuk ganjaran saking Allah SWT,Allahhumma Amin.

Adicara salajengipun inggih punika Pangadikan-pangadikan ngrebag pengetan Merti Dusun ,wekdal
saha Bapak Kepala Desa kula sumanggaaken.

Adicara alajengipun inggih manika panutup , para rawuh ingkang satuhu kinurmatan mbok bilih
cakep semanten rumiyen atur kula.Menawi wonten atur ingkang kirang mranani ing penggalih
panjenengan sami kula nyuwun lumunturingsih samodra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Warrahmutullahi Wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai