Anda di halaman 1dari 1

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Alhamdulillahirobbil Alamin, Asholatu wassalamu ‘ala sayyidina Muhammadin, waala alihi


washohbihi ajma’in. Qolallahu ta’ala fil Qur’anil Karim. A’udzubillahiminassyaithonirrojim,
bismillahirahmanirrahim, yarfaillahulladzina aamanu minkum walladzina uutul ‘ilma
darojaah. Al ayah, amma ba’du.

Hadrotil kirom, poro alim, poro ulama’ wabil khusus, KH Ahmad Muhsan minongko pendiri
soho pengasuh Yayasan Al-Ihsan
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMP Islam Sultan Agung
Ingkang kinurmatan, Bapak Ibu Dewan Guru soho staff SMP Islam Sultan Agung
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Wali Murid SMP Islam Sultan Agung
Ingkang kinurmatan poro tamu undangan ingkang minulyo

Alhamdulillahirabbil alamin sumangga kita aturaken puji syukur dhumateng ngarsanipun


Gusti Allah Subhanau Wata’ala, ingkang sampun paring rahmat, taufik saha hidayahipun
dhumateng kita sedaya saenggo kita saged rawuh wonten ing adicara pisah kenang kelas 9
SMP Islam Sultan Agung kanthi kawontenan sehat wal afiat, biqoulina Alhamdulillahirobil
Alamin.

Sholawat saha salam mugi tansah katur kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad
Shallallahu Alaihi Wasalam, dumateng keluarga, sahabatipun ugi sedoyo dzuriyahipun.
Mugi-mugi kito sedoyo tansah dipun aku umatipun lan kito sedoyo dipun syafaati kanjeng
Nabi Muhammad Shlallahu alaihi wasalam wonten yaumil kiyamah, Amin.

Wonten adicara menika, kulo ugi sedoyo murid kelas 9 SMP Islam Sultan Agung ngaturaken
panuwun ingkang tanpa kawilang dhumateng poro sedoya guru kula ingkang sampun sudi
nggula wentah kula lan sedoyo murid SMP Islam Sultan Agung. Mboten mungkin kulo soho
poro murid males sedoyo ilmu ingkang sampun panjenengan wulangaken dumateng kito
sedoyo, ananging kulo lan sedoyo murid SMP Islam Sultan Agung namung saget dedungo
dumateng Gusti Allah Subhanahu Wata’ala, mugi poro dewan Guru SMP Islam Sultan
Agung tansah pinaringan kesehatan saenggo ilmu, piwulang-piwulang luhur tansah saget
sumunar madhangaken ati soho alam pikir poro murid sedoyo.

Selajengipun, kulo soho sedoyo poro murid kelas 9 SMP Islam Sultan Agung nyuwun
agungipun pangaksami dhumateng Bapak soho Ibu guru sedoyo, bilih tigang tahun kulo
ngudi ilmu wonten SMP Islam Sultan Agung wonten atur, tindak lampah, utawi nopo
kemawon ingkang ndadosaken mboten maremipun raos wonten manah Bapak soho Ibu
sedoyo. Estu rugi sanget kulo soho poro murid sedoyo, bilih Bapak Ibu guru mboten kerso
paring pangaksami, ingkang dadosaken jalaran mboten manfaat ilmu ingkang sampun kito
trami. Milo saking meniko, kulo soho poro murid, ngaturaken nyuwun agungipun
pangaksami dhumateng Bapak Ibu guru sedoyo.

Ingkang pungkasan, kulo soho sedoyo poro murid kelas 9 SMP Islam Sultan Agung, nyuwun
ikhlasipun dungo saking Bapak Ibu Guru, supados lampah kulo anggenipun nglajengaken
ngudi ilmu wonten tingkatan selajengipun tansah dipun paring kelancaran deneng gusti
Allah Subhanau Wata’ala.

Bapak Ibu Guru soho sedoyo poro tamu undangan. Mekaten atur kulo minongko sesulih
poro murid kelas 9 SMP Islam Sultan Agung. Bilih wonten kalepatan anggenipun kulo
matur, nyuwun sih samudro pangaksami.

Wallahul Muwaffieq ilaa Aqwamithariq


Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai