Anda di halaman 1dari 3

Sesorah Pelepasan Kelas XII

Assalamu’alaikum warahmatullahi wabarakaatuh

Para rawuh ingkang kawula kurmati

Jumenengipun kawula teng ngriki minangka pranatacara ing dalem pelepasan kelas XII SMAN 1
Pasuruan. Saderegipun adicara kawiwitan kepareng kawula ngaturaken tuntuning adicara ing enjing
menika.

1. Pambuka

2. Pangandikan-pangandikan

3. Dudutan lan Panutupan

4. Do’a

Saderengipun adicara menika pambuka dumateng Andini Permata Nur Alifia. Papan lan wekdal
kawula aturaken.

Assalamu’alaikum waramatullahi wabarakatuh

Alhamdulillahirobbil ‘alamiin, was sholatu was salamu ‘alaa asroofiil ambiyaa ii wal mursaliin wa ‘alaa
alihi wa askhaa bihi ajma’iin. Ashadu anlaa ilaha ilallah wah dahu laa sariika lahu. Waa ashadu anna
Muhammadan ‘abduhu warasuuluh. Allahumma shollii ‘alaa Muhammad, wa ‘alaa ali Muhammad,
‘ammaa ba’du.

 Dumateng Bapak Kepala Sekolah menika Bapak ….. ingkang tansah kawula hurmati soho
kawula to’ati.
 Dumateng para Guru-guru kaliyan segenap jajaranipun ingkang kawula hurmati soho
kawula mulyaaken.
 Dumateng Bapak/Ibu Wali Murid SMAN 1 Pasuruan ingkang kawula hurmati soho
kawula hurmati soho kawula mulyaaken.
 Dumateng para siswa lan siswi ingkang kauwula hurmati ingkang berbahagia.

Sepindah monggo kawula soho panjenengan sedoyo sami muji syukur dateng
ngersanipun Allah SWT. Dene punopo keranten rahmat lan hidayah soho inayahipun
kawula soho panjenengan sedoyo saget makempal ing dalem mriki kanthi keadaan
sehat wal afiyat dhohiron wa bathinan.
Ingkang kaping kalih, sholawat soho salamipun Allah SWT. Mugi-mugi tetep katur kunjuk
dumateng junjungan kito, inggih menika kanjeng nabi Muhammad SAW. Keranten
beliaulah satunggal ipun Nabi, lan satunggal ipun Rasul ingkang saget paring syafa’at
dateng kawuloa soho panjenengan sedoyo mbenjang ing dalem dinten kiamat.
Ingkang kaping tigo, kawula wonten mriki selaku perwakilan saking segenap siswa/siswi
SMAN 1 Pasuruan mboten perlu kawula matur katah picantenan. Ananging mung sak
perlu kawula matur pinten-pinten perkawis ing sampun dados kajibah kawula.

Matur suwun kawula aturaken. Adicara ingkang kaping tigo pangandikan-pangandikan dumateng Agam
Ahimsa.

Sepindah, kawula selaku perwakilan siswa/siswi ngaturaken matur sembah nyuwun sangat
wekdal lan kesempatan ingkang sampun dipun paringaken dateng kawula. Langkung-langkung
kesempatan mados ilmu ing ndalem sekolah ingkang saget kawula mulyaaken menika inggih SMAN 1
Pasuruan kanti tigang sasi.

Ingkang kaping kalih, ing ndalem mangsa menika, katah sangat ilmu ingkang pigunani ingkang
sampun kawula peroleh. Ananging kawula soho sedanten rencang-rencang mboten saget mbales
punapa-punapa kejaba dedungo dumateng ngersanipun Allah SWT.

Mugi-mugi sedanten usaha lan upaya para guru-guru ingkang sampun berjasa menika, dipun
catet kaliyan Allah SWT dadosaken amalan sholihah magbullan indallah, Aamiin.

Kawula selaku perwakilan saking siswa lan siswi SMAN 1 Pasuruan nyuwun agungipun
pangapunten mbok menawi ing dalem mangsa mados ilmu wonten mriki. Wonten pinten-pinten
kalepatan, sami ugi niku kalepatan ingkang dipun sengaji utawi mboten sengaji. Kawula atas name
perwakilan para siswa lan siswi sak estu panyuwun agungipun pangapunten sak katah-katahipun.
Kawula akhiri Wassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Lajengaken pungkasan lan panutupan dumateng Aditya Maulana Solikin.

Pingkasanipun ing dalem acara pelepasan kelas XII SMAN 1 Pasuruan menika monggo kawula
soho panjenengan sedoyo ugi para siswa/siswi ingkang badhe dipun wisuda. Dedungo sareng-sareng
dhateng Allah SWT mugi-mugi sedoyo siswa/siswi SMAN 1 Pasuruan saget dados tiyang ingkang
bermanfaat kangge keluarga, masyarakat, lan negaranipun, Aamiin.

Cekap semanten anggenipun kawla aturaken. Kirang langkunge kawula nyuwun agungipun
pangapunten sak katah-katahipun, saking kawula pribadi kawula akhiri Wassalamu’alaikum
warahmatullahi wabarakaatuh.

Alhamdulillah… pungkasanipun acara pelepasan kelas XII SMAN 1 Pasuruan dedungo dumateng Alifillahi
R.A.A.

Kawula pranacara akhiri, mbok bilih wonten kalepataning atur kawula, kawula tansah nyuwun agunging
pangapunten.
Billahit taufiq wal hidayah, waridho wal inayah. Tsummassalamu’alaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

Anda mungkin juga menyukai