Anda di halaman 1dari 1

SESORAH/ PIDATO BAHASA JAWA UNTUK UJIAN PRAKTIK

TEMA : PERPISAHAN KELAS VI

Assalamu’alaikum warohmatullohi wabarokaatuh

Ingkang kulo hormati Bapak Kepala Sekolah SD Negeri Pabuaran,


Ingkang kulo hormati Bapak lan Ibu Guru, karyawan lan sedoyo ingkang rawuh,
Ugi dumateng rencang sedoyo ingkang kulo tresnani.

Monggo kito sedoyo ngaturaken puji syukur dhumateng Allah SWT, ingkang sampun
maringaken sedoyo nikmat lan kesehatan dateng kito sedoyo, dumugi sakmeniko kito
sedoyo saged dateng wonten ing adicara perpisahan kelas VI SD Negeri Pabuaran.

Sholawat soho salam mugio kahatur dumateng Nabi Agung Muhammad SAW, mugio kito
sedoyo pinaringan syafaat saking Nabi Muhammad mbenjang ing dinten kiyamat. Aamiin
ya robbal alamiin.

Poro rawuh ingkang kulo hormati,


Kulo minongko wakil kelas enem, ngaturaken agungipun panuwun,dumateng bapak lan
ibu guru ingkang sampun paring ilmu lan kapinteran kanti sabar lan telaten ndidik utawi
nggulawentah sedoyo siswo, khususipun siswo kelas VI pramilo saget ngrampungaken
pendidikan ngangsu kawruh teng SD Negeri Pabuaran ngantos lulus menika kanti hasil
ingkang sae.

Mboten wonten ingkang saged kito paringaken kangge mbales imbalan Bapak lan Ibu
guru, Namung do’a ingkang tulus mugi-mugi Gusti Allah tansah maringaken kesehatan,
keberkahan dan kabagyan kangge Bapak lan Ibu guru sedoyo.

Bapak lan Ibu guru ingkang kulo tresnani,


Kulo kaliyan rencang-rencang nyuwun pangapunten ingkang katah menawi tumindak lan
tingkah laku kito sedoyo nyinggung penggalih bapak lan ibu guru. Pramilo, kulo sak
rencang-rencang nyuwun agunging Samudra pangampunten.

Salajengipun, kula nyuwun doa restu bapak lan ibu guru, lan para tamu ingkang rawuh
ing acara perpisahan meniko, mugi-mugi saged lanjutaken sekolah SMP supadoso mujud
aken cita-cita ingkang luhur.

Minangka pungkasaning atur, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani
penggalih sedoyo poro rawuh, kulo nyuwun agunging pangapunten. Matur Nuwun.

Wassalamu’alaikum warohmatullohi wabarokatuh

Anda mungkin juga menyukai