Anda di halaman 1dari 2

Mangsuli pitakonan kang gegayutan karo isining tembang!

Tuladha:

Pitakonan: Apa irah-irahan tembang dolanan iku?


Ngoko: irah-irahane tembang dolanan iku “Gugur Gunung”.
Krama : Irah-irahanipun tembang dolanan punika “Gugur Gunung”.

1. Pitakonan: Sapa sing diundang?


Ngoko : Sing diundang kanca-kanca
Krama: Ingkang dipun aturi inggih punika rencang-rencang
2. Pitakonan: Wong sing diundang iku arep diajak ngapa?

Ngoko : Wong sing diundang arep diajak ngayahi karyaning praja


Krama: Tiyang ingkang dipun aturi badhe sami kerjabakti
3. Pitakonan: Anggone nandangi pagawean iku dhewe-dhewe apa bebarengan?

Ngoko : Anggone nandangi pagawean iku bebarengan


Krama: Anggene nglampahi pakaryan kanthi sesarengan
4. Pitakonan: Gugur gunung iku apa?

Ngoko :Gugur gunung iku tembang kerjabakti


Krama: Gugur gunung punika tembang kerjabakti
5. Pitakonan: Kepriye carane mindhah/ngangkat barang?

Ngoko :Carane mindah barang diulung-ulungake


Krama: Caranipun minda hbarang kanthi dipun ulungaken.
6. Pitakonan: Apa paedahe gugur gunung?

Ngoko : Paedahe gugur gunung pagawean enggal rampung lan sayuk rukun
Krama: Mangfangatipun gugur gunung pakaryan enggal purna lan sami rukun.
7. Pitakonan: Majune pira-pira?

Ngoko : Majune papat-papat


Krama: Majengipun sekawan mbaka sekawan
8. Pitakonan: Kepriye swasanane sing pada nyambut gawe?

Ngoko : suwasanane sayuk rukun.


Krama: suwasananipun rukun
9. Pitakonan: Kepriye carane ngabani?

Ngoko : Carane ngabani siji, loro, telu papat, maju papat-papat.


Krama: Caranipun ndawuhi setunggal, kalh, tiga sekawan majeng sekawan mbaka sekawan.
10. Pitakonan:Ngapa nyambut gawe bebarengan iku kudu tumata kanthi apik kaya kuntul baris?
Ngoko : Supaya pagawean cepet rampung.
Krama: Supados pakaryanipun enggal purna.

Anda mungkin juga menyukai