Anda di halaman 1dari 3

Assalamu'alaikum wr.

wb

Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah ugi Bapak - Ibu Guru ingkang satuhu luhuring
budi lan rencang - rencang kelas 6 ingkang kula tresnani.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang
sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko
kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.

Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 6 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-
agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco
dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun enem warsa.

Mboten keraos kolo lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing
pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun
agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing enem warso ngangsu
kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan
ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso
ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo
nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. Wb
Assalamu'alaikum wr. wb

Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi
sedoyo ingkang wonten dateng mriki sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi
kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan
ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken
pawiyatan menika.

Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo
nyuwun agenging pangapunten.

Wasslamu'alaikum wr. wb
Assalamualaikum wr wb,

Sugeng siyang, saha Salam sejahtera katur dhateng kita sedaya

Bapak Kepala saha Bapak/Ibu guru SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Bapak/Ibu Pengurus Komite SD Negeri Bawen 04 ingkang kinurmatan

Bapak/Ibu Wali Murid kelas VI ingkang kinurmatan

Bapak/Ibu tamu undhangan ingkang kinurmatan

Saha rencang-rencang ingkang kula tresnani

Purwakaning atur, sumangga kula tansah ngaturaken puja dalah puji syukur dhateng Allah,
Gusti Ingkang Maha Asih. Awit sih nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal
wonten Aula SD Negeri Bawen 04 kanthi becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda
setunggal punapa.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas enem badhe matur, ingkang
kapisan: kula sarencang kelas enem ngaturaken panuwun dhateng Bapak/Ibu Guru ingkang
sampun paring ilmu, kapinteran, saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten
ingkang dangunipun 6 warsa.

Ingkang kaping kalih, kula sarencang nglenggana kathah lepat ing tindak tanduk, tata krama,
tata basa saha suba sita ingkang mboten mranani manah Bapak/Ibu Guru. Pramila ing
kalodhangan siyang punika kula nyuwun agunging samodra pangapunten.

Kaping tiga, kula sarencang sampun purna ngadepi gladhen Ujian Sekolah ngantos kasil
lulus, kepareng kula nyuwun pamit saha donga pangestu Bapak/Ibu guru supados kula
sarencang saget nglajengaken pawiyatan dhateng SMP, ing tembe saget mujudaken
gegayuhan ingkang luhur.

Bapak/Ibu Guru ingkang kinurmatan, sandyan kula sarencang sampun purna pawiyatan
wonten ing SD Negeri Bawen 04, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha
kaluhuran SD Negeri Bawen 04. Kula sarencang ugi ndonga mugi-mugi adhik-adhik kelas I
ngantos kelas V saget mituhu, gemi lan setiti angenipun sinau ing panyuwunan mugi
kaparingan berkah kepinteran saha prestasi ingkang sae saking Allah, Gusti Ingkang Maha
Wasis.

Wasana cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani
penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten. Nuwun.

Wassalamualaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai