Anda di halaman 1dari 2

Rerepen Sungkeman Manten

45 Tuladha Rerepen Dhandhanggula Kangge Nyarengi Upacara Sungkem

1. Rama ibu kang luhuring budi

Ingkang hangukirjiwa lan raga

Kang agung pangurbanane

Paring pituduh luhur

Rina wengi tansah hangesthi

Mrih rahayuning putra

Lulus kang ginayuh

Sadaya ribet rubeda

Linambaran kanthi sabaring penggalih

Tuhu pantes sinembah.

2. Kadya sinendhal rasaning ati

Panyungkeme kang putra sajuga

Tumetes deres waspane

Tan kawawa jroning kalbu

Ngondhok-ondhok rasaning galih

Alon ngandikanira

Dhuh angger putraku

Sun tampa panyungkemira

Muga-muga antuk barkahing Hyang Widi

Nggonira jejodhohan.
3. Piwelingku aja nganti lali

Anggonira mbangun bale wisma

Runtut atut sakarone

Adohna tukar padu

Tansah eling sabarang ati

Kuwat nampa panandhang

Tan gampang amutung

Dadiya tepa tuladha

Uripira migunani mring sesami

Hayu - hayu pinanggya.

Anda mungkin juga menyukai