Anda di halaman 1dari 2

Eling-eling siro menungso

Elingono anggonmu sholat ngaji

Mumpung durung katekanan

Malaikat juru pati

Panggilane kangmoho kwoso

Gelem ora gelem bakal digowo

Disalini sandangan putih

Yen wes budal ora biso muleh

Tumpaane kereto jowo

Rodone papat rupo menungso

Jujugane omah guwo

Tanpo bantal tanpo keloso

Omahe ora ono lawange

Turu ijen ora ono kancane

Ditutupi anjang-anjang

Diurugi disiram kembang

Tonggo tonggone podo nyambang

Tangise koyo wong nembang

Yen sholat ngajine arang-arang

Iku pertondo imane kurang


SABEN MALAM JUM’AT

Sholi wasalimda iman 'alahmada

Sholi wasalimda iman 'alahmada

Wal 'ali wal ash'hab

Fi man qodwahada

Wal 'ali wal ash'hab

Fi man qodwahada

Saben malem jumat ahli kubur mulih nang umah

Kanggo njaluk dungo wacan quran najan sak kalimat

Lamun ora dikrimi banjur bali mbrebes mili

Bali nang kuburan mangku tangan tetangisan

Kebacut temenan ngger anak turunku

Kowe ora wirang podo mangan tinggalanku

Lamun aku biso bali neng alam ndunyo

Bakal tak ringkesi donyoku seng iseh ono

Sholi wasalimda iman 'alahmada

Sholi wasalimda iman 'alahmada

Wal 'ali wal ash'hab

Fi man qodwahada

Wal 'ali wal ash'hab

Fi man qodwahada

Anda mungkin juga menyukai