Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

 Hadratal mukarrom poro Alim Ulama, wabil khusus panjenenganipun Romo KH.
Abdul Jabar ingkang satuhu dahat kinurmatan.
 Bapak Kepala Madrasah dewan guru soho karyawan MTs I'anatut Thullab ingkang
satuhu kinurmatan.
 Panjenenganipun poro pepunden, pinisepuh lan sesepuh ingkang pantes pinundi,
ingkang sinubho ing pangkurmatan.
 Poro sujononing budi poro pangembateng projo satriyoning negari bopo kades
ingkang kawulo dereaken punopo ingkang dados aturan pemerintahanipun ingkang
kito hurmati
 Poro pilenggah kakung sumawono putri, kadang wredho muhdo ingkang bagyo
mulyo.

Keparengo sawitawis kawulo mambeng nggempil kamerdikan panjenengan sami,


mboten ateges kawulo cumantoko cumantono, anggadek wonten ngarso
panjenengan sami, anamung ingkang amangku gathi, kawulo piniji pambiworo,
wontenipun pawiwahan " wisudo Purno MTs I'anatut Thullab Lebengjumuk
"Anamung sak derengipun ngaturaken urut roncening toto adicoro ingkang sampun
karakit dening poro Kulo wongso, cundhuk kaliyan toto larasipun bongso ingkang
linambarang agungin agami, nun inggih sumonggo kulo dhereaken ngaturaken puja
lan puji syukur dhumateng Allah SWT, Awit saking rahmat soho hidayahipun ingkang
sampun lumeber, kaparingaken dhateng panjenengan sami dalasan kawulo.

Sholawat soho salam mugiyo tansah katur kunjhuk dhumateng junjungan kito, nabi
Agung Muhammad SAW, ingkang tansah kitho jadhang lumunturing syafaat.
Wondene toto adichoro ingkang badhe kalampah wonten ing puniko nun inggih :
1. Pembukho
2. Waosan kitab pusoko agung Alqur’an
3. Waosan sholawat nabi kalajengaken Menyanyikan Lagu Indonesia Raya
4. Tahlil umum
5. Sambutan yayasan I'ANATUT THULLAB
6. Sambutan Kantor Kementerian Agama kab. Grobogan
7. Sambutan Kepala Desa Lebengjumuk
8. Prosesi Wisuda Purna
9. Mauidzoh Hasanah
10. Penutup.

 Kanthi lilaning penggalih, sumonggo kulo dereaken adichoro ingkang binukho, kanthi
waosan suratul fatihah ing pangajad, mughiyo lampahing adicara pawiwahan awit
purwo dumugining wusono tansah pinaringan rahayu tebih nir ing sambikolo,
َ‫ الفَا ِت َحة‬،ٍ‫صا ِل َحة‬ ِ ‫َعلَى َه ِذ ِه‬
َ ‫الن َي ِة َو ُك ِل نِيَّ ٍة‬
 Dumawah adicara ingkang angka kalih nun inggih waosan kitab pusoko agung Al-
Qur’an, ingkang badhe kaaturaken dening Rivalina nur annisa putri Kelas 8a. Wekdal
kasumanggaaken...

(Qori' Membaca...)
Kanthi waosan kolowau mughiyo tansah lumeber barokah lan manfaat, khususipun
dumateng Qori’, sumrambah dumateng kawula, dalah panjenengan sami.

 Kalajengaken adicara ingkang ongko tigo, nun inggih tahlil umum ingkang bade
kapimpin sederek Moh. Ali Muttaqin kelas 9a... Wekdal kasumanggaaken

 Adicoro ingkang ongko sekawan, nun inggih Waosan sholawat nabi kalajengaken
Menyanyikan Lagu Indonesia Raya. Ingkang Bade kapimpin Sederek Fathika Alya.
Wekdal kasumanggaaken...

 Adicoro ingkang ongko gangsal, nun inggih Sambutan yayasan i'anatut thullab
badhe kaaturaken bopo solikin ahmad Mustajib wekdal kasumanggaaken

 Adicoro ingkang ongko enem, nun inggih Sambutan Kantor Kementerian Agama
kab. Grobogan....................................................... Wekdal kasumanggaaken

 Adicoro ingkang ongko pitu, nun inggih Sambutan Kepala Desa Lebengjumuk,
ingkang bade kasampeakenn deneng Bpk. Bambang Suhadi, Wekdal
kasumanggaaken...

 Adicoro ingkang ongko wolu, nun inggih prosesi wisuda purna.

 Dumawah adicaro ingkang ongko songo, nun inggih mauidhoh khasanah ingkang
bade kasalerani panjenenganipon Bpak KH. Abdul jabbar. Wekdal
kasumanggaaken...

Kanthi purnaning sedoyo acoro, adicoro wisudo purno kelas 9 MTs I'anatut Thullab
Tahun 2019 sampun dumugining wusono, tansah pinaringan rahayu, slamet widodo
nir ing sambikolo, saking kawulo ingkang piniji pambiwara toto adicara, menawi
wonten kekirangan saha kekhilafan ingkang mboten nuju prono mungguhipun sastro,
boso tuwin subosito, awit purwo dumugining madyo, dalah nyuwung agunging
samudro pangraksami.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai