Anda di halaman 1dari 1

Hadrotal muhtaromin poro alim ulama’ khususipun dumateng panjenenganipun romo KH Ahmad

Masyhudi Kastam selaku ketua yayasan pendidikan manbail futuh .

Ingkang kinormatan poro rawuh tamu undangan kakung sumawono putri

Ikhwan soho Ikhwanita ingkang tansah kulo trisnani.

Monggo kito sedoyo sami nglahiraken raos syukur dumateng Alloh SWT ingkang sampun paring pinten
pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo sehinggo ngantos siang puniko kito sedoyo saget kempal
wonten meniko majlis sakperlu nderek khurmat acara haflatul muwada’ah TPA Manbail Futuh.

Sholawat soho salam kauunju’aken dumateng penjenenganipun Rosululloh SAW.ingkang sampun


nedahaken kito dateng daalan ingkang leres.

Hadirin poro tamu undangan inkang kinurmatan.

Wonten setunggalipun hadits Rosulullah SAW sampun dawuh :

Ingkang artosipun : sae-saenipun tiyang inggih puniko tiyang ingkang purun belajar al qur’an soho mucal
al qur’an.

Saking hadis kasebat saget kito fahami bilih belajar soho ngajaraken al qur’an meniko sanget penting
soho utami,pramilo saking puniko monggo kito sami-sami ningkataken keaktifan kegiatan belajar
mengajar .ampun ngantos kito anggadahi anggapan bilih belajar wonten TPA meniko sekedar
sampingan,panemu kados meniko estu-estu lepat,keranten belajar Al qutr’an meniko hukumipun
wajib,ingkang kedah dipun lampahi dateng sedoyo tiyang Islam

Anda mungkin juga menyukai