Anda di halaman 1dari 2

Asalammualaikum Wr.

Wb

Ingkang kinakbaten panjenengan ipun ustadz sarjiyo,


Ingkang kinakbeten panjenenganipun Kepala desa Gabug bapak selamet
Ingkang kinakbaten Takmir Masjid Al-mutaali Gabug,Giricahyo,purwosari.

Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Desa Gabug inggih menika sadherek Putra,
saha para bapak ibu para rawuh Rokhimatullah, langkung rumiyin mangga kita
panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun pinten-pinten kenikmatan,
sahingga wonten dalu menika kita saget makempal wonten ing masjid Al-mutaali
Gabug mriki kangge mangeti pangosan, kanti saget makepal wonten ing Masjid-Al-
mutaali gabug mriki kangge mengeti pengaosan, kanti wilujeng mboten wonten
halangan setunggal penapa.

Sholawat sarta salam mugi-mugi kunjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW, ingkang
mbeta umatipun sangking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kita
raosaken samenika, saha ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing Yaumil
Qiyamah Amin.

Wonten mriki kawula kajibah minangka prantara hadicara, badhe maosaken


reroncening acara wonten dalu punika:

Adicara kaping satunggal inggih punika: Pembuka


Adicara kaping kalih inggih punika : Wosan ayat-ayat suci Al-Quran
Adicara kaping tiga inggih punika: pambagyaharja
Adicara kaping sekawan inggih punika: Tausiyah (adicara inti)
Adicara kaping gangsal inggih punika: Penutup

Adicara kaping setunggal inggih punika pambuka.


Mangga acara wonteng ing dalu punika kita bikak kanthi wosan basmallah
sesarengan.

Adicara kaping kalih inggih punika waosan ayat-ayat suci ingkang dipunwaos dening
adek zainaZainal efendi, wekdal saha panggenan kula sumangakaken.

Adicara kaping tiga ingih punika pambagyaharja:

pambagyaharja ingkang kaping setunggal inggih menika saking ketua Remaja Islam
Desa Gabug, dhumateng panjenengaipun sadherek Putra, wekdal saha panggenan
kula sumanggakaken.

Pambagyaharja ingkang kaping kalih inggih menika saking Ibu Kepala Desa Gabug,
dhumateng panjenenganipun bapak selamet, wekdal saha panggenan kula
sumanggakaken.
Pambagyaharja ingkang kaping tiga inggih menika saking Takmir Masjid Al-mytutaali
gabug, dhumateng panjenganipun Bapak supriyanto, wedal saha panggenan kula
sumangakaken.

Adicara kaping sekawan inggih menika tausyiah dipunlajengaken doa dhumateng


panjenganipun ustadz sarjiyo, wekdal saha panggenan kula sumangakaken.

Adicara kaping punkasan inggih punika penutup, mangga acara pengaosan wonten
ing dalu punika kita tutup kanthi waosan hamdalah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur ingkang kirang mranani dhumateng
penggalih panjenengan sedaya kulo nyuwun agunging pangamputen.

Wasalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai