Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum Wr.

Wb
Dumateng panjenenganipun Bapak ____________ selaku mubaliq ingkang pantes
sinudarsono. Dhumateng panjenenganipun bapak Dukuh ______ ingkang pantes
kinurmatan, panjenenganipun bapak ibu tamu undangan , hadirin wal hadirat ingkang
dipun paringi rahmar kaliyan Allah SWT, sarto sedherek-sedherek ingkang satuhu
bagyo mulya.
Hadirin wal hadirat ingkang minulya.
Ingkang sepindhah, kaparenga rumiyin kita panjataken raos syukur dalah puji kita
dhumateng Allah SWT ingkang sampun aparing mapinten-pinten barokah sarta
rahmatipun, ingkang arupi kesempatan dalah kesehatan, sahinggo wonten ing ndalu
punika kita taksih saged makempal wonten halaman masjid _________ punika saperlu
tolabul’ilmi wonten peringatan Nuzulul Qur’an ing ndalu punika kanthi winantu
karaharjan tebih ing sambikala.
Sholawat dalah salam mugi tansah kunjuk dhumateng junjungan kita nabi Agung,
nabi akhirul zaman, Muhammad SAW ingkang kita antu antu syafa’atipun benjing
wonten ing dinten kiamat. Amin.
Sakderengipun peringatan Nuzulul Qur’an menika kawiwitan, ing mriki kauala
kajibah dados pranata adicara badhe ngaturaken rut reruncening adicara Nuzulul
Qur’an ingkang badhe lumampah ing ndalu punika, inggih punika :
Acara ingkang sepindhah inggih punika pambika ingkang dipun pimpin pranata
adicara.
Acara ingkang kaping kalih inggih punika gema wahyu ilahi
Acara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan-sambutan, dene sambutan
kaping kaping setunggal inggih punika saking ketua panitia utawi ingkang mewakili,
sambutan kaping kalih saking Bp Ta’mir Masjid ____, sambutan kaping tiga saking Bp
Dukuh ______-.
Kalajeng acara ingkang kaping sekawan inggih punika acara inti pengaosan
Nuzulul Qur’an ingkang samangke badhe kasarirani panjenenganipun Bp _______
kalajeng do’a panutup.
Acara kaping gangsal inggih punika panutup.
Mekaten kalawau rutreruncening acara pengaosan ing ndalu punika.
Bapak ibu jama’ah pengaosan Nuzulul Qur’an
Gegandengan wekdal sampun langkung ndalu, pramila acara badhe kawiwitan.
1. Kalebet acara ingkang sepindhah inggih menika pambika. Sumangga kita bikak
acara pengaosan ing ndalu punika kanthi waosan basmalah sesarengan.
Bismillahirahmanirrahim
Mugi kanthi waosan basmalah kala wau kita tansah keparing perlindungan
saking Allah SWT. Aamiin.
2. Acara ingkang kaping kalih inggih punika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an
ingkang badhe dipun sarirani dening sedherek____________________ selaku
gema wahyu ilahi, kaliyan sedherek ___________________ selaku sari
tilawah.
Dumateng sederek ingkang kapatah, kaula sumanggakaken.
Shodaqoullhul’adzim
Mekaten kalawau menggah waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, mugi pikantuk
ridha lan pahala saking Allah SWT.
3. Menggah acara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan-sambutan.
- Sambutan ingkang kaping satunggal saking ketua panitia penyelenggara
utawi ingkang mewakili. Dumateng sedherek ……………………selaku ketua
panitia kita sumanggaaken.
Sakmenika kalawau sambutan saking panitia.
- Lajeng sambutan kaping kalih inggih punika saking Ta’mir masjid _______.
Dhumateng Bp ________ dipun Aturi.
Sakmenika kalawau sambutan saking takmir masjid.
- Kita lajengaken sambutan kaping tiga inggih punika sambutan saking Bp
Dukuh. Dhumateng Bp ___________ kita aturi.
Sakmenika kalawau sambutan saking Dukuh ________. Matursuwun bp
_______.
4. Dumugi titi laksana ingkang kaping sekawan inggih punika acara inti
pengaosan.
Mugi mugi punopo ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun Bp
mubaliq samangke saged kita pundhut hikmahipun.
Dhumateng panjenenganipun Bp ____________ kita sumanggakaken.
5. Minggah acara ingkang pungkasan inggih punika acara panutup. Sumangga
kita tutup acara pengaosan ing ndalu punika kanthi waosan hamdalah
sesarengan.
Alhamdulillahirabil’alamin.
Mbok bilih kawula selaku pranata adicara kathah kekirangan kawula nyuwun
pangapunten.

Bilahi taufik wal hidayah


Wassalamu’alaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai