Anda di halaman 1dari 3

Assalamu'alaikum Wr.

Wb

Khadorotal Muhtaromin, walmukarromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro

sepuh pini sepuh, poro haji lan hajjah, poro ustadz lan ustadzah ingkang kawulo hormati.

Wabil khusus dumateng panjenenganipun Al-mukarromah Nyai Citasasmi Sanichal Aulia saking

Kalisalam Kalibagor ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo- tenggo punopo ingkang dados

fatwa, soho nasihatipun.

Dumateng Panjenenganipun Al-mukarrom Romo Kyai Ali mu'min Al-Fadjar lan sakeluarginipun

ingkang kito mulyaaken ugi, lan kito tenggo-tenggo punopo ingkang fatwa, barokah lan

nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Ibu Ketua Muslimat Nu Desa Kalibagor Ingkang kawulo hormati

Dumateng Panjenenganipun Ibu Kepala Desa Kalibagor ingkang kawulo hormati

Dumateng sedoyo adek-adek fatayat ingkang kawulo tresnani

Dumateng poro hadirin hadirot tamu undangan ingkang kawulo hormati ugi lan ingkang kawulo

tresnani.

Sepindah monggo kito sareng-sareng tansah ngucapaken raos syukur dumateng Alloh

SWT, ingkang sampun maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito sedoyo, salah

satunggalipun inggih puniko nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget rawuh

bermuwajjahah bilwujuh, bersilaturahmi ing ndalem kegiatan Pengajian Muslimat NU desa

Kalibagor, ingkang mboten wonten alangan satunggal punopo, kanti ngucap Alhamdulillah...

Kaping kalihipun, sholawat soho salam mugio katur dening Nabi Agung Muhammad

SAW, mugi-mugi kanti kito ngerawuhi acara meniko saget dadosaken kito umat ingkang angsal

syafangat benjang ing dinten kiyamat. Amin ya Robbal' alamin.

Hadirin-Hadirot Rohimakumulloh,

Sakderengipun acoro kito bukak, kawulo minangkani pronotoacoro bade maosaken acara-

acara ingkang bade kelampahanipun meniko:

 Acara ingkang sepindah, inggih meniko Pembukaan

 Acara ingkang kaping 2, inggih meniko Tahlil


 Acara Ingkang kaping 3, inggih meniko Mars Muslimat

 Acara Ingkang kaping 4, inggih meniko Sambutan-sambutan

 Acara ingkang kaping 5, inggih meniko istirohat

 Acara Ingkang kaping 6, inggih waosan ayat suci Al-Qur'an

 Acara ingkang kaping 7, inggih meniko Maungidotul Khasanah sekaligus Do'a

 Acara Ingkang kaping 8, inggih meniko penutup

Hadirin Hadirot Rokhimakumulloh

Kangge acara ingkang sepindah inggih meniko pembukaan, pramilo monggo acara ing

ndalem wekdal siang meniko, kito buka kelawan waosan Al-Fatihah, Kanti harapan mugi-mugi

acara siang meniko awit awal ngantos akhir saget berjalan kelawan lancar lan mboten wonten

halangan menopo.

‫لرضاء هللا تعالى وشفاعة رسول هللا صلى هللا عليه وسلم‬, ( AL-FATIHAH )

Matur sembah nuwun mugi-mugi kanti waosan meniko, saget dadosaken lancarnipun acara

meniko, Amin Ya Robbal 'alamin.

Acara ingkang kaping kalih, inggih meniko Tahlil, ingkang bade di imami dening Ibu

___________________________________, Dumateng Panjenenganipun kawulo

sumonggoaken. Dumateng panjenenganipun kulo aturaken matur sembah nuwun, mugi-mugi

saget mempertebal iman lan takwa dumateng Alloh SWT.

Acara Ingkang kaping tigo inggih meniko Mars Muslimat, Dumateng segenap anggota

Mars Muslimat kawulo sumonggoaken. Dumateng poro anggota mars Muslimat kawulo aturaken

matur sembah nuwun.

Acara Ingkang kaping sekawan inggih meniko sambutan-sambutan

 sambutan ingkang sepindah, inggih meniko sambutan Prakata Panitia ingkang bade

dipun sampeaken dening ______________________________________.

Dumateng panjenenganipun kawulo sumonggoaken. Dumateng panjenenganipun

kawulo aturaken matur sembah nuwun.

 sambutan ingkang kaping kalih, inggih meniko sambutan Ibu Kepala Desa

Kalibagor, Dumateng Panjenenganipun Kawulo Sumonggoaken.


 sambutan ingkang kaping tigo, inggih meniko sambutan Ketua Muslimat Nu Desa

Kalibagor ingkang bade dipun sampeaken dening Ibu

___________________________________________________________________

, Dumateng Panjenenganipun Kawulo Sumonggoaken.

Acara ingkang kaping gangsal, inggih meniko istirohat, kangge ngisi wekdal istirahat,

Dumateng Group Rebana Al-Hanna Kalisalam kawulo sumonggoaken. Istirahat kawulo

cekapaken

Acara ingkang kaping enem, inggih meniko waosan Ayat Suci Al-Qur'an, ingkang bade

diwaos dening ________________________________________________________________.

Dumateng panjenenganipun kawulo sumonggoaken. Dumateng panjenenganipun kulo aturaken

matur sembah nuwun, mugi-mugi saget mempertebal iman lan takwa dumateng Alloh SWT.

Acara ingkang kaping pitu, inggih meniko maungidotul khasanah sekaligus do'a. ingkang

bade dipun asto dening Al-Mukarromah Nyai Citasasmi Sanichal Aulia saking Kalisalam

Kalibagor. Dumateng Panjenenganipun wekdal sakcekapipun kawulo sumonggoaken.

Maturnuwun Kawulo aturaken, mugi-mugi punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko

saget bermanfaat.

Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo, nyuwun

agunging pangapunten, Akhirron, wallahul muafiq laa aqwamith thoriq. Wassalamu'alaimu ....

Anda mungkin juga menyukai