Anda di halaman 1dari 2

Pranatacara Acara Jamiyah Rijalul Ghod

Assalamualaikum Wr. Wb

Innalhamdalillah nahmaduhu wabasta’inuhu wanastaghfirruhu wanaudubillahi min syururi


anfusiha wamin sayyiati a’malina, way yahdillahu fala mudzillalah wa may yudlili fala
hadiyalah, asyhadu an-lailaha ilallah wahdahulaa syarikalahu wa asyhadu anna muhammadan
abduhu warasuuluhu amma ba’du.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinambekten rahimakumullah,

Para alim , ulama , kyai, ustad lan ustadzah ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha
dening para ummat lan wabil khusus dumateng .... selaku sokhibul bait, saha para kanca –
kancaku ingkang kawula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sedaya ndherekaken sami manengku puja puji ngunjukaken
raos syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumuji ing titiwanci menika taksih
kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit
paringipun sak sae- saenipun ni’mat arupi iman lan islam saengga kita sedaya saged makempal
ing niki kanthi sehat wal afiat ing acara jamiyah Rijulul Ghod.

Shalawat serta salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi agung Muhammad
SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing
yaumil akhir mugi – mugi kita tansah pikantuk syafaatipun . amin.

Saklajengipun, kaparenga kula badhe ngaturaken mengah urut reroncening adicara ing ndalu
menika :

 Setunggal pembuka
 Kaping kalih piwaosan yasin lan tahlil
 Kaping tiga mauidzotul khasanah / sambutan
 Kaping sekawan Piwaosan syaroful anam
 Kaping gangsal pengumuman – pengumuman
 Kaping nenem penutup utawa doa.

 Adicara ingkan setunggal yaiku pembuka kanthi waosan ummul kitab. Al fatihah.
Matur nuwun ingkang saking piwaosan al fatihah menika mugi – mugi saged mbekta
lancaring acara. Amin.
 Adicara ingkang kaping kalih yaiku piwaosan yasin lan tahlil ingkang badhe dipimpin
dhateng rekan ..... kula sumangga.
Matur nuwun saking piwaosan yasin lan tahlil ,menika mugi – mugi sampe kaliyan ahli
kubur. Amin
 Adicara kaping tiga inggih menika mauidzotul khasanah / sambutan ingkang badhe
disampekaken dhateng panjenenganipun .... kula sumangga.
Matur nuwun saking mauidzotul khasanah/ sambutan menika, mugi – mugi kita sedaya
saged mengerten lan ngamalaken wonten kehidupan sadenten – dinten.
 Acara kaping sekawan yaiku piwaosan syaroful anam ingkang badhe pimpin dhateng
panjenengan .... kula sumangga.
Matur nuwun saking piwaosan syaroful anam menika , mugi – mugi kita angsal syafaatipun
ing yaumil akhir. Amin.
 Acara kaping gangsal yaiku pengumuman ingkang badhe sampekaken dhateng panjenengan
.... kula sumangga.
 Acara kaping enem yaiku panutup utawa doa.

Nanging saderengipun kula pranatacara nywun agunging pangapuynten bilih ing natacara
wonten kekirangan lan lepat. Wallahul Muafiq Akwamittorik.

Wassalamualaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai