Anda di halaman 1dari 1

‫ ﺣﺿرة اﻟﻣﻛرﻣﯾن‬poro alim ulamak, poro sepuh bini sepuh ingkang satuhu kinabekten

‫ ( ﻓﺿﯾﻠﺔ اﻷﺳﺎﺗﯾذ واﻟﻌﻠﻣﺎء وﺳﯾﺎدة اﻟﻛرام‬di isi dengan nama2 orang alim/kyai yang hadir di acara )
Bp. KH. Ahmad Zaini, Bp.KH Ahcsin ,Bp.Ky. Ahmad Rifa’an Ah, Bp.Ky M.Ulfi,........
lan sedoyo poro kyai soho asatidz sanes ipun, ingkang mboten saged kawulo sebat setunggal2
asamanipun, mboten ateges ngirangi raos ta’dhim kawulo dumateng panjenengan sedoyo.
‫اﻟﺧﺎص ﻣرﺑﻧﺎ وﻣرب روﺣﻧﺎ وﻣﺷﺎﯾﺧﻧﺎ اﻟﻌﺎﻟم واﻟﻛرﯾم اﺑن اﻟﻛرﯾم‬
Abah KH. Adib Anas Noor, pengasuh ponpes Wasilatul Huda tamangede, gemuh, ingkang tansah kito
cadong barokah doa ipun.
bopo camat Weleri, bopo lurah desa weleri, Bp.Kiswoyo S.E beserta jajaran kepeungurusan
‫ وﺳﯾﺎدة اﻟﻛرام‬ipun, mugi2 pinaringan sehat wal afiat, keberkahan lan kesabaran anggenipun ngemong
masyarakat desa weleri.
Bp.Ky. Ahmad Rifa’an Ah selaku ketua syuriah NU desa weleri,
‫ وأﺣﺑﺎء اﻟﻛرام‬Bp. ust. ahmad wahyudi selaku ketua tanfidhiyah Nu desa weleri,
sahabat2 anshor ranting desa weleri, rijalul anshor, sahabat banser, upziz, pengurus takmir
masjid at-taqwa weleri, sahabat irmata, ibu2 muslimat, fatayat sedoyo nipun ingkang tansah
kawula tresnani.
‫ وﻓﺿﯾﻠﺔ اﻟﺿﯾوف‬sedoyo tamu undangan kakung soho putri ingkang dipun rahmati allah

monggo langkung rumien kito muji syukur ngarso Allah SWT, biqaulina alkhamdulillahi rabbil ‘alamiin,
keranten kanti rahmat lan nikmat ingkang sampun dipun limpahaken kagem kito sedoyo, sehinggo kito
saged kempal sesarengan, bermuajahah sesarengan wonten ing masjid at-taqwa weleri ingkang
sakperlu bade istighosah, berdoa sareng2 wonten ing ndalu meniko.
pramilo, penting sanget kito sebagai umat islam ingkang mukmin kedah tadabur lan
tafakur kersane sadar diri bilih secara hakikat nya kito sedoyo saged kempal ten mriki niku keranten wonten
ipun rahmat lan nikmat saking Allah ingkang moho kuoso.

sholawat miwah salam kito aturaken dumateng junjungan nabi kito, nabi muhammad SAW, bi qaulina
Allahumma sholli ‘ala mukhammad 3x, kulo paling gregeten nek wonten tiang kok mireng asmane nabi
muhammad mendel mawon....
( jangan mengaku umatnya, ketika namanya di sebutkan kita diam seribu bahasa )

mugi2 sedoyo umat muslim mim masyariqil ardhi ila magharibiha, khusus ipun ingkang sami khadir wonten
ing majlis istighosah meniko pikantuk syafa’at ipun wonten ing yaumil qiyamah..... amiin allahuma amiin....
hadirin wal hadirot rakhimakumullah...
ing mriki kulo minangka mewakili saking ketua panitia ( bp. miftahul ), beliau mboten saged rawuh keranten
wonten kawigatosan ingkang mboten saged kulo untapaken.

pramilo meniko, lumantar lesan kulo ingkang mewakili sedoyo panitia acoro istighosah
sepindah, ngaturaken marhaban ahlan wa sahlan bi khudhurikum, sugeng rawuh, sugeng pinarak, kanti
mardiko mardikaning penggalih
ingkang kapindo, sedoyo panitia ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpo upomo, kanti rawuhipun
panjenengan sedoyo, ingkang sampun karoyo royo nglodangaken wekdal soho penggalihipun
kerso angrawuhi wontenipun acoro istighosah meniko. mugi2 rawuh ipun penjenengan sedoyo dipun catet
lan dados amal ibadah ingkang dipun tampi deneng Allah ingkang moho kuoso. .. amiin ya rabal ‘alamiin
ingkang kaping tigo nipun, sedoyo panitia tansah ngaturaken agunging pangapunten ingkang sak katah-
katah ipun, menawi anggenipun ngaturi papan pinarakan soho panghurmatan utawi pasugatan mboten
mranani wonten ing penggalih panjenengan sami, sinahoso kawontenan kados mekaten, mugi mugi
panjenengan sedoyo waget pinarakan kanthi ngraosaken sekeco lan waget ngrahab pasugatan kanti raos
eco.
dungkap kaping sekawanipun, lumantar lisan kulo panitia tansah ngaturaken agunging panuwun kagem
sedoyo ingkang sampun kerso nderek membantu, baik niku arupi moril utawi materil sehinggo waget
terlaksana acoro istighosah ndalu meniko, pramilo, saking sedoyo panitia dereng saged mbales punopo2
kejawi namung ngaturaken do’a :
‫ ﺃﺣﺴﻦ ﺍﳉﺰﺍء ﻓﻰ ﺍﻟﺪﻳﻦ ﻭﺍﻟﺪﻧﻴﺎ ﺣﺘﻰ ﺍﻷﺧﺮﺓ‬‫ﺟﺰﺍﻛﻢ ﺍ‬
mekaten pematur kawulo minangka mewakili saking sedoyo panitia, estu kulo yakin anggenipun matur
mesti katah klenta-klintu nipun wiwit awal ngantos akhir, kawulo nyuwun agunging pangapunten ingkang
sak katah katah ipun....
kawulo akhiri ‫واﻟﻌﻔو ﻣﻧﻛم‬, ‫ ورﺿﻰ واﻟﻌﻧﺎﯾﺔ‬، ‫واﺑﺎ اﻟﺗوﻓﯾﻖ واﻟﮭداﯾﺔ‬

Anda mungkin juga menyukai