Anda di halaman 1dari 4

PENGURUS CABANG NAHDLATUL ULAMA

LEMBAGA DAKWAH NAHDLATUL ULAMA


LDNU KABUPATEN KEDIRI

Sekertariat: Jl. Imam Bonjol 38 Kediri 64122


=============================================================================

MENIKO MENAWI ROMADLON INGKANG TERAKHIR KANGGE KITO

Khutbah I
ْ‫للْه دمحلْ ا‬، ‫للهاْ لوسْر دمحمْ انديْس ىلْع مالسلاوْ ةالصلاْو‬، ‫هلْآ ىلعْو‬
ْ‫هالاوْ نمْو هبحصو‬، ‫للهاْ الْإ هلْإ اْل نأْ دهشأْو‬، ‫هدبْع ادمحْم اندْيْس نأْ دهشأْو‬
ْ.‫هلوسرو‬
ْ‫دعبْ امأ‬، ‫هباتكْ مكحمْ يْف لئاقلاْ للهاْ ىوقتْب يسفنوْ مكيصوأْ ينإْف‬: ْ‫اي‬
ْ‫ريبْخ ّللاْ نإْ ّللاْ اوقتاوْ دغلْ تمدقْ امْ سفنْ رظنتلوْ لّلاْ اوقتاْ اونمآْ نيذلاْ اهيأ‬
ْ)81ْ:‫رشحلاْ(نولمعْتامب‬

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Ngawiti khutbah singkat meniko, khotib berwasiat dateng kito sedoyo,
utaminipun dateng pribadi khatib piyambak, supados selalu usaha
ningkatake ketakwaan lan keimanan kito dateng Allah subhanahu wa
ta’ala kanti ngelampahi sedoyo kewajiban lan ngedohi sedoyo ingkang
dipun larang Allah.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Romadlon wulan ingkang spesial. Naliko wulan Romadlon dugi, lawang-
lawang suwargo dibukak, lawang-lawang neroko ditutup, syetan-syetan
dibelenggu lan ganjaran ditikelaken. Wulan Romadlon meniko wulan
ingkang melimpah berkah. kawitanipun kebak kalian rohmah.
Pertengahanipun sarat kalian maghfiroh. Ahiripun kebebasan saking api
neroko. Wulan romadlon meniko dados sae-saenipun wulan. Wonten
lebetipun wonten malam ingkang luwih utomo tinimbang sewu wulan.
Wulan romadlon minongko madrasah ingkang dados panggenan
menempa tiyang muslim dados insan ingkang saget ngraosaken luwe lan

1
ngelakipun tiyang fakir lan miskin. Wulan Romadlon mulang sabar lan
syukur. Keranten tiyang ingkang poso dipuntuntut saget sabar
ninggalake sedoyo perkoro ingkang mbatalake poso. Tiyang ingkang
poso ugi mestinipun saget syukur keranten taksih diparingi kesempatan
kangge kepanggih malih wulan Romadlon lan ngelampahi ibadah-ibadah
wonten lebetipun.

Hadirin ingkang dipun rahmati Allah,


Bejo banget tiyang ingkang mendapati Romadlon, lajeng dosa-dosanipun
dingapuro dining Allah keranten katah kesaenan lan ketaatan ingkang
dipun lampahi selami Romadlon. sewalikipun estu rugi sanget tiyang
ingkang dipun paringi kesempatan dining Allah memperbanyak ibadah
wonten wulan Romadlon, nanging kesempatan meniko dipun sia-siakan.
Kesempatan emas meniko mboten dipun manfaatake. Rasulullah
shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendiko:
ْ)‫ْ(هريغْويناربطلْاهاور‬ ‫يفْهلْرفغيْ ْل‬ ‫مْلادعب ردأْ اضمْر‬

Maknanipun: “Estu rugi tiyang ingkang mendapati Romadlon, nanging


mboten dingapuro dosane” (HR. Ath-Thabarani lan lintunipun)

Keranten meniko, monggo kito manfaatake wekdal selami Romadlon


meniko kanti sak sae-saenipun. Monggo Kito isi kanti ibadah lan
kesaenan ingkang katah. Saget-saget Romadlon meniko ingkang terakhir
kangge kito. Mungkin kito bade pisah selamanya kalih wulan Romadlon.
Sehat lan enom mboten saget nunda kematian. Sakit lan tuwo ugi
mboten saget mempercepat kematian. Kito mboten semerep kapan ajal
kito dugi. Monggo kito prioritasake sedoyo hal ingkang manfaat kangge
kehidupan akhirat kito. Nopo mawon ingkang manfaat kangge
kebahagiaan akhirat?. Jawabane yoiku takwa lan amal sholih. Tiyang
mboten saget mencapai derajat takwa lan mboten saget ngelampahi
amal sholih kados mestinipun tanpo bekal ilmu. Dados kuncine yoiku ilmu
lan amal. Kito bekali awak kito kalian ilmu agomo lajeng kito amalaken
ilmu ingkang kito pelajari. Takwa lan amal sholih minongko buahipun ilmu
lan amal.

2
Hadirin ingkang dipunrahmati Allah,
Sak ake-akehe urusan dunyo kito, ampun ngantos melalaikan kito saking
urusan akhirat. Sak repot-repote kito, ampun ngantos ngalangi kito
saking mengumpulake bekal kangge kebahagiaan abadi wonten akhirat.
Nyambut gaweho siro kanggo dunyomu koyo-koyo kowe bakal urip
selawase. Lan ngamalo siro kanggo akhiratmu koyo-koyo kowe mati dino
sesok. Artine, urusan sing bersifat duniawi saget dipuntunda, koyo-koyo
kito bakal urip selawase. Nanging menawi berkaitan kalih urusan akhirat,
mongko kito lampahi sakmeniko lan ampun dipuntunda, koyo-koyo kito
bakal mati dino sesok.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Mugi-mugi sedoyo amal kesaenan kito selama Romadlon dipuntampi
dining Allah, sedoyo dosa kito dingapuro lan kito mangke ugi
dipertemukan malih kalian Romadlon tahun ngajeng.

Demikanlah khutbah ingkang singkat meniko. Mugi-mugi manfaat lan


mbeto barokah kangge kito sedoyo. Amin Ya Rabbal ‘Alamin.

. ْ‫وفغلاْ ْه يحرلا‬ ‫مكلوْيْل‬،‫هورفغتساْف‬،‫نْإ‬ ‫ْ اْ فغتسأْواذ‬ ‫وقْلوقأ‬

Khutbah II
ْ‫لآْ ىلعوْ ىفطصملا‬ ‫محمْ انديْس ىلْع‬ ْ ‫لسأ و‬ ‫لصأوْ ىفكْو‬ ْ ْ‫دمحلا‬
ْ،‫افولاْلهأْهباحصأو‬
ْ‫يظعلا‬ ْ‫لعلا‬ ‫اْ ىوقتْب‬ ْ‫دعبْ امأ‬، ‫نوملسملاْ اهيأْ ايْف‬، ْ‫سفنو ْمكيصوأ‬ ْ
ْ‫يركلا‬ ‫يبْن ى ْع‬ ‫ميظْع‬، ْ‫السلاوْ ةْ الصلاْب ْمكرْمأ‬ ْ‫مأْب ْمكرمأ‬ ‫اْ أْ اوملعاو‬
ْ‫ص اونمْآ‬
ْ ‫يلْع اول‬ ‫ يذلاْ اهيْأ اْي‬، ‫بنلاْ ىلْع‬ ْ‫ولصي‬ ‫تكئالمْو‬ ‫لاقف‬:ْ ْ‫اْ إ‬
ْ‫صامكْدمحْمان‬
ْ ‫يل‬ ‫عوْدمحْمانديسْى آْى يْس‬ ‫ل ْص‬
ْ ‫ع‬
ْ ‫اميلسْتاوملسو‬،ْ‫ه لا‬
ْ ‫آْ ْىلعو ْدمحمْ انديسْ ى ْع‬ ‫يهاربْإ انديْس رابْو‬ ْ‫آْ ْىلعو‬ ‫يهاربْإ انديسْ ْىلع‬

3
‫ْف ‪،‬ميهاربْإ انديسْ‬ ‫آْ ْىلعْو ْميهاربْإ انديْس ْىلْع ْتكراْب امْك‬ ‫محْم انديس‬
‫ينمؤملاْو ْ‬ ‫املسملاوْ‬ ‫نيملسملْلْ‬ ‫فغاْ‬ ‫هللاْ‬
‫يجْم ‪ْ .‬‬ ‫يمْح‬ ‫نيملاعلاْ نْإ‬
‫ابولاْو ْ‬ ‫تاومألاْو ‪ ،‬للهماْ عفداْْ انْع البلاْ ءالغلاوْْ‬ ‫ايحألاْ هنمْ‬ ‫تانمؤملاوْ‬
‫اهنم ْرهْظ اْم ‪،‬نحملاو ْدئادشلاو ْةفلتخملاْْ‬ ‫ويسلاو ْيغبلاوْ‬ ‫اشحفلاوْ كنملا‬
‫يش ْلكْىلعْ‬ ‫يملسملا ْنادلْب نإْ‪،‬ةماْع‬ ‫صاْخاذهْاندلْب مْو‬ ‫مْ‪،‬نطبْامو‬
‫ريدْ ْ‬
‫ْع ىْ‬ ‫نيْو‬ ‫رقلاْ يذْ‬ ‫اتيإْو‬ ‫اسحإلاْو‬ ‫دعلاْب‬ ‫اْ إْ ‪،‬للهاْ مأْ‬ ‫ق ابع‬
‫يْ‬
‫يظعلاْ‬ ‫اْ اوركذاْف ْ‪.‬نوركذْت‬ ‫كلعْل‬ ‫كظعيْ ‪،‬يغبلاْو‬ ‫حفلا كنملاوْ ا‬
‫ربكأْلهاْركذلوْمكركذيْ‪.‬‬
‫‪Ustadz Nur Rohmad, Pemateri/Peneliti di Aswaja NU Center PWNU Jawa‬‬
‫‪Timur dan Ketua Bidangْ Peribadatanْ & Hukum, Dewan Masjid Indonesia‬‬
‫‪Kab. Mojokerto‬‬

‫‪4‬‬

Anda mungkin juga menyukai