Anda di halaman 1dari 6

PENGURUS CABANG NAHDLATUL ULAMA

LEMBAGA DAKWAH NAHDLATUL ULAMA


LDNU KABUPATEN KEDIRI
Sekertariat: Jl. Imam Bonjol 38 Kediri 64122
==============================================================================

KHUTHBAH JUM’AT
Ingkang adu adu meniko naminipun hoax

،ُ‫ص ْو َرةٍ َما شَا َء َر َّكبَه‬ ُ ‫ي‬ ِِّ َ ‫ فِي أ‬،ُ‫س َّواهُ َف َعدَ َله‬ َ ‫سانَ َف‬ َ ‫اإل ْن‬ِ َ‫هلل الَّذِي َخ َلق‬ ِ ُ‫ا َ ْل َح ْمد‬
َ ‫ص َرهُ َو َج َع َل لَهُ ِل‬
‫سانًا‬ َ ‫س ْم َعهُ َو َب‬ َ ُ‫ َوش ََّق لَه‬،ُ‫ت َولَ ْو شَا َء َمنَ َعه‬ ٍ ‫سا ِبغَا‬ َ ‫َوأ َ ْن َع َم‬
َ ‫علَ ْي ِه ِبنِ َع ٍم‬
،‫هللا‬
ِ ‫ع ْب ِد‬ َ ‫علَى‬
َ ‫س ِيِّ ِدنَا ُم َح َّم ِد ب ِْن‬ َ ‫س ًَل ُم‬
َّ ‫ص ًَلة ُ َوال‬ َّ ‫ َوال‬،ُ‫ع ْق ًًل َو َكلَّفَه‬ َ ُ‫ َو َخلَقَ لَه‬،ُ‫طقَه‬ َ ‫فَأ َ ْن‬
ُ‫ َوأ َ ْش َهد‬،ُ‫ أ َ ْش َهدُ أ َ ْن ََّل إِلهَ إِ ََّل هللاُ َوحْ دَهُ ََل ش َِري َْك لَه‬،ُ‫صحْ بِ ِه َو َم ْن َو َاَله‬ َ ‫علَى آ ِل ِه َو‬ َ ‫َو‬
َّ ‫ ََل نَ ِب‬،ُ‫س ْولُه‬
.ُ‫ي بَ ْعدَه‬ ُ ‫ع ْبدُهُ َو َر‬ َ ‫أ َ َّن‬
َ ‫س ِيِّدَنَا ُم َح َّمدًا‬
‫ار َك‬َ َ‫ قَا َل هللاُ تَب‬.‫ي ال َع ِظي ِْم‬ ِِّ ‫ص ْي ُك ْم َونَ ْفسِي ِبت َ ْق َوى هللاِ ال َع ِل‬ ِ ‫ فَإِنِِّي أ ُ ْو‬،ُ‫أ َ َّما بَ ْعد‬
)18 :‫عتِيدٌ (ق‬ َ ‫يب‬ ٌ ِ‫ظ ِم ْن قَ ْو ٍل ِإ ََّل لَدَ ْي ِه َرق‬ ُ ‫ َما َي ْل ِف‬:‫َوت َ َعالَى فِي ِكت َا ِب ِه ال َك ِري ِْم‬

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Saking nginggil mimbar meniko khatib paring wasiat dumateng kito
sedoyo, utaminipun dateng badan khatib piyambak, sumonggo tansah
ningkataken kualitas keimanan lan ketaqwaan kita dateng ngarso dalem
Alloh subhanahu wa ta’ala kanti nindaaken sedoyo kuwajiban len nebihi
saking sedoyo ingkang dipun haromaken.

Kaum Muslimin rahimakumullah,


Estunipun nikmat ipun gusti Alloh ingkang dipun paringaken dateng kito
meniko kathah sanget. Kito mboten saged ngitung setunggal
setunggalipun. Kito sedoyo meniko kagunganipun Gusti Alloh lan sedoyo
nikmat ingkang dipun paringaken dateng kito meniko sedoyo
kagunganipun gusti Alloh. Gusti Alloh perintah dateng kito supados kito
nyukuri nikmat-nikmat ipun. Kados pundi caranipun? Inggih meniko kanti
gunaaken nikmat meniko ingdalem perkawis ingkang dipun parengaken
deneng Alloh tegesipun nikmat meniko mboten dipun ginaaken kadamel
nglampahi doso lan maksiat dateng Alloh.

1
Bondo meniko nikmat saking gusti Alloh, pramilo sampun ngantos kito
gunaaken ingdalem perkawis ingkang ingkang mboten dipun
parengaken kaliyan gusti Alloh. Awak kito meniko ugi nikmat saking
Alloh, sampun ngantos kito damel maksiat dateng gusti Alloh. Tangan
meniko ugi nikmat saking gusti Alloh, pramilo sampun ngantos kito
damel nglampahi perkawis ingkang mboten dipun ridloi deneng gusti
Alloh. Sikil meniko nikmat saking gusti Alloh pramilo sampun ngantos
kito damel nglampahi perkawis ingkang dipun sengiti deneng gusti Alloh.
Mripat meniko ugi nikmat saking gusti Alloh pramilo sampun ngantos
kadamel mirsani perkawis ingkang dipun larang gusti Alloh. Kuping ugi
nikmat saking Alloh sampun ngantos kadamel mirengaken perkawis
ingkang dipun haromaken. Lisan meniko ugi salah setunggalipun nikmat
saking gusti Alloh pramilo sampun ngantos dipun damel ngucap perkawis
ingkang dipun haromaken.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Lisan meniko salah setunggalipun nikmat ingkang agung sanget. Kanti
paring nikmat arupi lisan gusti Alloh mulyaaken dateng manungso lan
paring anugrah ingkang agung sanget. Wonten al quran, gusti Alloh
nyebutaken nikmat ipun lisan nalikanipun nyebat pinten-pinten nikmat
ingkang kaparingaken dateng kawulanipun. Gusti Alloh ngendiko:
َ ‫سانًا َو‬
)9-8 :‫) (البلد‬9( ‫شفَتَي ِْن‬ َ ُ‫أَلَ ْم نَجْ َع ْل لَه‬
َ ‫) َو ِل‬8( ‫ع ْينَي ِْن‬
Artosipun: opotoh ingsun ora ndadeaken kanggo manungso rupo mripat
loro, lisan lan lambe loro?” (QS al-Balad: 8-9)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Salah setunggalipun bentuk syukur atas nikmat lisan inggih meniko
nebihi saking nyampeaken lan nyebar berita ingkang goroh utawi asring
dipun wastani hoaks.

Wonten ing zaman “medsos” kados ngaten meniko, kito mboten


namung dipun tuntut supados njagi lisan kemawon. Ananging kito ugi
dpun tuntut supados njagi driji-driji kito. Kranten ingkang dipun tulis
meniko sejatosipun sami kaliyan ingkang kito ucapaken. Imam ghozali
dawuh wonten kitab IHYA` ULUMID DIN:
َ ِّ‫ِإ َّن ْالقَلَ َم أ َ َحدُ ال ِل‬
‫سانَ ْي ِن‬

2
“Sak temene pen (tulisan) iku salah sijine lisan loro”
Mboten jarang kito panggihi, demi dipun wastani pihak pertama ingkang
nyampeaken Khobar, kito kanthi ringan mbagi khabar tanpo dipun cek
rumiyin kabeneranipun. Berita meniko sanget cepetipun menyebar
saking grup WA dateng grup WA lintunipun. Bahkan sering menyebar
ngantos pinten pinten media social (medsos)
Puluhan bahkan saged ugi ribuan tiyang kanti cepet nampi khabar
kolowau. Menawi ingkang dipun sebar meniko khabar ingkang leres
tentunipun mboten dados menopo. Ananging bade ndadosaken masalah
menawi ingkang dipun sebar meniko khabar ingkang bohong (goroh) lan
malah saged ndadosaken fitnah lan adu domba. Akibat ipun saged fatal.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Informasi ingkang kito sampeaken, menawi meniko kagolong hoaks,
mongko mboten namung bade njrumusaken dateng dosonipun goroh,
ananging saged ugi njerumusaken dateng doso lintunipun, antawisipun
inggih meniko namimah (mengadu domba)
Poro Ulama ngartosaken goroh kanti pangertosan “nyampeaken ucapan
ingkang benten kaliyan kenyataan padahal piyambakipun mangertosi
bilih ucapan kolowau pancen benten kaliyan kenyataan”. Goroh
(ngapusi) meniko saged kagolong doso alit, doso ageng bahkan saged
ugi ndadosaken kekufuran. Menawi goroh meniko mboten mengandung
bahaya kagem umat muslim mongko meniko kalebet doso alit. Sinahoso
mekaten doso alit mboten kenging dipun anggep remeh. Kranten
naminipun Gedung pencakar langit meniko hakekatipun namung
tumpuan boto-boto alit. Imam Ahmad lan ath thabaroni ngriwayataken
bilih rosululloh shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendiko:

‫طنَ َوا ٍد‬ ْ َ‫ب َك َمث َ ِل قَ ْو ٍم نَزَ لُ ْوا ب‬ِ ‫ت الذِّنُ ْو‬ ِ ‫ت الذُّنُ ْو‬
ِ ‫ب فَإِنَّ َما َمث َ ُل ُم َحقَّ َرا‬ ِ ‫ِإيَّا ُك ْم َو ُم َحقَّ َرا‬
‫ت‬ ِ ‫ض ُج ْوا ِب ِه ُخبْزَ ُه ْم َو ِإ َّن ُم َحقَّ َرا‬ َ ‫فَ َجا َء ذَا ِبعُ ْو ٍد َو َجا َء ذَا ِبعُ ْو ٍد َحتَّى َح َملُ ْوا َما أ َ ْن‬
)‫ي‬ َّ ‫احبُ َها ت ُ ْه ِل ْكهُ ( َر َواهُ أَحْ َمدُ َو‬
ُّ ‫الط َب َرا ِن‬ ِ ‫ص‬ َ ‫ب َمت َى يُؤْ َخ ْذ ِب َها‬ ِ ‫الذُّنُ ْو‬
Artosipun: “ wediho siro kabeh (dohono) doso doso cilik, sak temene
paribasane doso cilik iku koyo dene kumpulane wong-wong kang
temurun ingdalem lembah. Banjur salah siji gowo kayu bakar, lan sijine
maneh gowo kayu bakar lan koyo mangkono sak teruse hinggo wong-
wong mau ngumpulake kayu bakar kang cukup kanggo masak roti
kanggo deweke. Sejatine doso cilik iku menowo sing nglakoni di sikso

3
krono doso iku, mongko doso-doso mau bakal ngrusak marang deweke.
” (HR Ahmad dan ath-Thabarani)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,


Hadits saking kanjeng Nabi meniko njelasaken dateng kito bilih doso-
doso alit menawi terus menerus dilampahi bade nuntun dateng
nglampahi doso ageng. Kathah sanget doso-doso alit ingkang dipun
remehaken sahinggo terus dipun lampahi ngantos nggiring dateng doso
ageng lan saged ugi nyeret dateng kekufuran. Pramilo saking meniko
salah setunggalipun Ulama` ndawuhaken:
ِ ‫اص ْي َب ِر ْيدُ ْال ُك ْف ِر َك َما أ َ َّن ال ُح َّمى َب ِر ْيدُ ْال َم ْو‬
‫ت‬ ِ ‫ا َ ْل َم َع‬
“penggawe-penggawe maksiat nuntun marang kekufuran koyo dene
loro panas kang nuntun marang kematian. Dipun riwayataken Imam al
baihaqi wonten kitab Syuabul Iman.

Wondene goroh ingkang mengandung bahaya tumrap tiyang Muslim


mongko meniko kalebet doso ageng. Lan menawi ingdalem goroh kolo
wau wonten unsur ngalalaken perkawis ingkang sampun dipun sepakati
haromipun, lan saking golongan tiyang awam lan terpelajar ugi
mangertosi haromipun, lan hal meniko sampun mboten samar malih,
kados dene haromipun zina, anal seks lan nyolong, utawi ngaromaken
perkawis ingkang sampun nyoto dipun halalaken, kados dene adol tinuku
lan nikah, mongko goroh ingdalem bab meniko kalebet kekufuran.
Naudzu billahi min dzalik.
Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Goroh meniko hukumipun harom, sami ugi kanthi tujuan guyon utawi
mboten. Sami ugi dilampahi kanti tujuan tiyang guyu utawi mboten.
Kanjeng Nabi ngendikaaken:
ُ ‫ِّث ْالقَ ْو َم ث ُ َّم يَ ْكذ‬
‫ِب ِليُض ِْح َك ُه ْم َو ْي ٌل لَهُ َو َو ْي ٌل لَهُ ( َر َواهُ أَحْ َمدُ فِي‬ ْ ‫َو ْي ٌل ِللَّذ‬
ُ ‫ِي يُ َح ِد‬
)‫ُم ْسنَ ِد ِه‬
“ciloko banget wongkang ngucap marang sijine kaum nuli wong mau
goroh supoyo deweke diguyu, ciloko banget, ciloko banget” (HR.
Ahamad wonten kitab musnad ipun)
Kaum Muslimin rahimakumullah,

4
Wondene namimah (adu-adu) meniko nyampeaken ucapanipun tiyang
dateng tiyang sanesipun kanti tujuan ngrusak hubungan kekalih ipun.
Namimah kagolong doso ageng. Rosululloh shallallahu ‘alaihi wa sallam
dawuh:
)‫ي‬
ُّ ‫َار‬
ِ ‫(ر َواهُ البُخ‬ ٌ َّ ‫ََل يَ ْد ُخ ُل ال َجنَّةَ قَت‬
َ ‫ات‬
Artosipun: “wongkang adu-adu ora bakal mlebu suwargo (bareng-
bareng wongkang awal mlebu suwargo)”. (HR al-Bukhari)
Kaum Muslimin yang berbahagia,
Mekatenlah khutbah singkat meniko, mugi-mugi kito tansah pinaringan
kekiyatan saking Alloh kagem njagi lisan kito. Sampun ngantos lisan kito
dados sumber hoaks, penyebar fitnah lan adu domba, penyulut
pertikaian lan memecah belah persatuan lan kestuan. Ingdalem zaman
ingkang kebak fitnah meniko, ngatah-ngatahaken mendel (berdiam diri)
kalebet sikap bijak ingkang saged kito lampahi. Kito tahan lisan lan driji
supados mboten katah guneman lan tulisan komentar, supados kito
dados tiyang ingkang slamet. Monggo kito amalaken hadits ipun
rosululloh shallallahu ‘alaihi wa sallam:
ُّ ‫(ر َواهُ ال ِتِّ ْر ِم ِذ‬
)‫ي‬ َ ‫" َم ْن‬
َ ‫ص َمتَ َن َجا‬

Artosipun: “ sing sopo wonge meneng, mongko deweke slamet” (HR. at


Tirmidzi)
َّ ‫ إِنَّهُ ُه َو ْالغَفُ ْو ُر‬،ُ‫ فَا ْست َ ْغ ِف ُر ْوه‬،‫أَقُ ْو ُل قَ ْو ِل ْي هذَا َوأ َ ْست َ ْغ ِف ُر هللاَ ِل ْي َولَ ُك ْم‬
.‫الر ِح ْي ُم‬
Khutbah II

‫ع َلى آ ِل ِه‬ َ ‫ َو‬،‫ط َفى‬ َ ‫ص‬ ْ ‫س ِيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد ْال ُم‬
َ ‫علَى‬ َ ُ ‫ص ِلِّ ْي َوأ‬
َ ‫س ِلِّ ُم‬ َ ُ ‫ َوأ‬،‫هلل َو َكفَى‬ ِ ُ‫ا َ ْل َح ْمد‬
َ ‫ َوأ َ ْش َهدُ أ َ َّن‬،ُ‫ أ َ ْش َهدُ أ َ ْن ََّل ِإلهَ ِإ ََّل هللاُ َوحْ دَهُ ََل ش َِري َْك لَه‬.‫ص َحا ِب ِه أ َ ْه ِل ْال َوفَا‬
‫س ِيِّدَنَا‬ ْ َ ‫َوأ‬
.ُ‫س ْولُه‬
ُ ‫ع ْبدُهُ َو َر‬َ ‫ُم َح َّمدًا‬
‫ي ْالعَ ِظي ِْم‬ ِِّ ‫ص ْي ُك ْم َونَ ْف ِس ْي بِت َ ْق َوى هللاِ ْالعَ ِل‬ ِ ‫ أ ُ ْو‬، َ‫ فَيَا أَيُّ َها ْال ُم ْس ِل ُم ْون‬،ُ‫أ َ َّما بَ ْعد‬
‫علَى نَ ِب ِيِّ ِه ْال َك ِري ِْم‬ َ ‫س ًَل ِم‬ َّ ‫ أ َ َم َر ُك ْم ِبال‬،‫ع ِظي ٍْم‬
َّ ‫ص ًَلةِ َوال‬ َ ‫َوا ْعلَ ُم ْوا أ َ َّن هللاَ أ َ َم َر ُك ْم ِبأ َ ْم ٍر‬
‫علَ ْي ِه‬َ ‫صلُّوا‬ َ ‫ َيا أَيُّ َها الَّذِينَ آ َمنُوا‬،ِ‫ي‬ ِّ ‫علَى النَّ ِب‬ َ َ‫صلُّون‬ َ ُ‫ّللاَ َو َم ًَلئِ َكتَهُ ي‬
َّ ‫ ِإ َّن‬:‫فَقَا َل‬
‫ْت‬ َ ‫صلَّي‬ َ ‫س ِيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َك َما‬ َ ‫علَى آ ِل‬ َ ‫س ِيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َو‬ َ ‫علَى‬ َ ‫ص ِِّل‬ َ ‫ اَلل ُه َّم‬،‫س ِلِّ ُموا ت َ ْس ِلي ًما‬
َ ‫َو‬
‫علَى آ ِل‬ َ ‫س ِيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َو‬ َ ‫علَى‬ َ ‫ار ْك‬ َ ‫علَى آ ِل‬
ِ ‫س ِيِّ ِدنَا ِإب َْرا ِهي َْم َو َب‬ َ ‫علَى‬
َ ‫س ِيِّ ِدنَا ِإب َْرا ِهي َْم َو‬ َ
‫ فِ ْي‬،‫سيِِّ ِدنَا إِب َْرا ِهي َْم‬ َ ‫علَى آ ِل‬ َ ‫سيِِّ ِدنَا إِب َْرا ِهي َْم َو‬ َ ‫علَى‬ َ ‫ت‬ َ ‫ار ْك‬
َ َ‫سيِِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َك َما ب‬ َ
ْ ‫ت‬
َ‫وال ُمؤْ ِمنِيْن‬ ِ ‫ اَلل ُه َّم ا ْغ ِف ْر ِل ْل ُم ْس ِل ِميْنَ َو ْال ُم ْس ِل َما‬.ٌ‫ْال َعالَ ِميْنَ ِإنَّ َك َح ِم ْيدٌ َم ِج ْيد‬
5
‫عنَّا ْالبَ ًَل َء َو ْالغ ًََل َء َو ْال َوبَا َء‬
‫اء ِم ْن ُه ْم َو ْاْل َ ْم َواتِ‪ ،‬اللهم ا ْدفَ ْع َ‬ ‫ت ْاْلَحْ يَ ِ‬ ‫َو ْال ُمؤْ ِمنَا ِ‬
‫ظ َه َر ِم ْن َها‬ ‫شدَائِدَ َو ْال ِم َحنَ ‪َ ،‬ما َ‬ ‫ف ْال ُم ْخت َ ِلفَةَ َوال َّ‬ ‫سي ُْو َ‬ ‫ي َوال ُّ‬ ‫َو ْالفَحْ شَا َء َو ْال ُم ْن َك َر َو ْالبَ ْغ َ‬
‫ش ْيءٍ‬ ‫علَى ُك ِِّل َ‬ ‫ان ْال ُم ْس ِل ِميْنَ َ‬
‫عا َّمةً‪ِ ،‬إنَّ َك َ‬ ‫صةً َو ِم ْن ب ُْلدَ ِ‬ ‫طنَ ‪ِ ،‬م ْن بَلَ ِدنَا َهذَا َخا َّ‬ ‫َو َما بَ َ‬
‫قَ ِدي ٌْر‬
‫ع ِن‬ ‫ان َو ِإ ْيت َِاء ذِي ْالقُ ْر َبى و َي ْن َهى َ‬ ‫س ِ‬ ‫إن هللاَ َيأ ْ ُم ُر ِب ْال َع ْد ِل َو ْاإلحْ َ‬ ‫هللا‪َّ ،‬‬ ‫ِع َبادَ ِ‬
‫ظ ُك ْم لَعَلَّ ُك ْم تَذَ َّك ُر ْونَ ‪ .‬فَاذ ُك ُروا هللاَ ْالعَ ِظي َْم يَ ْذ ُك ْر ُك ْم‬ ‫َاء َو ْال ُم ْن َك ِر َوالبَ ْغيِ‪ ،‬يَ ِع ُ‬ ‫الفَحْ ش ِ‬
‫َولَ ِذ ْك ُر هللاِ أ َ ْكبَ ُر‪.‬‬

‫‪6‬‬

Anda mungkin juga menyukai