Anda di halaman 1dari 4

‫ َوَعَلى ٰاِلِه َوَص ْحِبِه‬،‫ َوالَّص َلاُة َوالَّس َلاُم َعَلى ُم َّمَح ٍد َس ِّيِد َوَلِد َعْدَناَن‬،‫اْل َحْم ُد ِلّٰلِه

اْلَمِلِك الَّد َّي اِن‬

‫ َوَأ ْشَهُد َأ ْن َّل ا ِإ ٰلَه ِإ َّل ا اللُه َوْحَدُه َلا َشِرْيَك َلُه اْلُم ـَن َّز ُه َعِن اْلِجْس ِمَّي ِة‬،‫َوَتاِبِعْيِه َعَلى َمِّر الَّز َماِن‬

‫ َوَأ ْشَهُد َأ َّن َسِّيَدَنا ُم َّمَح ًدا َعْبُدُه َوَرُس ْوُلُه اَّلِذْي َكاَن ُخُلُق ُه اْلُق ْرآَن‬،‫َواْل ِجَهِة َوالَّز َماِن َواْلَمَكاِن‬

،‫َأ َّم ا َبْعُد‬

‫ ُأ ْوِصْيُكْم َوإَّي اَي ِبَتْقَوى اللِه َفَقْد فَاَز اْلُمَّت ُقْوَن قال‬، ‫أَّم ا َبْعُد فيا أيها الحاضرون رحُكُم الله‬
‫ْوُت ِالَّا َوَاْنُتْم ُمْس ِلُمْون‬
‫ يا أيها الذين آمنوا اَّت ُقْوا اللَه َحَّق ُتَقاِتِه َوَلا َتُم َّن‬: ‫تعالى‬
Hadirin jamaah Jum’at rahimakumullah
Monggo kito sami muji syukur dateng Gusti Allah swt kranten rahmat lan nikmat
ingkang sampun kito tompo kados dene arupi kesehatan, kesarasan lan kabegjan. Kulo
ngajak dumateng kulo piyambak, ugi dateng panjenengan sedaya sami ajreh dumateng
Gusti Allah kanti nindaaken sedoyo perintahipun lan nebihi sedoyo awisanipun.

Menungso gesang wonten dunyo meniko mboten saget tebih saking tumindak
maksiyat ingkang nyebabaken duso, amargi menungso dipun dadeaken kaliyan Gusti
Allah dados makhluk ingkang nggadah luput, ino, lemah. Sinaoso mekaten, ikhtiar
nebihi perkawis ingkang nyebabi duso kedah estu dilaksanakaken. Gusti Allah
sampun dawuh:

‫َوَذُرْوا َظاِهَر اْلِاْثِم َوَباِطَنٗه ِاَّن اَّلِذْيَن َيْكِس ُبْوَن اْلِاْثَم َس ُيْج َزْوَن ِبَما َكاُنْوا َيْق َتِرُفْوَن‬
Artosipun: Lan pada tinggalno sakabehane tumindak duso, sing katon apa ora.
Saktemene wong kang ninda’ake tumindak duso sesok ono dino kiyamat bakal oleh
walesan amarga tumindak duso (surat al-An’am 120)

Dawuhipun gusti Allah meniko ngimutake kita sedoyo bilih sejatosipun duso ingkang
dumawah dateng manungso wonten kalih. Kekalihipun sami bahayani lan wajib
ditebihi. Inggih menika: dosa ingkang dzohir (ketingal) lan batin (mboten ketingal).

Maksud duso dzohir meniko wujude jelas, saget dipun pirsane kaliyan peningal
utawi mirengaken kaliyan kuping kita. Misal, omben-omben ingkang mendemi, judi,
zina, mateni tiyang lan sak pitunggalane. Lajeng maksude duso batin meniko
wujude mboten jelas, mboten ketingal mripat, kadose dene sombong, ujub, riyak,
ghibah lan lintu lintunipun.

Hadirin jamaah Jumah Rohimakumulloh


Kedah kito mangertosi bilih katah tiyang ingkang dereng sadar lan dereng saged
nyegah tumindak duso. Tasih katah sederek kito ingkang dereng saget nyegah nginum
arak lan sejenisipun, ugi dereng saged njogo manahipun saking tumindak maksiyat
(duroko). Katah sederek muslim ingkang tasih gumede, kemlelet, pamer,
ngeremehaken tiyang sanes. Mila leres menawi para alim dawuhaken bilih duso batin
meniko langkung angel kita tebihi tinimbang dosa dzahir, sinaoso kekalihipun penting
sanget dipun resiki.
Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

‫ ِإَو َذا َفَسَدْت َفَسَد الَجَسُد ُّل‬، ‫ُك ُه‬


‫ُك ُه؛‬ ‫َأ َلا ِإ َّن ِفي الَجَسِد ُمْض َغًة ِإ َذا َص َلَحْت َص َلَح الَجَسُد ُّل‬
‫َأ َلا َوِهَي الَقْلُب‬
Artosipun: Weruho siro sak temene ono ing jerone awak iki ono getih sak kepel,
nalika getih iku bagus mongko bakal bagus sak awak kojor, naliko getih itu olo
mongka dadi olo sak awak kojur. Ngertenono yento getih sak kempel iku sing di
arani manah/ati.

Hadits meniko mertelaaken bilih ingkang dadosaken sae utawi rusake poro manungso
meniko manah/ati ingkang ketutup kaliyan tindak lampah maksiyat. Naliko ati rusak,
otomatis jasad nggih inggal rusak. Kanjeng Nabi Muhammad dawuh:

‫ِإ َّن الَّل َه لَا َيْنُظُر ِإ َلى ُصَوِرُكْم َوَأ ْمَواِلُكْم َوَلِكْن َيْنُظُر ِإ َلى ُقُلوِبُكْم َوَأ ْعَماِلُكْم‬
Artosipun: Sak temene gusti Allah ora bakal mirsani marang bentuke fisik lan dudu
bondo siro kabeh, Allah bakal mirsani marang atine lan amale siro kabeh.(HR.
Muslim)
Jamaah Jumat Rahimakumullah
Duso batin saged dadosaken rogo rusak. Misal, nalika manahipun Qobil anggadahi
sifat dengki (hasud) saged dadosaken rogone pejah, ngantos Habil dados korban.
Semanten ugi sifat kekufuranipun tiyang-tiyang Yahudi, nalika jaman Kanjeng Nabi
Muhammad ninda’aken dakwah Islam. Tiyang Yahudi ngganggu lan ngalangi syiar
Islam sebab ing manahipun wonten raos hasud (dengki). Kados dawuhipun gusti
Allah swt wonten surat Al-Baqarah 109 meniko:

‫َوَّد َك ِثْيٌر ِّمْن َاْهِل اْلِكٰتِب َلْو َيُرُّد ْو َنُكْم ِّمْن َبْعِد ِاْيَماِنُكْم ُك َّف اًرۚا َحَسًدا ِّمْن ِعْنِد َاْنُفِسِهْم‬
‫ِّمْن َبْعِد َما َتَبَّيَن َلُهُم اْلَحُّق‬
Artosipun: Akeh ahli kitab remen supaya deweke isok mbalekaken siro kabeh marang
kekafiran sak wuse deweke pada iman, iku sebab ono rasa dengki kang metu soko deweke
dewe, sakwise wes pertelo perkoro kang bener.

Kedadosan saat niku sami kaliyan periswa Fir’aun ingkang nolak risalah saking Nabi
Musa, amargi Fir’aun kagungan sifat sombong ingkang saged ngeregeti manahipun.

Jamaah Jumat Rahimakumullah


Kaprahe duso dzohir menika gampil nyadaraken dateng tiyang ingkang nglampahi
duso. Katah tiyang ingkang sampun nglampahi duso dzohir saget sadar menawi
meniko pendamelan lepat, lajeng akhiripun taubat mboten ninda’aken tumindak lepat
malih. Umpaminipun tiyang ingkang remen nyolong (maling) akhiripun tobat lan
mboten dados maling malih.

Saking contoh meniko, harapan utawi pangajeng-ajeng supados sadar saking


penggawe awon lan tobat meniko estu wonten buktine. Ananging menawi duso batin
harapan kangge sadar lan tobat meniko alit sanget, kranten piyambakipun ngelampahi
lepat, tapi rumongsone mboten lepat, mboten salah. Kados dene penggawe rasan-
rasan, meniko jelas dipun cegah lan duso ananging tiyang ingkang ngerasani meniko
rumongso mboten duso, akhiripun wonten wekdal sanes mbaleni malih anggenipun
rasan-rasan.

Jamaah Jumat Rahimakumullah


Keterangan wonten nginggil meniko nggambaraken bilih duso batin meniko sanes
perkawis ingkang enteng. Senajan mboten ketingal, nanging pengaruhipun ageng sanget,
saged dadosaken tumindak duso dzhahir mboten nyadari menawi saget ngerusak.

Mugi Gusti Allah paring pitulung dateng kito lan kekuatan kangge nebihi duso
ingkang mboten ketingal, mboten rumongso duso, tapi mbebayani dateng iman kita
lan ngerusak dateng amal kita sedoyo.

‫ ﺑﺴﻢ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺮﺣﻤﻦ ﺍﻟﺮﺣﻴﻢ َوَّد َكِثيٌر ِّمْن َأ ْهِل ٱْلِك َٰتِب َلْو َيُرُّد وَنُكم‬: ‫ﺃﻋﻮﺫ ﺑﺎﻟﻠﻪ ﻣﻦ ﺍﻟﺸﻴﻄﺎﻥ ﺍﻟﺮﺟﻴﻢ‬
‫ِّمۢن َبْعِد ِإ يَٰمِنُكْم ُك َّف اًرا َحَسًدا ِّمْن ِعنِد َأ نُفِسِهم ِّمۢن َبْعِد َما َتَبَّيَن َلُهُم ٱْلَحُّق ۖ َفٱْعُفوْا َوٱْص َفُحوْا َحَّت‬
‫ٰى‬
‫َيْأ ِتَى ٱلَّل ُه ِبَأ ْمِرِهٓۦ ۗ ِإ َّن ٱلَّل َه َعَل ُكِّل َشْى ٍۢء َقِديٌر‬
‫ٰى‬

‫ َوَنَفَعِني ِإَو َّي اُكْم ِبَما ِفْيِه ِمْن آَيِة َوِذْكِر اْل َحِكْيِم َوَتَقَّب َل اللُه ِمَّن ا‬،‫َباَرَك الله ِلي َوَلُكْم ِفى ْالُقْرآِن ْالَعِظْيِم‬
‫ َوَأ ُقْوُل َقْوِلي َهَذا َفأْس َتْغِفُر اللَه ِإ َّن ُه ُهَو اْلَغُفْوُر الَّر ِحْيُم‬،‫َوِمْنُكْم ِتلَاَوَتُه ِإَو َّن ُه ُهَو الَّس ِمْيُع الَعِلْيُم‬

Khutbah II

‫ َأ ْشَهُد َأ ْن لَا ِإ َلَه ِإ لَّا اللُه َوْحَدُه لَا َشِرْيَك َلُه ِإ ْرَغامًا‬. ‫َاْل َحْمُد َّلِلِه َحْمًدا َك ِثْيًرا َك َما َأ َمْر‬
.‫ َوَأ ْشَهُد َأ َّن َسِّيَدَنا ُم َّمَح دًا َعْبُدُه َوَرُسْوُلُه َسِّيُد ال لَخَاِئِق َواْلَبَشْر‬.‫ِلَمْن َج َحَد ِبِه َوَكَفْر‬
‫لَاَّل ُهَّم َص ِّل َوَسِّلْم َعَلى َسِّيِدَنا َوَمْولَاَنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى آِلِه وَأ ْص َحاِبِه َوَمْن َتِبَعُهْم ِإ َلى َيْوِم الدين‬

‫َأ َّم ا َبْعُد َفيَا ُّيَا َها الَّن اُس َّتِا ُقوا اللَه ِفْيَما َأ َمَر َواْنَتُهْوا َعَّم ا َنَه ى َواْعَلُمْوا َأ َّن اللَه َأ َمَرُكْم ِبَأ ْمٍر َبَدَأ ِفْيِه‬
‫ِبَنْفِسِه َوَثـَنى ِبَملآ ِئَكِتِه ِبُقْدِسِه َوَقاَل َتعَاَلى ِإ َّن اللَه َوَملآِئَكَتُه ُيَص ُّل ْوَن َعلَى الَّن ِبى يآ ُّيَا َها اَّلِذْيَن آَمُنْوا‬
‫َص ُّل ْوا َعَلْيِه َوَس ِّلُمْوا َتْس ِلْيًما‪ .‬اللُهَّم َص ِّل َعَلى َسِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َص َّلى اللُه َعَلْيِه َوَسِّلْم َوَعَلى آِل َسِّيِدنَا ُم َّمَح ٍد‬
‫َوَعَلى َاْنِبيآِئَك َوُرُس ِلَك َوَملآِئَكِة ْالُمَقَّر ِبْيَن َواْرَض الّلُهَّم َعِن ْالُخَلَفاِء الَّر اِشِدْيَن َأ ِبى َبْكٍر َوُعَمر‬
‫َوُعْثَمان َوَعِلى َوَعْن َبِقَّي ِة الَّص َحاَبِة َوالَّت اِبِعْيَن َوَتاِبِعي الَّت اِبِعْيَن َلُهْم ِبِاْح َساٍن ِاَلى َيْوِم الِّدْيِن َواْرَض‬
‫َعَّن ا َمَعُهْم ِبَرْح َمِتَك َيا َأ ْرَحَم الَّر اِحِمْيَن‬

‫َاللُهَّم اْغِفْر ِلْلُمْؤِمِنْيَن َوْالُمْؤِمَناِت َوْالُمْس ِلِمْيَن َوْالُمْس ِلَماِت َالَاْح يآُء ِمْنُهْم َوْالَاْمَواِت اللُهَّم َأ ِعَّز‬
‫ْالِإ ْس لَاَم َوْالُمْس ِلِمْيَن َوَأ ِذَّل الِّشْرَك َوْالُمْشِرِكْيَن َواْنُصْر ِعَباَدَك ْالُمَوِّح ِدَّي َة َواْنُصْر َمْن َنَصَر الِّدْيَن‬
‫َواْخُذْل َمْن َخَذَل ْالُمْس ِلِمْيَن َو َدِّمْر َأ ْعَداَء الِّدْيِن َواْعِل َكِلَماِتَك ِإ َلى َيْوَم الِّدْيِن‪ .‬اللُهَّم اْدَفْع َعَّن ا‬
‫ْالَبلَاَء َوْالَوَباَء َوالَّز لَاِزَل َوْالِمَحَن َوُسْوَء ْالِفْتَنِة َوْالِمَحَن َما َظَهَر ِمْنَها َوَما َبَطَن َعْن َبَلِدَنا ِاْنُدوِنْيِس َّي ا‬
‫خآَّص ًة َوَساِئِر ْالُبْلَداِن ْالُمْس ِلِمْيَن عآَّم ًة َيا َرَّب ْالَعاَلِمْيَن َرَّب َنا َظ َلْمَنا َاْنُفَسَنا َواإْن َلْم َتْغِفْر َلَنا َوَتْرَحْمَنا‬
‫َنُكْوَن ِمَن ْال اَخِسِرْيَن‪َ .‬رَّب َنا آِتنَا ِفى الُّد ْنَيا َحَسَنًة َوِفى ْالآِخَرِة َحَسَنًة َوِقَنا َعَذاَب الَّن اِر‬
‫‪َ.‬ل َّن‬

‫ِعَباَداللِه ! ِإ َّن اللَه َيْأ ُمُرَنا ِبْالَعْدِل َوْالِإ ْح َساِن ِإَو ْيتآِء ِذي ْالُقْربَى َوَيْنَه ى َعِن ْالَفْح شآِء َوْالُمْنَكِر‬
‫َوْالَبْغي َيِعُظُكْم َلَعَّل ُكْم َتَذَّك ُرْوَن َواْذُكُروا اللَه ْالَعِظْيَم َيْذ ُكْرُكْم َواْش ُكُرْوُه َعلَى ِنَعِمِه َيِزْدُكْم َوَلِذْكُر‬
‫اللِه َأ ْك َبْر‬

Anda mungkin juga menyukai