Anda di halaman 1dari 5

‫ َو َخ َذ َل َم ْن َش اَء ِم ْن َخ ْلِقِه‬.

‫َاْلَح ْم ُد ِهلِل اَّلِذ ْي َو َّفَق َم ْن َش اَء ِم ْن َخ ْلِقِه ِبَفْض ِلِه َو َك َر ِمِه‬


‫َو اَل َش ِبْيَه َو اَل ِم ْثَل َو اَل ِنَّد‬،‫ َو َأْش َهُد َأْن اَّل ِإٰل َه ِإاَّل ُهللا َو ْح َد ُه اَل َش ِرْيَك َلُه‬. ‫ِبَم ِش ْيَئِتِه َو َع ْد ِلِه‬
‫َلُه‬

‫ َاللهم َص ِّل‬.‫َو َأْش َهُد َأَّن َس ِّيَد َنا َو َح ِبْيَبَنا َو ُقَّرَة َأْع ُيِنَنا ُمَح َّم ًدا َع ْبُد ُه َو َر ُسْو ُلُه َص ِفُّيُه َو َح ِبْيُبُه‬
‫ َو َم ْن‬.‫ َو َع َلى آِلِه َو َص ْح ِبِه َو َم ْن َّو ااَل ُه‬.‫َو َس ِّلْم َو َباِرْك َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَح َّمِد ْبِن َع ْبِد ِهللا‬
‫َتِبَع ُهْم ِبِإْح َس اٍن ِإَلى َيْو ِم اْلِقَياَم ِة‬

‫ َفَقْد َقاَل ُهللا َتَع الَى ِفي ِكَتاِبِه‬.‫ اَّتُقوا َهللا َتَع اَلى ِبِفْع ِل الَّطاَع اِت‬, ‫ فَيا َأُّيَها الَّناُس‬: ‫أَّم ا بْعُد‬
‫اْلَك ِرْيِم ُقْل ٰي اِعَباِدَي اَّلِذ ْيَن َاْس َر ُفْو ا َع ٰٓلى َاْنُفِس ِهْم اَل َتْقَنُطْو ا ِم ْن َّرْح َم ِة ِهّٰللاۗ ِاَّن َهّٰللا َيْغ ِفُر‬
‫الُّذ ُنْو َب َج ِم ْيًعاۗ ِاَّنٗه ُهَو اْلَغ ُفْو ُر الَّر ِح ْيُم‬

Ma’asyirol muslimin Jama’ah Jum’at Rohimakumullah


Lumantar mimbar Khutbah puniko kulo ngajak dumateng kito sedoyo,
Monggo sareng-sareng ningkataken takwa kito dumateng Gusti Allah, kanti
nindaaken sedoyo dawuh-dawuhipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-ipun.
Alhamdulillah siang meniko kito taksih dipun paringi rahmatipun Allah
sehinggo saget ngerawuhi shalat jumat kanti berjamaah wonten meniko
Masjid. Mugi rawuh kito sedoyo mujudaken bentuk takwa kito dumateng
ngersanipiun Allah swt.
Hadirin Jama’ah Jum’at ingkan dipun mulyaaken Alloh
Monggo salebeting gesang kita tansah nyuwun lan kagungan pangarep arep
dateng rahmad lan kawelasan nipun Allah lan ampun ngantos kito putus asa
rumaos katah anggen kito tumindak doso, supados mbenjang kito saget
pikantok pangapunten saking Allah lan dipunlebetaken dateng suwargonipun
Allah swt. Awit Allah sampun dawuh wonten surat Az-Zumar ayat 53:

‫ُقْل َيا ِعَباِدَي اَّلِذ يَن َأْس َر ُفوا َع َلٰى َأنُفِس ِهْم اَل َتْقَنُطوا ِم ن َّرْح َم ِة ِهَّللاۚ ِإَّن َهَّللا َيْغ ِفُر الُّذ ُنوَب َجِم يًعاۚ ِإَّنُه ُهَو اْلَغ ُفوُر‬
‫الَّر ِح يُم‬
Artosipun: Ngucapo siro Muhammad: Hei poro kawulo ningsun kang podo
ngelewati batas. Siro kabeh ojo nganti kapegot saking rahmate Allah.
Saktemene Gusti Allah iku ngapuro duso sekabehane, saktemene Gusti
Allah akeh pengapurone tur moho welas asih.

Ayat niki nyegah dumateng kito ampun ngantos rumahos kapegot saking rahmat
Allah. Rasulullah nate dawuh:

‫ َو اَل َأَنا ِإاَّل ِبَر ْح َم ٍة ِم َن ِهللا‬، ‫ َو اَل ُيِج يُر ُه ِم َن الَّناِر‬،‫ال ُيْد ِخ ُل َأَح ًدا ِم ْنُك ْم َع َم ُلُه اْلَج َّنَة‬

Artosipun” Ora ono amalan suwijine wong kang biso nyebapake mlebu
suwargo lan nyegah soko geni neroko termasuk Awakku, Kejobo kelawan
rahmat pitulungane Allah Ta’ala ( Hr. Muslim)

Estu leres bilih dipun ngendika’aken mlebet suwargo meniko mboten mligi
keranten katahipun amal ibadah lan kesaenan ananging ugi dipunsebabaken
saking rahmatpun Gusti Allah. Sinaoso mekaten mboten leres menawi
nganggap amal ibadah lan kesaenan meniko mboten nggadah faidah akhire aras-
arasen ngelampahi amal kesaenan, bahkan ragu kaliyan tujuan amal ibadah lan
kesaenan wonten dunyo meniko.

Wonten setunggale kisah malaikat Jibril nate dawuh: Saktemene rumiyin enten
tiyang saleh, manggen wonten salah setunggal gunung ingkang inggil. Keranten
inggilipun, malaikat Jibril menawi bade dateng alam dunyo mesti ngelewati
gunung niku. Sinaoso lokasi gunung niku mboten ombo, ananging tiyang saleh
niki saget nyukupi kebutuhan saben dintenipun. Menawi lesu lan ngelak saget
mendet teng sekitar gunung meniko. Kebutuhan tuyo kangge wudhu lan siram
sampun cumawis.

Milo piyambakipun saget fokus ibadah ngantos limangatus tahun laminipun.


Saben dintenipun uripe diisi ibadah, bermunajat, dungo, sehinggo mboten
sempat ngelampahi duso, nopo malih duroko marang Allah. Setunggal dungo
ingkang disuwun inggih meniko saget mati naliko sujud. Mekatenlah, akhiripun
tiang saleh meniko sedo ngantos umur limangatus tahun.

Sakmantunipun sedo, piyambakipun ditimbali gusti pengeran. Kanti dipun


dangu ‘’He wong shaleh, lantaran rahmat-Ku, awakmu arep tak lebokne
suwargo”. Mireng dawuh meniko, tiyang Sholeh niki mboten trimo. Keranten
piyambakipun rumahos bilih lantaran amal lan ibadahipun selama limangatus
tahun tanpa duso menikolah ingkang nyebapaken pyambakipun layak mlebet
suwargo, mboten keranten rahmatipun Gusti Allah.
Keranten protes mekaten, Allah ndawuhi malaikat kangge ngitung lan nimbang
sedoyo amal ugi ibadahe tiyang shaleh niku selama limangatus tahun tanpo
duso, ingkang diandalaken piyambake minongko dados modal kangge mlebet
suwargo.
Sak lajengipun amalipun dipun timbang lan dipun bandingaken kaliyan rahmat
Allah. Nyatane rahmat Allah ingkang ditampi tiyang saleh arupi nikmat mripat
mawon nyatane langkung abot tinimbang ibadahe selama limangatus tahun.
Dereng nikmat anggota badan lintune, kadosto akal fikiran, tangan, sikil, lan sak
piturutipun.
Pramilo, sesuai kaliyan protes ingkang disampeaken, Allah merintahaken
malaikat kangge nyeret tiyang shaleh niku dateng neraka. Wekdal nikulah
tiyang saleh niki sadar bilih nggantungaken dumateng amal kemawon mboten
saget nyelametaken piyambak ipun. Cepet-cepet tiyang saleh niki nyuwun
ngapuro lan ngakoni sedoyo kesalahan ugi kesombonganipun. Piyambakipun
terlalu percaya diri ngandalaken amal ibadahipun lan ngeremehaken dumateng
rahmat Allah.

Untungipun Allah maringi pangapuro lan tanglet malih dateng tiyang saleh
meniko: Opo awakmu mlebu suwarga iki kerono amalmu? Tiyang niki jawab:
Mboten ya Allah, saktemene sedoyo niki namung keranten rahmat panjenengan
soho kawelasan saking panjenengan.

Hadirin Jamaah Jum’at Rahimakumullah


Pelajaran engkang saget kito pundut saking kisah meniko inggih puniko
kita mboten pareng menyombongkan amal ibadah ingkang numpuk katah
sinahoso sedoyone sae. Keranten dereng tentu amal niku angsal rahmate Allah.
Nanging ugi kito mboten pareng namung ngarep-arep rahmat soho kawelasan
sangking Alloh tanpo puron ngupoyo kanti ngamal ingkang sae senajan
ketingalipun namung remeh utawi sepele
Kados dene kisah Sayyidina Umar diapuro dusone keranten amal cilik nggih
meniko welas lan nyelametaken manuk emprit ingkang ditumbas saking lare alit
ingkang nyikso manuk meniko keranten manuk puniko kangge dolanan.

Hadirin jamaah Jum’at Rohimakumullah


Nopo ingkang saget kito pendet saking cerito niki? Inggih puniko kito Ampun
pisan2 menilai rendah amal ibadah. Sinaoso namung nyingkiraken krikil duri
tengahing margi, sinten mangertos perbuatan niku saget dados amal ingkang
dirahmati Allah. ingkang nyebapaken kito dateng akhirat mangke dados selamet

Terakhir, monggo kito nyuwun dumateng Allah kangge terus istiqamah ibadah
nopoke mawon lan mboten gampang memvonis utawi ngarani tanggi, konco lan
keluarga kito sesat, fasik, kafir lan sapintunngalanipun nalikonipon dereng
purun nindaaken ibadah sholat. Mugi sedaya angsal maghfirah utawi
pengapurane gusti pengeran lan kito nampi rahmatipun Allah sahinggo
dilebetaken dateng suwargonipun, amin.

‫ َو َس اِر ُع ٓو ْا ِإَلٰى َم ْغ ِفَر ٍۢة ِّم ن‬:‫أُع وُذ ِباِهلل ِم َن الَّش ْيطاِن الَّر ِج يْم بسم هللا الرحمن الرحيم‬
‫َّرِّبُك ْم َو َج َّنٍة َع ْر ُض َها ٱلَّس َٰم َٰو ُت َو ٱَأْلْر ُض ُأِع َّد ْت ِلْلُم َّتِقيَن‬

‫ إّنُه‬. ‫ َو َنَفَعِنْي َو ِإّياُك ْم ِباآلياِت والِّذ ْك ِر الَح ِكْيِم‬، ‫بَاَر َك ُهللا ِلْي َو لكْم ِفي الُقْر آِن الَعِظ ْيِم‬
‫َتعَاَلى َج واٌد َك ِرْيٌم َم ِلٌك َبٌّر َر ُؤ ْو ٌف َر ِح ْيٌم‬

Khutbah II
‫َاْلَح ْم ُد ِهّٰلِل َنْح َم ُد ُه َو َنْسَتِع ْيُنُه َو َنْسَتْغ ِفُر ْه‪َ ،‬و َنُعوُذ ِباِهّٰلِل ِم ْن ُش ُرْو ِر َأْنُفِس َنا َو ِم ْن َس ِّيَئاِت‬
‫َأْع ا َنا‪ْ ،‬ن ْه ُهّٰللا َفَال َّل َلُه ْن ُيْض ْل َفَال َها َلُه‪َ .‬أْش ُد َأْن َال َل اَّل هّٰلل‬
‫ِإ َه ِا‬ ‫َه‬ ‫ِدَي‬ ‫ِل‬ ‫َو َم‬ ‫ُمِض‬ ‫َم ِل َم َي ِدِه‬
‫ّٰل‬
‫َو َأْش َهُد َأَّن ُمَح َّم ًدا َع ْبُد ُه َو َر ُسْو ُلُه اَل َنِبَي َبْع َد ُه‪َ .‬أل ُهَّم َص ِّل َو َس ِّلْم َو َباِرْك َع َلى َس ِّيِد َنا‬
‫ُمَح َّمٍد َو َع َلى آِلِه َو َاْص َح اِبِه َاْج َم ِع ْيَن ‪َ.‬أَّم ا َبْعُد ‪َ .‬فَيا ِعَباَد ِهّٰلِلا! ِاَّتُقْو ا َهّٰللا َح َّق ُتَقاِتِه َو اَل‬
‫‪َ.‬تُم ْو ُتَّن ِإَّال َو َأْنُتْم ُم ْس ِلُم ْو َن‬

‫َقاَل ُهّٰللا َتعَاَلى ِفى ِكَتاِبِه اْلَك ِرْيِم ‪َ :‬أُع ْو ُذ ِباِهّٰلِل ِم َن الَّش ْيَطاِن الَّر ِج ْيِم ‪ِ .‬بۡس ِم ٱِهّٰلِل ٱلَّر ۡح َٰم ِن‬
‫ٱلَّر ِح ْيِم ‪ِ .‬إَّن َهّٰللا َو َم آَل ِئَكَتُه ُيَص ُّلْو َن َع لَى الَّنِبى َيآ َاُّيَها اَّلِذ ْيَن آَم ُنْو ا َص ُّلْو ا َع َلْيِه َو َس ِّلُم ْو ا‬
‫َتْس ِلْيًم ا‪َ .‬ألّٰل ُهَّم َص ِّل َع َلى ُمَح َّم د َع ْبِد َك َو َر ُسْو ِلَك َك َم ا َص َّلْيَت َع ٰل ى ِاْبَر اِهْيَم َو َباِرْك َع ٰل ى‬
‫ُمَح َّمٍد َو َع ٰل ى ٰا ِل ُمَح َّمٍد َك َم ا َباَر ْك َت َع ٰل ى ِاْبَر اِهْيَم َو َع ٰل ى ٰا ِل ِاْبَر اِهْيَم ِفى اْلَع اَلِم ْيَن ِاَّنَك‬
‫َح ِم ْيٌد َم ِج ْيٌد‬

‫َألّٰل ُهَّم اْغ ِفْر ِلْلُم ْؤ ِمِنْيَن َو اْلُم ْؤ ِم َناِت َو اْلُم ْس ِلِم ْيَن َو اْلُم ْس ِلَم اِت َاَاْلْح َيآِء ِم ْنُهْم َو ْاَالْم َو اِت‪.‬‬
‫َألّٰل ُهَّم ِاَّنا َنْس َأُلَك َس اَل َم ًة ِفى الِّدْيِن ‪َ ،‬و َع اِفَيًة ِفى اْلَج َسِد َو ِزَياَد ًة ِفى اْلِع ْلِم َو َبَر َك ًة ِفى‬
‫ّٰل‬
‫الِّر ْز ِق َو َتْو َبَة َقْبَل اْلَم ْو ِت َو َر ْح َم ًة ِع ْنَد اْلَم ْو ِت َو َم ْغ ِفَر ًة َبْع َد اْلَم ْو ِت‪َ ،‬أل ُهَّم َهِّو ْن َع َلْيَنا ِفْي‬
‫ّٰل‬
‫َس َك َر اِت اْلَم ْو ِت َو الَّنَج اَة ِم َن الَّناِر َو اْلَع ْفَو ِع ْنَد اْلِح َس اِب‪َ .‬أل ُهَّم اْدَفْع َع َّنا ْالَبَالَء َو ْالَو َباَء‬
‫َو الَّز َالِزَل َو ْالِمَح َن َو ُسْو َء ْالِفَتِن َو ْالِمَح ِن ‪َ ،‬م ا َظَهَر ِم ْنَها َو َم ا َبَطَن ‪َ ،‬ع ْن َبَلِد َنا ِاْنُد وِنْيِس َّيا‬
‫َخ آَّص ًة َو َس اِئِر ْالُبْلَد اِن اْلُم ْس ِلِم ْيَن َع آَّم ًة َيا َر َّب ْالَع اَلِم ْيَن ‪َ .‬ر َّبَنا آِتنَا ِفى الُّد ْنَيا َح َس َنًة َو ِفى‬
‫‪ْ.‬اآلِخ َر ِة َح َس َنًة َو ِقَنا َع َذ اَب الَّناِر‬

‫ِعَباَد ِهّٰلِلا ! ِإَّن َهّٰللا َيْأُم ُر ِبْالَع ْد ِل َو ْاِإل ْح َس اِن َو ِإْيتآِء ِذ ي ْالُقْر بَى َو َيْنَهى َع ِن ْالَفْح شآِء‬
‫َو اْلُم ْنَك ِر َو ْالَبْغ ِي َيِع ُظُك ْم َلَع َّلُك ْم َتَذَّك ُرْو َن َو اْذ ُك ُروا َهّٰللا ْالَعِظ ْيَم َيْذ ُك ْر ُك ْم َو اْشُك ُرْو ُه َع لَى‬
‫‪ِ.‬نَعِمِه َيِزْد ُك ْم َو َلِذ ْك ُر ِهّٰلِلا َاْك َبْر‬

Anda mungkin juga menyukai