نَ ْر ُج ْو،ُسعَى َو َن ْح ِفد ْ َ َو ِإلَ ْي ِه ن،ُس ُجد ْ َص ِلى َون ْ ا ْل َح ْم ُد هللِ الَّذ
َ ُ َولَهُ ن،ُِي ِإيَّا ُه نَ ْعبُد
ُش َه ُد أن الَّ ِإلَهَ ِإالًّ هللا ْ َ أ.ق ٌ عذَابَهُ ا ْل ِج َّد ِبا ْل ُكفَّ ِار ُم ْل َحَ عذَابَهُ ِإ َّن
َ َر ْح َمتَهُ َونَ ْخشَى
علَى َ س ِل ْمَ ص ِل و َ اللهم.ُس ْولُه ُ ع ْب ُدهُ َو َر َ أن ُم َح َّمدًا َّ ش َه ُدْ َ وأ،َُو ْح َد ُه الَش َِر ْيكَ لَه
اس اتَّقُوا ُ َّ أيُّ َها الن، أما بعد.ص َحا ِب ِه َو َم ْن َواالَ ُه ْ َلى آ ِل ِه َوأ
َ َوع،سيدنا محمد
َوالَ َم ْولُو ٌد ُه َو َج ٍاز ع َْن َوا ِل ِد ِه،اخش َْوا يَ ْو ًما الَ يَ ْج ِزي َوا ِل ٌد ع َْن َولَ ِد ِه ْ َو،َربَّ ُك ْم
ُ َوالَ يَغُ َّرنَّ ُك ْم ِباهللِ ا ْلغَ ُر، فَالَ تَغُ َّرنَّ ُك ُم ا ْل َحيَاةُ ال ُّد ْنيَا،ق
ور ٌّ ِإ َّن َو ْع َد هللاِ َح،ش ْيئ ًا
َ
Ma’asyiral Muslimin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Perlu kito mangertosi bilih sedoyo kemaksiyatan engkang timbul sakeng awak
kito meniko, mboten wonten sanesipun kejawi dipun sebabaken keranten kito
ridlo dateng bujukanipun hawa nafsu. Pramilo bejo sanget tiyang engkang purun
nglatih manahipun, purun mengingkari setiap pangridu hawa nafsunipun,
sehinggo engkang medal saking tindak lampahipun namung ketaatan dateng
Allah SWT lan amal-amal kesaenan. Tiang engkang purun melawan hawa
nafsunipun meniko bade tansah imut dateng ngerso dalem Allah SWT, kabikak
peningal atinipun dateng Sifat-sifat kebesaran Allah SWT, hinggo saget manggihi
dateng ketentreman gesang ing nduyonipun langkung-langkung mbenjeng ing
akhirotipun.
Menawi kito sampun parek dateng Allah SWT, mongko Allah lah engkang bade
ngrekso kito sakeng nglampahaken doso lan maksiyat sehinggo kito saget ngamal
ngibadah kanti raos seneng lan ikhlas namung tertuju dateng Allah.
Salah setunggalipun bentuk nuruti dateng hawa nafsu inggih meniko sifat su’ud
dzan utawi panyono awon dateng tiang sanes. Sesuai dateng pangendikanipun
Allah SWT wonten ing Al-qur’anul kariim Q.S Al-hujarat ayat 12 :
“Ojo pisan-pisan siro iku olo ing penyono utawi su’ud dzan, sak temene penyono olo
iku omongan kang paling goroh” ( HR. Al-Bukhori nomor 4747 dari Abu
Hurairah RA)
Pramilo supados saget kahindaraken saking su’ud dzan kito kedah mawas diri
naliko nampi berita engkang dereng jelas sumber kebenaran berita meniko,
dados tiang engkang sering ketemu lan srawung dateng sederekipun sehinggo
saget mengantisipasi munculipun gosip engkang saget ngrisak tali ukhuwah
dateng pesedera’an kito. Sebab hablumminan naas(hubungan dateng sesami
menungso) kedah kito bangun seiringan dateng hablumminallah (hubungan
dateng gusti Allah). Mboten cekap menawi kito sregep sholat, ananging mboten
saget sae dateng tiang sanes. Utawi sae dateng tiang sanes ananging mboten
memperhatosaken amal ibadah dateng gusti Allah SWT. Kaleh-kalehipun kedah
berjalan beriringan sehinggo kito saget dipun cap “SAE” dening tiang sanes
langkung-langkung dipun anggep “SAE” mungguhipun Allah SWT.
Pramilo mugi-mugi kito saget pikantok hidayahipun Allah SWT sehinggo saget
menang anggen kito berperang melawan musuh engkang dipun ngendikaaken
dening Rasulullah SAW, bilih mboten wonten musuh engkang langkung ageng
kejawi hawa nasfu nipun piyambak-piyambak. Amin yaa robbal alamiin.
ت ِ َ آن اْلعَ ِظ ْي ِم – َونَفَعَني ِ َو ِإيا َّ ُك ْم ِب َما ِف ْي ِه ِم َن اْآليا ِ با َ َركَ هللاُ لي ِ َولَ ُك ْم في ِ ْالقُ ْر
س ِم ْي ُع اْل َع ِل ْيم – أَقُ ْو ُل
َّ َوال ِذ ْك ِر اْل َح ِك ْي ِم – َوتَقَبَّ َل ِمني ِ َو ِم ْن ُك ْم تِالَ َوتَهُ ِإنَّهُ ُه َو ال
س ِل َمات ْ س ِل ِم ْي َن َواْل ُم
ْ سائِ ِر اْل ُم َ ست َ ْغفُ ُر هللاَ اْلعَ ِظ ْيم لي ِ َولَ ُك ْم َو ِل ْ قَ ْولي ِ َهذَا َوا
ْ َواْل ُم ْؤ ِمنِ ْي َن َواْل ُم ْؤ ِمنَات فَا
َّ ستَ ْغ ِف ُر ْوهُ ِإنَّهُ ُه َو اْلغَفُ ْو ُر
.الر ِح ْي ِم
Khotbah 2