Anda di halaman 1dari 2

‫ َو َأْش َهُد َأَّن َس ِّيدنا ُمَحَّم ًدا َع ْبُد ُه‬، ‫ َأْش َهُد َأْن اَل ِإَلَه ِإَّال ُهللا

َو ْح َد ُه اَل َش ِرْيَك َلُه‬.‫ْم ُد ِهّٰلِل اَّلِذ ْي َأَم َر َنا ِبَتْر ك اْلَم َناِهْي َوِفْع ِل الَّطاَعاِت‬
‫ َالّٰل ُهَّم َص ِّل َو َس ِّلْم َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َو َع َلى ٰا ِلِه َو َأْص َح اِبِه اْلَهاِد ْيَن ِللَّص َو اِب َو َع َلى‬. ‫َو َر ُسْو ُلُه الَّد اِع ي ِبَقْو ِلِه َوِفْع ِلِه ِإَلى الَّرَش اِد‬
‫ ِاَّتُقْو ا َهللا َح َّق ُتَقاِته َو اَل َتُم ْو ُتَّن ِإَّال َو َأْنـُتْم ُم ْس ِلُم ْو َن َفَقْد َقاَل ُهللا‬، ‫ َفَيا َاُّيَها اْلُم ْس ِلُم ْو َن‬،‫الَّتاِبِع ْيَن َلُهْم ِبِإْح َس اٍن ِإَلى َيْو ِم اْلَم آِب َأَّم ا َبْعُد‬
‫ ٰٓيَاُّيَها اَّلِذ ْيَن ٰا َم ُنْٓو ا ِاْن َتَّتُقوا َهّٰللا َيْج َع ْل َّلُك ْم ُفْر َقاًنا َّوُيَك ِّفْر َع ْنُك ْم َس ِّيٰا ِتُك ْم َو َيْغ ِفْر َلُك ْۗم َو ُهّٰللا ُذ و اْلَفْض ِل اْلَعِظ ْيِم‬: ‫َتَع الَى ِفي ِكَتاِبِه اْلَك ِرْيِم‬
Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Puncak Riyoyo Tiyang Mukmin Alhamdulillah
sedaya puji namung kagunganipun Allah Ta’ala, Dzat ingkang gadhah sifat Maha Welas Asih
marang sedaya makhlukipun. Ingkang maringi rahmat lan kenikmatan, rina lan wengi tanpa
pitungan. Kanthi sedaya nikmat lan peparing Allah ta’ala punika, mangga kita ginaake kagem
perkawis ingkang sahe. Nglampahi sedaya perintah Allah saha nebihi awisanipun. Kanthi
tumindhak mekaten, mugi-mugi kita dados tiyang ingkang takwa dhateng Allah ta’ala. Bilih
salah sijine saking ganjarane tiyang ingkang takwa punika bakal pinaringan rizki saking
Allah ta’ala. ‫ َّوَيْر ُز ْقُه ِم ْن َح ْيُث اَل َيْح َتِس ُۗب‬، ۙ‫ َو َم ْن َّيَّتِق َهّٰللا َيْج َع ْل َّلٗه َم ْخ َر ًجا‬Artosipun, “Sapa wonge kang
takwa dhateng Allah, yekti Allah bakal mbukakake dalan, lan maringi rizki saking dalan sing
ora iso dikira-kira.” (QS ath Thalaq:2-3). Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ojo
Kapegot Saking Rahmate Gusti Allah Predikat takwa punika, ugi sampun kita ikhtiarake
nalika ing Wulan Ramadhan, kelawan nindhaake ibadah pasa saha amalan sanese, lan kedah
kita jaga ana ing sakbibare Wulan Ramadhan. Jamaah shalat Jumat rahimakumullah Wonten
salah setunggal hadits, ingkang pas kita trapaken sakbibare Wulan Ramadhan, hubunganipun
kalian wasiat supaya jaga takwa ugi srawung marang sapadha kanthi tumindhak (akhlak)
kang becik ‫َع ْن َأِبْي َذ ٍّر ُج ْنُد ِب بِن ُجَناَد َة َو َأِبي َع ْبِد الَّرْح َمِن ُمَع اِذ ِبِن َجَبٍل َر ِض َي ُهللا َع ْنُهَم ا َع ْن َر ُسوِل ِهللا صلى هللا عليه‬
‫ َر َو اُه الِّتْر ِمِذ ّي‬. ‫ َو َخ اِلِق الَّناَس ِبُخ ُلٍق َحَس ٍن‬،‫ َو َأْتِبِع الَّسِّيَئَة الَحَس َنَة َتْم ُح َها‬، ‫ اَّتِق َهللا َح ْيُثَم ا ُكْنَت‬: ‫ وسلم َقاَل‬Artosipun,
“Saking Abu Dzar Jundub bin Junadah saha Abu Abdirrahman Mu’adz bin Jabal radhiyallahu
anhuma, saking Rasulullah shallallahu alaihi wa sallam, piyambakipun ngendhika: Takwao
marang Allah ana ing ngendi ae. Barengana kaluputanmu kanthi tumindak kang becik. Yekti
(kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Lan srawunga marang sapadha padha titah
kanthi tumindak (akhlak) kang becik.” (HR At-Tirmidzi) Jamaah shalat Jumat
rahimakumullah Keterangan saking hadits punika, ingkang kapisan Kanjeng Nabi paring
dhawuh supaya kita tansah jaga takwa dhumateng Allah ta’ala ana ing ndi panggenan. Sahe
ana ing panggonan rame utawa sepi. ana ing kutha utawa desa. Menawi saget dipuntambahi
ugi ana ing kahanan apa wae. Nalika seneng utawa susah. Nalika sugih utawa mlarat. Lan
nalika Ramadhan utawa wulan sanese. Kaping kalih, Kanjeng Nabi paring dhawuh, menawi
kita bacut tumindhak luput, supaya barengi kaluputane kanthi tumindhak kang becik. Yekti
(kabecikanmu) iku bisa ngilangi kaluputanmu. Kita, menungsa inggih punika tiyang ingkang
mesti katah kaluputan lan dosa. Pramila, supados Gusti Allah, paring ngapura sedaya
kaluputan punika, mangga kita tansah kathah maos istighfar, nyuwun pangapura dhateng
Allah, saha nyarengi kanthi tumindhak ingkang becik. Lan menawi kita gadahi kaluputan
dhateng sapadha, wajib kita nyuwun ngapura dhateng tiyange. Ugi menawi wonten perkawis
ingkang kaitanipun kalian utang-piutang kedah kita bayar. Ingkang kaping tiga, dhawuhe
Kanjeng Nabi wonten ing hadist punika, supaya kita ing dalem srawung marang sapadha
padha, kanthi tumindak (akhlak) kang becik. Jamaah shalat Jumat rahimakumullah Kanthi
tumindhak tiga perkawis wonten ing hadist punika, khususipun ing dalem jaga hubungan kita
dhateng Allah saha marang sapadha sampun sahe, insyaallah kita bakal pikantuk urip ingkang
ayem lan nikmat. Mugi-mugi kita sedaya kalebet dhateng tiyang ingkang kados mekaten.
Amin allahumma amin. Khutbah II ‫ َو َع َلى آِلِه‬،‫ َو ُأَص ِّلْي َو ُأَس ِّلُم َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد اْلُم ْص َطَفى‬،‫َاْلَحْم ُد ِهلل َو َكَفى‬
‫ َو َأْش َهُد َأَّن َس ِّيَدَنا ُمَحَّم ًدا َع ْبُد ُه َو َر ُسْو ُلُه َأَّم ا َبْعُد َفَيا َأُّيَها‬،‫ َأْش َهُد َأْن اَّل إلَه ِإاَّل ُهللا َو ْح َد ُه اَل َش ِرْيَك َلُه‬.‫َو َأْص َح اِبِه َأْهِل اْلَو َفا‬
‫ َأَم َر ُك ْم ِبالَّص اَل ِة َو الَّساَل ِم َع َلى َنِبِّيِه‬، ‫ ُأْو ِص ْيُك ْم َو َنْفِسْي ِبَتْقَو ى ِهللا اْلَعِلِّي اْلَعِظ ْيِم َو اْعَلُم ْو ا َأَّن َهللا َأَم َر ُك ْم ِبَأْم ٍر َع ِظ ْيٍم‬، ‫اْلُم ْس ِلُم ْو َن‬
‫ َالّٰل ُهَّم َص ِّل َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد‬،‫ َيا َأُّيَها اَّلِذ يَن آَم ُنوا َص ُّلوا َع َلْيِه َو َس ِّلُم وا َتْس ِليًم ا‬، ‫ ِإَّن َهللا َو َم اَل ِئَك َتُه ُيَص ُّلوَن َع َلى الَّنِبِّي‬: ‫اْلَك ِرْيِم َفَقاَل‬
‫َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َك َم ا َص َّلْيَت َع َلى َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم َو َباِر ْك َع َلى َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ُمَحَّمٍد‬
‫ّٰل‬
‫ َال ُهَّم اْغ ِفْر ِلْلُم ْس ِلِم ْيَن َو اْلُم ْس ِلَم اِت‬. ‫ ِفْي اْلَع اَلِم ْيَن ِإَّنَك َحِم ْيٌد َمِج ْيٌد‬، ‫َك َم ا َباَر ْك َت َع َلى َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم َو َع َلى آِل َس ِّيِد َنا ِإْبَر اِهْيَم‬
‫ اللهم اْدَفْع َع َّنا اْلَباَل َء َو اْلَغاَل َء َو اْلَو َباَء َو اْلَفْح َش اَء َو اْلُم ْنَك َر َو اْلَبْغ َي َو الُّسُيْو َف‬،‫واْلُم ْؤ ِمِنْيَن َو اْلُم ْؤ ِم َناِت اَأْلْح َياِء ِم ْنُهْم َو اَأْلْم َو اِت‬
‫اْلُم ْخ َتِلَفَة َو الَّشَداِئَد َو اْلِمَح َن ‪َ ،‬م ا َظَهَر ِم ْنَها َو َم ا َبَطَن ‪ِ ،‬م ْن َبَلِد َنا َهَذ ا َخاَّص ًة َوِم ْن ُبْلَداِن اْلُم ْس ِلِم ْيَن َعاَّم ًة‪ِ ،‬إَّنَك َع َلى ُك ِّل َش ْي ٍء َقِد ْيٌر‬
‫ِعَباَد ِهللا‪ ،‬إَّن َهللا َيْأُم ُر ِباْلَع ْد ِل َو اإْل ْح َس اِن َو ِإْيَتاِء ِذ ي اْلُقْر َبى وَيْنَهى َع ِن الَفْح َش اِء َو اْلُم ْنَك ِر َو الَبْغ ِي ‪َ ،‬يِع ُظُك ْم َلَع َّلُك ْم َتَذَّك ُرْو َن ‪.‬‬
‫َفاذُك ُروا َهللا اْلَعِظ ْيَم َيْذ ُك ْر ُك ْم َو َلِذ ْك ُر ِهللا َأْك َبُر‬

‫‪Sumber: https://islam.nu.or.id/khutbah/khutbah-jumat-bahasa-jawa-tiga-wasiat-ingkang-‬‬
‫‪mulia-sakbibare-ramadhan-DJacK‬‬

Anda mungkin juga menyukai