Anda di halaman 1dari 6

KHUTBAH 1

‫ختبة‬

‫ْل‬ ‫اَل‬ ‫اًل َأ‬ ‫ْل‬


‫ ا ُم َن َّز ِه َع ِن الَّش ْكِل‬، ‫ ا َم ْو ُج ْو ِد َأَز َّو َب ًد ا ِب َم َكاٍن‬، ‫الَح ْم ُد ِهّٰلِل ُم َكِّو ِن اَأْلْكَو اِن‬
، ‫ َو الَّص اَل ُة َو الَّس اَل ُم َع َلى َس ِّي ِد َن ا ُم َح َّم ٍد َس ِّي ِد َو َلِد َع ْد َن اَن‬، ‫َو اَأْلْع َض اِء َو اَأْلْر َكاِن‬
‫ َأ ْش َه ُد أْن اَل ِإ ٰل َه ِإ اَّل اُهلل‬، ‫َو َع َلى ٰا ِلِه َو َص ْح ِب ِه َو َم ْن َت ِب َع ُه ْم ِب ِص ْد ٍق َو ِإ ْح َس اٍن‬
‫ َو َأ ْش َه ُد أَّن َس ِّي َد َن ا ُم َح َّم ًد ا َّر ُس ْو ُل‬، ‫َو ْح َد ُه اَل َش ْي َك َلُه اْلُم َن َّز ُه َع اَأْلْي َو الَّز َم ا‬
‫ِن‬ ‫ِن‬ ‫ِن‬ ‫ِر‬
‫ َف إِّن ي ُأ ْو ِص ْي ُكْم َو َنْف ِس ي‬، ‫ ِع َب اَد الَّر ْح ٰم ِن‬، ‫اِهلل اَّلِذ ي َكاَن ُخ ُلُق ُه اْلُق ْر آَن َأ َّم ا َبْع ُد‬
‫ َو َم ا ِم ْن َد ۤا َّب ٍة ِف ى اَاْلْر ِض ِا اَّل َع َلى‬: ‫ اْلَق اِئ ِل ِف ي ِك َت اِب ِه اْلُق ْر آِن‬، ‫ِب َت ْق َو ى اِهلل الَم َّن اِن‬
‫ٌّل‬ ‫َل‬ ‫ُق‬
‫ِهّٰللا ِر ْز َه ا َو َي ْع ُم ُم ْس َت َق َّر َه ا َو ُم ْس َت ْو َد َع َه اۗ ُك ِف ْي ِك ٰت ٍب ُّم ِب ْي ٍن‬
Sedoyo puji pangalembono tansah kaaturaken dumateng Allah ta'ala ingkang moho agung panguwaosipun ,
inggih Allah ingkang ngelampahaken sedoyo lelampahan gesang ing bumi lan langit. Sholawat soho salam
muhi katetepno dumateng junjungan agung, panutan kito sami inggih puniko sayyiduna Muhammad
SAAW. sumrambah dumateng sedoyo keluargo, sohabat lan tabi'in sedayanipun.

Selajengipun kito wasiataken dumateng pribadi soho jamaah sekalian , monggo² kito jagi kanthi kiyatipun
manah, netepi keimanan soho ketaqwaan kito dumateng Allah kewolo dumugi ing akhir hayat samangke .
Berusaha nindakaken sedoyo dawuh lan nilar sedoyo pepacuhipun.

Hadirin rohimakumullah...

Menawi kito menggalih sedoyo kemurahanipun Allah ing ndalem panggesangan meniko, saestu kito
mboten saget ngetang sepinten rejeki ingkang sampun pinaringaken dateng kito ,sanadyan sepinten
kathahipun kito taksih mbalelo dumateng dawuhipun gusti Allah,sok malah asring nindakaaken
kemaksiatan dumateng Allah SWT.
Kathahipun rejeki saking Allah, saestu mboten jumbuh kaliyan pangabekten kito dumateng Allah ,
ananging Allah taksih paring welas asihipun lan nundo kamurkananipun dateng kito . Lajeng punopo toh
ingkang kawastanan rejeki meniko? monggo kito sami memahami hakikotipun rejeki puniko . Tembung
rejeki meniko saking boso arab rizqun ingkang ngemu artos " maa yunta'afu bihi " ( sawiji-wiji kang di
gunaake lan di jupuk manfaate ), saget dipun wedaraken bilih rejeki inggih puniko sedoyo peparingipun
Allah dumateng manungso, jin, sato kewan lan woh²an, lajeng dipun pendet manfaatipun, sahe meniko
halal punopo dene haram. Kadosto dhaharan ingkang kito dhahar, unjukan ingkang kito unjuk, rasukan
ingkang kito agem, griyo ingkang kito panggeni lan sak pinunggalipun. Ananging wonten
kolomangsanipun kito sampun tumbas utawi damel dhaharan,nanging mboten saget kito dhahar awit
satunggalipun perkawis, damel utawi tumbas rasukan nanging mboten saget kito agem , ugi griyo ingkang
kito damel nanging dipun panggeni tiyang sanes, sedoyo kolowahu haqiqotipun sanes rejeki kito .

Hadirin rohimakumullah...

Rejeki mboten sewates harta ingkang halal kemawon, nanging sedoyo ingkang haram ugi kawastanan
rejeki. Ingkang halal badhe dipun tangleti saking pundi pikantukipun rejeki, lan ingkang haram badhe
dipun wales kanthi pasiksan saking Allah. Kados pangandikanipun sayyidina Ali bin Abi tholib :

‫الُّد ْن َي ا َح اَل ُلَه ا ِح َس اٌب َو َح َر اُم َه ا ِع َق اٌب‬

" Dunyo iku kang halal bakal di hisab, lan kang haram bakal di sikso "

Rejeki saben makhluk meniko sampun dipun atur lan dipun jamin dening Allah, sampun kasebat ing Al
qur'an :

ۗ‫َو َم ا ِم ْن َد ۤا َّب ٍة ِف ى اَاْلْر ِض ِا اَّل َع َلى ِهّٰللا ِر ْز ُق َه ا َو َي ْع َلُم ُم ْس َت َق َّر َه ا َو ُم ْس َت ْو َد َع َه ا‬


‫ٌّل‬
‫ُك ِف ْي ِك ٰت ٍب ُّم ِب ْي ٍن‬
" Lan ora omo sawijining makhluk kang duweni nyowo, kejobo Allah wis njamin marang rejekine .
Panjenengane mangerteni panggonane lan ono ngendi anggone nyimpen, sekabehane wis kacatet ing
kitabe Allah kang nyoto"
Imam Syafi'i r.a ugi ngendiko :

‫َع ِل ْم ُت َأ َّن ِر ْز ِق ي اَل َي ْأ ُكُلُه َغ ْي ِر ي َف اْط َم َأ َّن َب اِل ي‬

" Aku mangerteni menowo rejekiku ora bakal di pangan uwong liyo, mongko dadiyo tenang atiku "

Rejeki kito mboten bakal kalintu kaliyan tiyang sanes, sedoyo sampun wontem takeranipun piyambak² ,
sanadyan sak mempeng²ipun kito ngupadi rejeki, menawi dereng dados rejeki kito, saestu mboten badhe
dumugi dateng kito. Lan kosok wangsulipun, sak lemah²ipun tiyang menawi sampun katuju rejekinipun,
inggih bakal dumugi dateng tiyang kolowahu. Awit puniko kito kaawisan ngupadi rejeki ingkang haram,
sahe caranipun ngupadi soho sumberipun.

Sidang jum'ah ingkang dipun mulyaaken Allah...

Sanadyan rejeki meniko sampun wonten jatah lan ukuranipun, nanging Allah ugi paring kunci²pun kangge
mbikak pintunipun rejeki saking Allah. Antawisipun :

1. Taqwa ( raos ajrih dateng Allah SWT )

‫ َّو َيْر ُز ْق ُه ِم ْن َح ْي ُث اَل َي ْح َت ِس ُۗب‬، ۙ‫َو َم ْن َّي َّت ِق َهّٰللا َي ْج َع ْل َّلٗه َم ْخ َر ًج ا‬

" Lan sopo kang taqwa marang Allah bakal di paringi dalan soko urusane, lan bakal di paringi rejeki
songko arah kang ora kanyono "

2. Istigfar lan tobat marang gusti Allah

Rosulullah paring pangandikan:

‫َم ْن َلِز َم اِاْل ْس ِت ْغ َف اَر َج َع َل اُهلل َلُه ِم ْن ُكِّل َهٍّم َف َر ًج ا َو ِم ْن ُكِّل ِض ْي ٍق َم ْخ َر ًج ا‬

‫َو َر َز َق ُه ِم ْن َح ْي ُث اَل َي ْح َت ِس ُب‬

" Sopo kang ngakehake moco istigfar, mongko Allah bakal paring bebungah soko roso sedihe,dalan soko
kesempitane, ugo bakal kanugrahan rejeki kang ora di nyono² "
3. Nebihi saking tumindak maksiat

Rosulullah SAAW dawuh :

‫ِإ َّن الَّر ُج َل َلُي ْح َر ُم الِّر ْز َق ِب الَّذ ْن ِب ُي ِص ْي ُب ُه‬

" Satemene wong kang kaalang soko rejekine Allah, yoiku amargo dosa kang wis di tindakake "

4. Tawakal dumateng Allah

Allah sampun ngendiko wonten ing surat Ath tholaq ayat 3 :

‫َو َم ْن َّي َت َو َّكْل َع َلى ِهّٰللا َف ُه َو َح ْس ُب ٗه‬

" Lan sopo kang tansah tawakal marang Allah, mongko Allah kang nyukupi "

Tawakal ateges pasrah dumateng Allah saking sedoyo usaha ingkang sampun kito tindakaken, sebab
kewajiban kito namung usaha ananging punopo hasilipun saestunipun tergantung kehendakipun gusti
Allah. Sedoyo usaha namung dados sebab wujudipun hasil ingkang kito tampi.

5. Silaturahim

Rosulullah SAAW sabdo:

‫ َف ْلَي ِص ْل َر ِح َم ُه‬، ‫ َو ُي ْن َس َأ َلُه ِف ي َأ َث ِر ِه‬، ‫َم ْن َأ َح َّب َأ ْن ُي ْبَس َط َلُه ِف ي ِر ْز ِق ِه‬

" Sopo kang kepengen di lapangke rejekine lan pinaringan umur panjang, mongko podho silatirahimo "

Mekaten antawisipun kunci supados dipun bikakaken rejeki saking Allah, ingkang baken kedah kito
mangertosi bilih kathahipun rejeki mboten dados tetenger manungso dipun tresnani dening Allah lan kosok
wangaulipun sekedikipun rejeki,mboten ateges kito dipun gething dening Allah . Bab meniko sampun
dipun pertelaaken dening Rosulullah SAAW :
‫َو ِإ َّن اَهلل ُي ْع ِط ي اْلَم اَل َم ْن ُي ِح ُّب َو َم ْن اَل ُي ِح ُّب َو اَل ُي ْع ِط ي اِإْل ْي َم اَن ِإ اَّل َم ْن‬

‫ُي ِح ُّب‬
‫‪" Sak temene Allah paring rejeki marang wong kang di tresnani ugo marang wong kang ora di tresnani ,‬‬
‫" ‪nanging Allah ora paring keimanan kajobo marang wong² kang di tresnani‬‬

‫‪Mekaten keterangan babagan rejeki wonten ing dunyo meniko, mugiyo saget kito pahami lan nambah raos‬‬
‫‪kapitadosan kito dumateng Allah SWT.‬‬

‫َأُق ْو ُل َق ْو ِل ْي ٰه َذ ا َو َأ ْس َت ْغ ِف ُر اَهلل ِل ْي َو َلُكْم ‪َ ،‬ف اْس َت ْغ ِف ُر ْو ُه ‪ِ ،‬إ َّن ُه ُه َو اْلَغ ُف ْو ُر الَّر ِح ْي ُم‬

‫‪KHUTBAH 2‬‬

‫َاْلَح ْم ُد ِهلل َو َكَف ى‪َ ،‬و ُأ َص ِّلْي َو ُأ َس ِّلُم َع َلى َس ِّي ِد َن ا ُم َح َّم ٍد اْلُم ْص َط َف ى‪َ ،‬و َع َلى آِلِه‬
‫َو َأ ْص َح اِب ِه َأ ْه ِل اْلَو َف ا‪َ .‬أ ْش َه ُد َأ ْن اَّل إلَه ِإ اَّل اُهلل َو ْح َد ُه اَل َش ِر ْي َك َلُه ‪َ ،‬و َأ ْش َه ُد َأ َّن‬
‫ُل‬
‫َس ِّي َد َن ا ُم َح َّم ًد ا َع ْب ُد ُه َو َر ُس ْو ُه َأ َّم ا َبْع ُد ‪َ ،‬ف َي ا َأ ُّي َه ا اْلُم ْس ِل ُم ْو َن ‪ُ ،‬أ ْو ِص ْي ُكْم َو َنْف ِس ْي‬
‫ِب َت ْق َو ى اِهلل اْلَع ِل ِّي اْلَع ِظ ْي ِم َو اْع َلُم ْو ا َأ َّن اَهلل َأ َم َر ُكْم ِب َأ ْم ٍر َع ِظ ْي ٍم ‪َ ،‬أ َم َر ُكْم‬
‫ِب الَّص اَل ِة َو الَّس اَل ِم َع َلى َن ِب ِّي ِه اْلَكِر ْي ِم َف َق اَل ‪ِ :‬إ َّن اَهلل َو َم اَل ِئ َكَت ُه ُي َص ُّلوَن َع َلى‬
‫الَّن ِب ِّي ‪َ ،‬ي ا َأ ُّي َه ا اَّلِذ يَن آَم ُن وا َص ُّلوا َع َلْي ِه َو َس ِّلُم وا َت ْس ِل يًم ا‪َ ،‬ا لّٰلُه َّم َص ِّل َع َلى َس ِّي ِد َن ا‬
‫َل‬ ‫َن‬ ‫َل‬ ‫َّل‬ ‫َن‬ ‫َل‬
‫ُم َح َّم ٍد َو َع ى آِل َس ِّي ِد ا ُم َح َّم ٍد َكَم ا َص ْي َت َع ى َس ِّي ِد ا ِإ ْب َر اِه ْي َم َو َع ى آِل‬
‫َس ِّي ِد َن ا ِإ ْب َر اِه ْي َم َو َباِر ْك َع َلى َس ِّي ِد َن ا ُم َح َّم ٍد َو َع َلى آِل َس ِّي ِد َن ا ُم َح َّم ٍد َكَم ا َب اَر ْكَت‬

‫َع َلى َس ِّي ِد َن ا ِإ ْب َر اِه ْي َم َو َع َلى آِل َس ِّي ِد َن ا ِإ ْب َر اِه ْي َم ‪ِ ،‬ف ْي اْلَع اَلِم ْي َن ِإ َّن َك َح ِم ْي ٌد َم ِج ْي ٌد ‪.‬‬
‫َا لّٰلُه َّم اْغ ِف ْر ِل ْلُم ْس ِلِم ْي َن َو اْلُم ْس ِل َم اِت واْلُم ْؤ ِم ِن ْي َن َو اْلُم ْؤ ِم َن اِت اَأْلْح َي اِء ِم ْنُه ْم‬
‫َو اَأْلْم َو اِت ‪ ،‬اللهم اْد َف ْع َع َّن ا اْلَب اَل َء َو اْلَغ اَل َء َو اْلَو َباَء َو اْلَف ْح َش اَء َو اْلُم ْن َكَر َو اْلَب ْغ َي‬
‫َو الُّس ُي ْو َف اْلُم ْخ َت ِل َف َة َو الَّش َد اِئ َد َو اْلِم َح َن ‪َ ،‬م ا َظ َه َر ِم ْنَه ا َو َم ا َبَط َن ‪ِ ،‬م ْن َب َلِد َن ا َه َذ ا‬
‫َخ اَّص ًة َو ِم ْن ُب ْلَد اِن اْلُم ْس ِلِم ْي َن َع اَّم ًة ‪ِ ،‬إ َّن َك َع َلى ُكِّل َش ْي ٍء َق ِد ْي ٌر ِع َب اَد اِهلل ‪ ،‬إَّن‬
‫ْل‬ ‫ْل‬ ‫إْل‬ ‫ْل‬
‫اَهلل َي ْأ ُم ُر ِب ا َع ْد ِل َو ا ْح َس اِن َو ِإ ْي َت اِء ِذ ي ا ُق ْر َبى وَي ْنَه ى َع ِن الَف ْح َش اِء َو ا ُم ْن َكِر‬
‫َو الَب ْغ ِي ‪َ ،‬ي ِع ُظ ُكْم َلَع َّلُكْم َت َذ َّكُر ْو َن ‪َ .‬ف اذُكُر وا اَهلل اْلَع ِظ ْي َم َي ْذ ُكْر ُكْم َو َلِذ ْكُر اِهلل‬
‫َأ ْكَب ُر‬

Anda mungkin juga menyukai