Anda di halaman 1dari 5

Kautaman Nutup Aib Sedherek Muslim

‫ِإَّن اْلَحْم َد ِهَّلِل َنْح َم ُد ُه َو َنْسَتِع يُنُه َو َنْسَتْغ ِفُر ُه َو َنُعوُذ ِباِهلل ِم ْن ُش ُروِر َأْنُفِس َنا َو ِم ْن َس ِّيَئاِت َأْع َم اِلَنا َم ْن َيْهِد ُهَّللا َفَال ُمِض َّل‬

‫َلُه َو َم ْن ُيْض ِلْل َفَال َهاِدَى َلُه‬,

‫َأْش َهُد َأْن َال ِإَلَه ِإَّال ُهَّللا َو ْح َد ُه َال َش ِر ْيَك َلُه َو َأْش َهُد َأَّن ُمَحَّم ًدا َع ْبُد ُه َو َر ُسوُلُه‬,

‫الّلُهَّم َص ِّل َع َلى َنِبِّيَنا ُم َحَّمٍد َو َع َلى آِلِه َو َم ْن َتِبَع ُهْم ِبِإْح َس اٍن ِإَلى َيْو ِم الِّدْيِن‬,

‫َك َم ا َقال ُهللا َتَع اَلى ِفْي ِكتاِبِه‬. ‫ َفَيا ِع َباَد هللا ُأِص ْيُك ْم َو َنْفِس ــْي ِبَتْقــَو ى هللا َفَقــْد َفاَز ا اْلُم َّتُقــــْو َن‬. ‫َأَّم ا َبْعُد‬

‫ َيا أُّيَها اَّلِذ ْيَن َأَم ُنوا اَّتُقوا َهللا َح َّق ُتَقاِتِه واَل َتُم وُتَّن ِإاَّل َو َاْنُتم‬،‫ َأُع ْو ُذ ِباِهلل مَن الَّش ْيَطاِن الَّر ِج ْيم‬:‫الَك ِرْيم‬

‫ُم ْس ِلُم وَن‬

. ‫ ُيْص ِلْح َلُك ْم َأْع َم اَلُك ْم َو َيْغ ِفـــْر َلُك ْم ُذ ُنْو َبُك ْم‬،‫ َياَأُّيَها اَّلِذ ْيَن َأَم ُنوا اَّتُقوا اهللا َو ُقْو ُلْو ا َقْو ًال َسِد ْيًدا‬،‫َو َقاَل َأْيًضا‬

‫َو َم ْن ُيِط ِع َهللا َو َر ُسْو َلُه َفَقْد َفاَز َفْو ًز ا َع ِظ ْيًم ا‬

Sumangga kita sedaya tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah subhanahu wata’ala,
Dzat ingkang Maha Welas lan Maha Asih, kanthi paring tumrap hambanipun mapinten-pinten
kenikmatan, saha nikmat batos punapa lahir. Sahingga kanthi nikmat punika, kulo panjenengan
sami saget tansah ngibadah wonten panggesangan sak meniko.

Shalawat ugi salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Rasulullah Muhammad
shallallahu ‘alaihi wasallam, sumrambah dhateng kaluwarganipun para sahabat, ugi para
penderekipun dumugi dinten kiamat. Aamiin

Khatib tansah caos pepenget kagem sedaya jamaah Jumat ingkang minulya, supados ningkataken
iman lan takwa dhumateng Allah Ta’ala, awit takwa mujudaken sangu ingkang paling sae
rikalanipun ngadhep dhumateng ngarso dalem Allah Subhanahu Wa Ta’ala.

Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah


Sak menika kula lan panjenengan mriksani, pripun gampilipun salah setunggaling tiyang mbikak
aib sesami, madosi kelepatan tiyang sanes, nyebarluas aken lan malah ndadosaken aib menika
lelucon, mboten ngrumaosi kados pripun bahaya nipun.
Tiyang menika wicanten tanpa nggatosaken awisan agami, tanpo fakta lan namung nuruti hawa
nafsu kemawon. Ugi mboten ngrumaosi menawi sadaya guneman ingkang medal saking
lisanipun mangke badhe dipun suwuni tanggungjawab wonten ngajengan ipun Allah subhanahu
wata’ala.

Kamangka amal menika amal lan akhlak mboten sae lan kagolong awisan agama.
Allah Ta’ala sampun dhawuhaken wonten ing al-Quran surat al-Hujurat ayat 12,
‫ٰٓيَاُّيَها اَّلِذ ْيَن ٰا َم ُنوا اْج َتِنُبْو ا َك ِثْيًرا ِّم َن الَّظِّۖن ِاَّن َبْع َض الَّظِّن ِاْثٌم َّو اَل َتَج َّس ُسْو ا َو اَل َيْغ َتْب َّبْعُض ُك ْم َبْعًض ۗا‬

‫َاُيِح ُّب َاَح ُد ُك ْم َاْن َّيْأُك َل َلْح َم َاِخ ْيِه َم ْيًتا َفَك ِر ْهُتُم ْو ُۗه َو اَّتُقوا َهّٰللاۗ ِاَّن َهّٰللا َتَّو اٌب َّر ِح ْيٌم‬
“He wong kang podo Iman! sira padha ngedohna ing akeh-akehing panyana, satemene ana
saweneh ing panyana iku dosa! Lan sira aja golek-golek alaning liyan, Ian ‘aja nyatur ala
saweneh ira marang sawenehe. Apa dhemen ta manawa salah sawiji nira iku mangan daginge
sadulure dhewe kang wus mati? Mesthi wae sira ora padha dhemen. Sira padha wedia ing Allah,
sanyata Allah subhanahu wata’ala iku kapareng narima tobat tur Maha Asih.”

Tiyang ingkang mboten purun nutup aib sedherekipun, utawi malah remen mbikak lan nyebar
aib lan kekirangan sadherekipun sesami muslim angsal ancaman ingkang awrat saking Allah
Ta’ala.

Allah ndhawuhaken wonten al-Qur’an surat an-Nur ayat 19:

‫ِاَّن اَّلِذ ْيَن ُيِح ُّبْو َن َاْن َتِش ْيَع اْلَفاِح َش ُة ِفى اَّلِذ ْيَن ٰا َم ُنْو ا َلُهْم َع َذ اٌب َاِلْيٌۙم ِفى الُّد ْنَيا َو اٰاْل ِخَر ِۗة َو ُهّٰللا َيْع َلُم َو َاْنُتْم‬
‫اَل َتْع َلُم ْو َن‬

“Sanyatane wong-wong kang ndhemen nyebarake perkara ala ana ing kalangane wong-wong
Mu’min iku, yekti dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara ana ing Donya lan Akherat,
lan Allah iku Nguningani, dene sira kabeh ora padha ngerti.”

Jamaah shalat Jumat ingkang minulyo


Lisan menika amanah kangge dipun gunakaken wonten perkawis sae lan minulyo miturut agama
lan akal sehat. Menawa tiyang ngumbar aib tiyang sanes langkung-langkung tiyang islam mila
kalebet tumindak nyiakaken amanah, ingkang hukumanipun dosa.
Imam Ibnu Katsir rahimahullah nerangaken menawi saben perkawis ingkang dipun ucapaken
manungsa mesthi badhe dipun serat dening Malaikat ingkang tansah ngawasi, mboten bakal
luput sakecap kemawon.

Ngendikanipun Allah Ta’ala wonten al-Quran surat al-Infithar ayat 10-11,


‫ ِكَر اًم ا َك اِتِبْيَۙن‬. ‫َو ِاَّن َع َلْيُك ْم َلٰح ِفِظ ْيَۙن‬
“Ing mangka tumrap sira kabeh ana Malaikat kang tansah niti priksa tumindakira. Yaiku para
Malaikat kang minulya ing ngarsaing Allah, sarta nulisi amal ira.”
Dados, mboten dipun pungkuri malih menawi sedaya ucapan ingkang medal saking lesan kita
badhe dipun serat dening malaikat. Cathetan puniko wau dados sangu amalan ingkang badhe
dipun timbang wonten dinten akhir sak mangke.

Jamaah shalat Jumat ingkang dipun tresnani Allah


Wonten kaedah ing agami Islam inggih menika al-Jaza’ min Jinsil Amal, bilih balesan saking
Allah Ta’ala tumrap setunggaling amal kesaenan menika sami kaliyan amal menika piyambak.
Sinten kang seneng nutupi aib sedherek muslimipun, Allah mangke bakal nutupi aibipun wonten
ing akhirat.

Kita kadang mboten sadar bilih dosa kang kita tindakke menika wonten kalanipun kanthi sengaja
punapa kang mboten sengaja. Ananging sedaya menika tetep dipun suwuni tanggung jawab
wonten ing dino kiyamat.

Hadits saking sahabat Abu Hurairah, piyambakipun nate mireng Rasulullah shallallahu ‘alaihi
wasallam paring dhawuh wonten ing hadits ingkang dipun riwayataken Imam al-Bukhari lan
Muslim,

‫َو َم ْن َس َتَر ُم ْس ِلًم ا َس َتَر ُه ُهَّللا َيْو َم الِقَياَم ِة‬


“Sapa kang nutupi aib sedulur e islam, mangka Allah bakal nutui aibe ing dino kiamat.”
Jamaah shalat Jumat ingkang dirahmati Allah
Nutup aib sedherek muslim menika maknanipun ampun ngantos napa tumindak ala menika
ndadhosaken sedherek kita kala wau lajeng ina lan dados obyek hujatan tiyang kathah, kamangka
tiyang kalawau saget diparingi nasehat kanthi pribadi. Kanthi tujuan mugio nasehat pribadi wau
saget ndadhosno tiyang menika sadar lan taubat dhumateng Allah Ta’ala.
Langkung-langkung ing wekdal sakmenika, kathah tiyang menika ngumbar aib tiyang sanes
kanthi tujuan ndawahaken marwahipun karana tiyang kalawau saingan bisnisi pun menawi,
utawa lawan politikipun, utawi karana hasud piyambakipun tiyang punika.

Allah ndhawuhaken wonte al-Quran surat an-Nur ayat 19,

‫ِاَّن اَّلِذ ْيَن ُيِح ُّبْو َن َاْن َتِش ْيَع اْلَفاِح َش ُة ِفى اَّلِذ ْيَن ٰا َم ُنْو ا َلُهْم َع َذ اٌب َاِلْيٌۙم ِفى الُّد ْنَيا َو اٰاْل ِخَر ِۗة َو ُهّٰللا َيْع َلُم َو َاْنُتْم‬
‫اَل َتْع َلُم ْو َن‬
“Sanyatane wong-wong kang ndhemen nyebarake perkara ala ana ing kalangane wong-wong
Mukmin iku, yekti dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara ana ing Donya lan Akherat,
lan Allah iku Nguningani, dene sira kabeh ora padha ngerti.”

Jamaah shalat Jumat rakhimakumullah


Mekaten khutbah Jumat ingkang saget kawulo aturaken, Mugi-mugi wonten manfaat dumateng
diri khotib pribadi lan jamaah sedayanipun…Aamiin

‫باَر َك ُهللا ِلْي َو َلُك ْم ِفي اْلُقْر ٰا ِن اْلَعِظ ْيِم َو َنَفَعِني َو ِاَّياُك ْم ِبَم ا ِفْيِه ِم َن اٰاْل َياِت َو الِّذْك ِر اْلَحِكْيِم َو َتَقَّبَل ِم ِّنْي‬
‫َو ِم ْنُك ْم ِتاَل َو َتُه ِاَّنُه ُهَو الَّس ِم ْيُع اْلَعِلْيُم‬
‫‪KHUTBAH KEDUA‬‬

‫الَح ْم ُد ِهلل َر ِّب الَع الِم ْيَن َو الَّص َالُة َو الَّسَالُم َع َلى َأْش َر اِف اَألْنِبَياِء َو المْر َسِلْيَن َنِبِّيَنا ُمَح َّمٍد َو َع َلى آِلِه َو َص ْح ِبِه‬
‫َأْج َم ِع ْيَن‬
‫َأْش َهُد َأْن َال ِإَلَه ِإَّال ُهَّللا َو ْح َد ُه َال َش ِر ْيَك َلُه َو َأْش َهُد َأَّن ُمَح َّم ًدا َع ْبُد ُه َو َر ُسوُله‬

‫الّلُهَّم َص ِّل َع َلى َنِبِّيَنا ُمَح َّمٍد َو َع َلى آِلِه َو َم ْن َتِبَع ُهْم ِبِإْح َس اٍن ِإَلى َيْو ِم الِّدْيِن‬

‫ِاَّن َهللا َو َم َالِئَكَتُه ُيَص ُّلْو َن َعلَى الَّنِبْى َيَا ُّيَهااَّلِذ ْيَن آَم ُنْو اَص ُّلْو اَع َلْيِه َو َس ِّلُم ْو ا َتْس ِلْيًم ا‬

‫اللُهَّم اْغ ِفْر ِلْلُم ْس ِلِم ْيَن َو المْس ِلَم اِت َو المْؤ ِمِنْيَن َو المْؤ ِم َناِت اَألْح َياِء ِم ْنُهْم َو اَألْم َو اِت ِإَّنَك َسِم ْيٌع َقِر ْيٌب ُم ِج ْيُب‬
‫الَّدْع َو ِة‬

‫الَّلُهَّم ِإَّنا َنْس َأُلَك الُهَدى َو الُّتَقى َو الَع َفاَف َو الِغ َنى‬

‫َر َّبَنا اْغ ِفْر َلَنا َو ِإِل ْخ َو اِنَنا اَّلِذ يَن َسَبُقوَنا ِباِإْل يَم اِن َو اَل َتْج َع ْل ِفي ُقُلوِبَنا ِغ اًّل ِّلَّلِذ يَن آَم ُنوا َر َّبَنا ِإَّنَك َر ُء وٌف َّر ِح يٌم‬

‫َر َّبَنا َهْب َلَنا ِم ْن َأْز َو اِج َنا َو ُذ ِّر َّياِتَنا ُقَّرَة َأْع ُيٍن َو اْج َع ْلَنا ِلْلُم َّتِقيَن ِإَم اًم ا‬

‫َر َّبَنا آِتَنا ِفي الُّد ْنَيا َح َس َنًة َو ِفي اآْل ِخ َر ِة َح َس َنًة َو ِقَنا َع َذ اَب الَّناِر‬

‫ُسْبَح اَن َر ِّبَك َر ِّب اْلِع َّز ِة َع َّم ا َيِص ُفْو َن َو َس َالٌم َع َلى اْلُم ْر َسِلْيَن َو اْلَح ْم ُد ِهَّلِل َر ِّب اْلَع اَلِم ْيَن‬

Anda mungkin juga menyukai