Anda di halaman 1dari 3

SAMBUTAN SHOHIBUL BAIT/ TUAN RUMAH

َ‫اَلسَلََمََعَلَيَكَمَََوَرحَمَةََاللَهََ َوبَرَََكَاَتَه‬
‫بِس ِم اللَهَ الرحم ِن الرِحي ِم‬
َ‫ َو الصلَة َو السلَم َعلَى َسيِ ِدنَا َو َمولَنا‬.‫الدين‬
ِ ‫ب العلَ ِمين و بِِه نَستعِين وعلىَاموِر الدن يا و‬
َ َ َ َ
ِ ‫اَلَحَمَدََلَلَهََر‬
َ
َ.َ‫َأَمَاَبَعَد‬.‫محمدَ وعلىَاَلهَوصَحَبهَ اَج َمعِي َن‬

Hadrotal muhtaromin poro alim ulama’ soho sesepuh pinisepuh ingkang kawulo hormati, ugi
dumateng poro rawuh sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Puji syukur sumonggo kito aturaken dumateng gusti Allah swt. Kanti ucapan
Alhamdulillahirabbil 'alamin, keranten kito sedoyo teseh dipun paringi pinten-pinten
kenikmatan sehinggo kito saget kempal wonten ing dalem kulo puniko kanti keadaan ingkang
sekeco, soho kito sedoyo senantiasa purun nglampahi perintah-perintahipun soho nebihi
sedoyo larangan-laranganipun.
Sholawat soho salam sumonggo senantiasa kito aturaken dumateng junjungan kito, Nabi
Agung Muhammad ‫ﷺ‬. Mugi-mugi kito sedoyo dipun paringi syafaatipun benjang wonten ing
yaumil qiyamah, aamiin.
Poro rawuh sedoyo ingkang kawulo hormati, awulo minangkani tuan rumah utawi shohibul
bait ngaturaken matursuwun sanget atas rawuhipun panjenengan sedoyo, mugi-mugi amal
sholeh panjenengan sedoyo dipun tampi deneng Allah swt.
Saklajengipun atas sedoyo kekirangan lan kekhilafan kawulo, soho mengenai palenggahan
utawi pasugoto ingkang mboten ngremeni wonten penggalih panjenengan sedoyo, sepindah
maleh kawulo nyuwun agunge samudro pangapunten.
Wondene asror soho fadhilahipun waosan Asmaul Husna soho surat Yasin sak mangkeh
mugiho katur dumateng:
1. Kulo sak keluargo kulo
2. Sedoyo ahli kuburipun kawulo sak keluargo soho guru-guru kawulo, khususipun
dumateng; 1,........... 2,.......... 3,..........
3. Arwah-arwah ingkang dipun kintun dalu puniko
4. Dumateng sedoyo muslimin muslimat.
Semanten sangking kawulo, Billahi Taufiq Walhidayah.
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.
PRANOTO ADICORO / MC

َ‫اَلسَلََمََعَلَيَكَمَََوَرحَمَةََاللَهََ َوبَرَََكَاَتَه‬
‫بِس ِم اللَهَ الرحم ِن الرِحي ِم‬
َ‫ َو الصلَة َو السلَم َعلَى َسيِ ِدنَا َو َمولَنا‬.‫الدين‬
ِ ‫ب العلَ ِمين و بِِه نَستعِين وعلىَاموِر الدن يا و‬
َ َ َ َ
ِ ‫اَلَحَمَدََلَلَهََر‬
َ
َ.َ‫َأَمَاَبَعَد‬.‫محمدَ وعلىَاَلهَوصَحَبهَ اَج َمعِي َن‬
Hadrotal muhtaromin poro alim ulama’ soho sesepuh pinisepuh ingkang kawulo hormati,
dumateng kakak/sederek .......................... shohibul bait sakeluargo ingkang kawulo hormati, ugi
dumateng poro rawuh sedoyo ingkang kawulo mulyaaken.
Puji syukur sumonggo kito aturaken dumateng gusti Allah swt. Kanti ucapan
Alhamdulillahirabbil 'alamin, keranten kito sedoyo teseh dipun paringi pinten-pinten
kenikmatan sehinggo kito saget kempal wonten ing dalemipun kakak/sederek........................ ing
dalu puniko kanti keadaan sehat wal afiyat.
Sholawat soho salam sumonggo senantiasa kito aturaken dumateng junjungan kito, kanjeng
nabi Muhammad ‫ﷺ‬. Mugi-mugi kito sedoyo dipun paringi syafaatipun benjang wonten ing
yaumil qiyamah, aamiin.
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, kawulo teng mriki kepatah pranoto adicoro, mboten
katah-katah anggen kawulo matur, kawulo badhe maosaken reruntutanipun adicoro ingkang
badhe kalampah ing dalu meniko inggih puniko :
1. Pembukaan
2. Sambutan tuan rumah/ shohibul bait
3. Waosan asmaul husna
4. Waosan surat yasin
5. Doa
6. Penutup
Sumonngo acoro meniko kito bukak kanthi waosan Ummul Kitab sareng-sareng, mugi-mugi
acoro dalu meniko saget lancar, wiwit awal ngantos akhiripun acoro, pikantuk berkah soho
ridhonipun Allah swt aamiin.
‘Ala hadzihin niyyah AL-FAATIHAH...
Adicoro saklajengipun inggih puniko sambutan tuan rumah/shohibul bait ingkang dipun
aturaken dumateng kakak/sederek ………................ , dumateng panjenenganipun kawulo
sumanggaaken.
Matursuwun sanget atas sambutanipun.
Dipun lajengaken adicoro inti inggih puniko waosan Asmaul Husna, kaaturaken dumateng
kakak/sederek ..............., waosan surat Yasin kaaturaken dumateng kakak/sederek ..............., lan
do’a kaaturaken dumateng kakak/sederek ................
Ananging sak derengipun acoro meniko dipun milai, kawulo minangkani pranoto adicoro nyuwun
agunge samudro pangapunten atas sedoyo kekirangan lan kekhilafan kawulo.
Billahi Taufiq Walhidayah.
Wassalamu’alaikum Warohmatullahi Wabarokatuh.
Dumateng panjenenganipun secara berturut-turut kawulo sumanggaaken.

Anda mungkin juga menyukai