Anda di halaman 1dari 2

‫السالم عليكم ورمحة اهلل وبركاته‬

ّ
َ َ ‫َْج لع ح‬ ‫ل‬ ‫ٍ ع لل‬ ‫الصال َ ُة َو ّ ع‬ ّ ‫ال َ لم َو‬ ‫ِّل ال َّ لذ حي اَنحعَ حمنَا بلنلعح َم لة ا لحِل حْي َ ل‬
َ ‫ان َو احِلل حس‬ ‫ا َ حْلم ُد ّل ل‬
‫اهلل‬ َ َ ‫السال َ ُم ََلَ ُُم َ َّمد َو ََلَ اله َوا حَص َحابله ا ح‬
ُ ّ‫ْي أ حشهَ ُد ا حَن ِلإلل َ َه إلِل‬ ‫َح‬
‫ أ َ َّما بَعح َُد‬. ‫ْي‬ ‫ل‬ َ
َ ‫العاملْي َوأ حشهَ ُد ا ََّن ُُم َ َّم ًدا َر ُس حو ُل اهلل َخات ُم النَّب للي ّ ح‬
َ ‫رب‬ُّ
almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,
ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo Dzurriyah ...........
wabil khusus shohibul bait, shohibul hajat, Bapak ….....…….sekeluarga

alhamdulillah, monggo kito aturan puji syukur dumateng ngarsanipun


Allah SWT kanthi ucapan Alhamdulillahirobbil ‘aalamiin, ingkang
sampun paring pinten-pinten kenikmatan dumateng kulo
panjenengan sedoyo, dene menopo kulo panjenengan sedoyo saget
angrawuhi jamaah rutin wonten dalemipun Bapak …… kanthi
kawontenan sehat wal afiat mboten wonten rubedo menopo-
menopo, Mugi-mugi kehadiran kulo panjenengan sedoyo estu-estu
dicatet kalian Allah SWT dadoso amalan hasanah fiddini waddunya
wal aakhirah, Amin 2X
Sak lajengipun sholawat lan salam monggo kito aturaken dumateng
junjungan kito kanjeng nabi Muhammad SAW, biqouli Allahumma sholli
‘alaa Muhammad…
ingkang sampun paring pitedah dumateng kulo panjenengan sedoyo
arupi diinul Islam, arupi agami Islam, Mugi2 dalu menika ngantos akhir
hayat kulo panjenengan sedoyo tetep netepi agami Islam, lan
mbenjang wonten yaumil qiyaamah, kulo panjenengan sedoyo
dadoso umatipun Muhammad ingkang angsal syafaatipun kanjeng
nabi Muhammad SAW. Amin 2X yaa robbal ‘alamin…

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, kawulo ing mriki


selaku panoto adicoro ing pakempalan meniko. Wondene adicoro
ingkang bade lumampah inggih meniko:
1. pembukaan
2. Waosan arwah
3. Waosan Surat Yasin lan tahlil
4. Penutup/do’a
Monggo pakempalan menika kito mulai kanthi pembukaan ummul
qur’an shurotul fatihah
...... ‫عَل هذه النية وعَل كل نية صاْلة ؛ الفاحتة‬
Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken. Adicoro
saklajengipun inggih meniko wahosan arwah ingkang bade
kasampekaken dening ..........
Mekaten kolo wahu wahosan arwah, dhumateng sederek .... kulo
aturaken agunging panuwun.
Adicoro Saklajengipun waosan yasin lan tahlil, dumateng
panjenenganipun Bapak …...... Lan barokah do’a ipun kulo suwun
Bapak. .....
Mekaten kolo wahu wahosan Surat Yasin ugi tahlil, dhumateng Bapak
..... lan bapak .... kawulo aturaken agunging panuwun.

Bapak-bapak poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, mekaten kolo


wau waosan yasin, tahlil, lan doa sampun kolo lan panjenengan
lampahi kanthi lancar lan gangsar, Mugi-Mugi, menopo ingkang
dados niat lan hajatipun kito sedoyo estu-estu dipun qabulaken dening
Allah SWT. Amin

Atas Nami shohibul bait, Bapak ........….. ngaturaken agunging


panuwun atas kerawuhan lan doa kulo panjenengan sami, lan nyuwun
ngapunten mbok bilih anggenipun paring panghormatan, pinaraan
ugi hidangan mboten nocoki dumateng panjenengan jedoyo.

Kulo piyambak, selaku pranoto acoro, nyuwun pangapunten mbok


bilih wonten kirang langkung atur kulo dumateng panjenengan
sedoyo.

Akhiru kalam,
‫مح ُة ه ل‬
َ‫اِّل َوب َ َركَا ُت ُه‬ َّ ‫ َو‬،‫َوالحعَ حف ُو لمنح ُك حم‬
َ ‫الس َال ُم عَلَي ح ُك حم َو َر ح‬
Allahumma sholli alaa Muhammad.…

Anda mungkin juga menyukai