Anda di halaman 1dari 3

‫السالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬

َّ ‫الص)اَل ةُ َو‬
‫الس)اَل ُم‬ ْ )‫ست َِع ْين َعلَى ُأ ُم‬
َّ ‫)و ِر ال) ُّد ْنيَا َوال) ِّد ْين َو‬ ْ َ‫س ِم هللاِ ال َّر ْحمٰ ِن ال َّر ِح ْيم ا ْل َح ْم ُد هلِل ِ َر ِّب ا ْل َعالَ ِم ْين َوبِ ِه ن‬
ْ ِ‫ب‬
َ ‫سلِ ْين َو َعلَى ٰالِ ِه َو‬
‫ َأ َّما بَ ْع ُد‬. ‫ص ْحبِ ِه اَ ْج َم ِع ْين‬ َ ‫سيِّ ِدنَا ُم َح َّم ٍد َخ ْي ِرا ْل ُم ْر‬
َ ‫َعلَى‬
Wonten ngarsanipun poro alim ulama, poro kiyai ingkang tansah kito toati lan
kito mulyaaken khususipun almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin saking
Grobogan, Romo KH. Ahya Daroini, Romo KH. Zuhri Wafa Al-Hafidh, Romo
KH. Fahmi Aqwa Al-Hafidh, Romo KH. Zadun Naja Al-Hafidh, soho poro
masyayekh ingkang mboten saget kawulo sebat setunggal-setunggalipun.
Wonten ngarsanipun poro sesepuh, pinisepuh, ajisepuh soho poro pepunden
ingkang dahat kinabekten.
Dumateng bapak muspika kecamatan gubug ingkang kawulo hormati
Dumateng Bapak Kepala desa Ginggangtani Bapak H. Bambang Purnomo, SH
serto pejabat pemerintah Desa Ginggangtani ingkang kawulo hormati.
Dumateng sedoyo tamu undangan, poro bapak lan poro ibu hadirin hadirot
rokhimakumulloh.

Sak derengipun adicoro kelaksanan, sumonggo kito muji syukur dumateng


ngarsanipun Alloh SWT. Awit kanti lantaran rohmat soho ni'matipun, kito
sedoyo saget makempal wonten ing meniko panggenan kangge memperingati
acoro Sedekah bumi atawi apitan warga desa Ginggangtani, wonten ing
siang meniko kanthi kawontenan sehat wal'afiat.
Sholawat soho salam, mugi-mugi tansah dipun haturaken dumateng ngarsanipan
Nabi Agung Muhammad SAW. Panjenenganipun ingkang ngasto soho maringi
syafa'at wonten ing dinten qiyamat. Mugi-mugi kito sedoyo dados ummat
ingkang angsal syafa'at benjang wonten ing dinten qiyamat. Aamiin

Hadlirin-hadlirot ingkang minulyo. Kepareng matur bilih wonten ing mriki


kawulo kajibah minangkani pranoto adicoro. Awit gegayutan kalian wekdal sak
antawis siang, pramilo bade kawulo waosaken reraci’ing adicoro ingkang badhe
lumampah wonten ing siang meniko:
1. Adicoro ingkang ongko setunggal inggih meniko pembukaan
2. Adicoro ingkang ongko kalih waosan ayat-ayat suci Al qur'an
3. Adicoro ingkang ongko tigo atur pembagyo (sambutan-sambutan)
4. Dene adicoro ingkang ongko sekawan istirohah
5. Adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko mauidzoh hasanah
6. Adicoro ingkang ongko enem inggih meniko do'a penutup
Mekaten kolowau menggah reraci’ing adicoro ingkang badhe lumampah
wonten siang meniko. Pramilo sumonggo acoro ingkang ongko setunggal kito
bikak sesarengan kanti washilah surat alfatihah, mugi-mugi acoro-acoro
ingkang badhe kito lampahi mangkeh mboten wonten setunggalipun alangan
punopo-punopo.
... ‫الص)الِح‬ َ ‫س)لَّ َم َوع َٰلى َم)انَ َوى‬
َّ ‫س)لَفُنَا‬ َ ‫ص)لَّى هللاُ َعلَ ْي) ِه َو‬ ُ ‫ش)فَا َع ِة َر‬
َ ِ‫س) ْو ِل هللا‬ َ ِ‫ت هللاِ تَ َع))الَى َول‬ َ ‫اِل ْبتِ َغا ِء َم ْر‬
ِ ‫ضا‬
‫الفاتحه‬

Dumawah acoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci
Alqur’an, ingkang badhe dipun waosaken dening Mas Riyanto. dumateng
panjenenganipun dipun sumangga-aken.
Kawulo haturken matur sembah nuwun

Lumebet adicoro ongko tigo inggih meniko atur pembagyo. Atur pembagyo
ingkang ongko setunggal saking panitia, ingkang badhe dipun haturaken dening
Bapak Ali Sodikin, S.Pd . dumateng Bapak Ali Sodikin, S.Pd wekdal soho
panggenan dipun sumanggga-aken.
Kawulo haturaken gunging panuwun

Atur pembagyo ingkang ongko kalih saking kepala Desa Ginggangatani,


ingkang badhe dipun sarerani dening Bapak H. Bambang Purnomo, SH
dumateng Bapak H. Bambang Purnomo, SH wekdal soho panggenan dipun
sumanggga-aken.
Kawulo aturaken matur sembah nuwun.

Adicoro ingkang ongko sekawan istirohah (ingkang badhe dipun isi grup
hadhroh jamuro)
(Dumateng pamuladi kasuwun enggal angayahi jejibahanipun)

Hadirin-hadirot ingkang minulyo. Lumebet adicoro ingkang kito tenggo-tenggo


inggih puniko mauidzoh hasanah, ingkang badhe dipun wedar sabda’aken
dening panjenenganipun almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin saking
Grobogan. Dumateng almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin saking
Grobogan sasono dalah suasono kawulo aturaken sumonggo.
Dumateng almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin kawulo haturaken matur
sembah nuwun.

Saklajengipun adicoro ingkang ongko enem inggih puniko do’a, ingkang badhe
kaberkahi dening Romo .......................... ,
Ananging sak derengipun do’a ka-aturaken, kawulo minongko pranotocoro
hambok bilih wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trepsilaning atur,
kawalo nyuwun samudro pangaksami

ِ ‫ص ْي ُك ْم َونَ ْف‬
ِ‫سى بِتَ ْق َوى هللا‬ ُ ‫ٰأ ِخ ُر الكَاَل ِم َوبِاهللِ الت َّْوفِ ْي‬
ِ ‫ق َوا ْل ِهدَايَةُ ُأ ْو‬
‫والسالم عليكم ورحمة هللا وبركاته‬
Dumateng Romo ...................... Kawulo sumangga-aken

Anda mungkin juga menyukai