Anda di halaman 1dari 11

Contoh Pidato Singkat Bahasa Jawa Perpisahan Sekolah

Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :


Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha
karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal
menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal
kanthi pinaringan karaharjan.
Isi Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami
dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula
sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten
ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru
pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan,
kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos
dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak
Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani
penggalih panjenengan sedaya.
Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah
pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten
mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.


Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya
niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah
swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget
kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun
tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;.
Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945
sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun.
Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad
niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar
dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi
ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados
pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :
Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi
saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing
nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.
Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.
Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo
ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi
ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon
lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.
Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah
ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin
yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Assalamualaikum Wr. Wb.


Kula nuwun, para penglayat kakung sumawana putri ingkang satuhu ambeg sadu budi.
Kula ingkang kajibah minangka wakilipun keluwarga.
ingkang nembe bela sungkawa nandhang dhurita, ngaturaken puja-puji pudyastuti ing ngarsaning
Pangeran ingkang Murbeng dumadi.
Para ahli waris kulawarga saking almarhum/almarhumah nga turaken gunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng panje nengan sami ingkang sampun karsa ngrawuhi saha paring pakurraatan upacara angkatipun suwargi almarhum/almarhumah..
Sanesipun punika para ahli waris keluargainggih
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dumateng para sanak sedherek. pamong mitra
tangga tepalih ingkang sampun Kanthi rila legawaning penggalih paring pambiyantu saha
penyumbang ingkang awujud punapa kemawon tumrap upacara pakurmatan layon. Mugi-mugi
sedaya sih kadarman saha amal kesaenan panjenengan angsala piwales kanugrahaning Gusti Allah
SWT. ingkang metikel-tikel.
Ingkang kita suwun mugi-mugi arwanipun almarhum/almarhumah angsala berkat
rahmating Pangeran Ingkang Maha
Agung. Pinaringan jembar kuburipun saha pinanngan pajar margi-nipun saged lepas paranipun,
dipun apunten sedaya kelepatan saha dosa-dosanipun.
Mugi-mugi sedaya kelawarga ingkang tinilar pinaringan manah ikhlas, rila saha narima mg takdir.
Mugi-mugi pinaringan sabar lan tawakkal, pinaringan kekiyatan lahir batin anggempun nindakaken
darmaning agesang.
Manungsa punika namung sadremi nglampahi. Amargi kita punika syektosipun namung titipanipun
Pangeran ingkang sawanci-wanci kapundhut. Pramila kita namung saged sumarah wonten
ngarsaning Pangeran.
Wasana mbokbilih nalika sugengipun almarhum/almarhumah ?:athah kelepatanipun, para waris
nyuwunaken gunging panga-punten.
Rehning sampun dumugi titiwancinipun layon badhe enggal kaangekatan. kula siged samanten
kemawon atur kula. mBok bilih wonten klenta-klintuning rembak kula nyuwun agunging
pangaksama. Nuwun.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Pembukaan Pidato Bahasa Jawa Hari Pahlawan


Salam,
Nuwun, para tamu undangan ingkang kula hormati, para mudha-mudhi ingkang satuhu kula
tresnani.
Isi Pidato Hari Pahlawan :
Sampun kawuningan bilih saben tanggal 10 November bangsa kita mengeti Hari Pahlawan. Kangge
ngengeti bilih rikala tanggal 10 November 1945, ing Surabaya wonten prastawa perang ageng ing
antawisipun bangsa Indonesia ingkang dipun pelopori arek-arek Surabaya nyingkiraken Walanda
ingkang
manut
sekutu
(Inggris)
mlebet
ing
tanah
Jawi.
Saking semangatipun arek-arek Surabaya lan rakyat ing tlatah Indonesia sanesipun. Ing
selajengipun damel horeging donya, ngantos dewan keamanan PBB tumut campur tangah ngengingi
peristiwa menika.
Poro rawuh sedaya, saha mudha-mudhi ingkang kula hormati. Ing pangetan menika kula mboten
badhe caos gegambaran bab peristiwa ing tanggal 10 November 1945. Nanging badhe ngengetaken
bab semangat perjuangan pahlawan perlu kalajengaken kangge nindakaken pembangunan.
Kanthi rahmating Gusti Allah ingkang Maha Adil, para pejuang wekdal semanten saged ngrebat
wilayah Surabaya. Arek-arek Surabaya ingkang dipun pendhegani dening panjenengan Bung Tomo
kanthi sora paring semangat. Jiwa lan semangat 10 November taksih wonten manahipun bangsa
kanggeh mbangun negari Indonesia. Kathah para pejuang gugur ngurbanaken jiwa raga lan bandha
kangge
mbela
bangsa
lan
negari.
Pramila mangga sesarengan kita lajengaken menapa ingkang dados gegayuhaning para pahlawan.
Para rawuh ingkang kulo hormati, cekap semanten atur kula bilih wonten kiranging atur saha solah
bawaw ingkang kirang mranani penggalih panjenengan. Mawantu-wantu kula nyuwun agenging
samodra pengaksami. Mugi-mugi bangsa kita tansah pikantuk rahmat tuwin hidayah saking Gusti
Allah ingkang Maha Kuasa. Amin..

Pembukann Pidato Hari Kartini


Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun, para rawuh sedaya, para remaja putri ingkang kawula kurmati. Saderengipun, sumangga
kita sesarengan muji syukur ing pangarsanipun Gusti ingkang Akarya Jagad, awit sih nugraha
ingkang kaparengaken dhumateng kita sedaya, saengga ing siang/dalu menika kita sedaya saged
sesarenga
n makempal ing papan saha wekdal menika kanthi raharja mboten kirang satunggal menapa.
Salajengipun, kula minangka ketua panitia penyelenggara pengetan Hari Kartini ngaturaken
agenging panuwun dhumateng panjenengan para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal
kersa rawuh undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan sedaya.
Isi Pidato Hari Kartini
Para rawuh sedaya, sampun kita mangertosi bilih Raden Ajeng Kartini miyos nalika tanggal 21
April 1879 ing Jepara. Pramila ing tanggal 21 April menika kita pangeti minangka dinten lairipun
Raden Ajeng Kartini. Kangge mengeti perjuanganipun Raden Ajeng Kartini ingkang sampun
ngangkat drajatipun wanita Indonesia ngantos saged sami kaliyan drajating priya.
Rikala gesangipun Raden Ajeng Kartini, para wanita Indonesia tansah wonten ing pingitan. Para
wanita mboten dipun keparengaken sekolah. Boten kepareng gadhah padamelan sami kaliyan priya.
Nanging samenika, para wanita sampun sami drajatipun kaliyan kaum priya.
Asil perjuanganing Raden Ajeng Kartini pranyata saestu saged kaleksanan, samenika sampun
kathah para wanita ingkang lenggah ing jabatan penting dados ketua utawi pemimpin, kados Ibu
Megawati Sukarnoputri Presiden Republik Indonesia ingkang kaping gangsal.
Saupami Raden Ajeng Kartini taksih sugeng temtu remen priksa kawontenan kaum wanita ing
wanci menika. Hak-hakipun, sami kaliyan para priya. Emansipasi ingkang dipunkersakaken R.A
Kartini inggih menika ngagenging haking panggesangan sami antawisipun priya kaliyan wanita,
menawi priya saged sinau ing pawitan luhur, wanita inggih dipun parengaken. Wanita mboten
naming ing pawon.
Penutup Pidato Hari Kartini
Para rawuh sedaya ingkang kula kurmati, menawi para wanita sampun sami nyambut damel kangge
majengaken negari tuwin agami, nanging mboten kesupen wanita gadhah jejibahan anggulawentah
putra ing kulawarga lan ugi makarya minangka tandha darma bektinipun dhateng negari.
Pamung menika ingkang saged kula aturaken, mboten kesupen kula ngaturaken agunging panuwun,
dhumateng para rawuh ingkang sami nyyengkuyung pangetan menika kanthi biyantu arupi menapa
kemawon. mugi sedaya wau pikantuk piwales ingkang murwat saking Gusti Ingkang Akarya Jagad.
Menawi anggen kula matur wonten kalepatan saha solah bawa ingkang kirang mranani penggalih
panjenengan sedaya, kula nyuwun pangapunten.Nuwun

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Naskah Pidato bahasa jawa tema pendidikan


Pembukaan wonten pidato bahasa jawa pendidikan nasional
Assalamualaikum Wr. Wb.
Panjenenganipun bapak kepala sekolah SMA Negeri 1 Magelang ingkang satuhu kula bekteni lan
kurmati.
Bapak ibu guru sarta karyawan pawiyatan SMA Negeri 1 Magelang ingkang pantes sinuba ing
pakurmatan.
Sumrambah dhumateng kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Kawula nuwun,
Keparing kawula matur dhumateng ngarsanipun para rawuh sedaya ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puja puji pudyastuti dumateng Gusti Allah
SWT ingkang sampun paring kanugrahan, karaharjan, dalah kasantosan, saengga wonten titi wekdal
menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan pasinaon punika kanthi wilujeng tanpa
alangan satunggal menapa.
Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Kanjeng Nabi Agung Muhammad SAW,
tumedhakipun dahateng garwa putra, para sohabat, sarta sedaya pendherekipun, mugi kalebetna kula
panjenengan sedaya. Aamiin.
Isi Naskah pidato bahasa jawa pendidikan nasional
Ing salajenganipun wonten dinten pengetan hari pendidikan nasional menika, keparinga kula
kanthi andap asor ing manah, badhe ngaturaken sekedhik kanthi irah-irah hari pendikan nasional.
Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, tetembungan pendidikan nasional saestu sampun sawentawis
dangu kita miringaken, wondene menggah ingkang werdinipun, inggih menika satunggaling tindak
lampah kanthi raos lila lan legawa nindakake pasinaon wonten ing pawiyatan. Kados ingkang kula
sakanca tindaki wonten wekdal menika ugi termasuk tindak pasinao kagem ngangsu kawruh lan
ngilmu ingkang saged kula sedaya gayuh kanthi pasinaon kawiwit TK, SD, SMP, tumeka SMA ugi
Perguruan Tinggi.
Kadhos pribasan jawa ngelmu iku lakone kanthi laku ingkang anggadahi makna bilih ngelmu
menika saged kita gayuh kanthi tindakan nun injih kados pasinaon wonten pawiyatan utawi tindakan
wonten panggenan liyan kadhos wonten lingkungan masyarakat. Hari pendidikan nasional ingkang
kita sedaya pengeti saben tanggal 2 mei menika saestu anggadahi sejarah lan tujuan ingkang sae
tumrap kita sedaya. Hari pendidikan nasional ingkang kasingkat HARDIKNAS dados satunggaling
momentum kagem kula sedaya supados langkung semangat anggenipun nuntut ngelmu.
Pendidikan nasional piyambak anggadahi tujuan kagem ngentasaken warga Indonesia saking
kebodhoan ugi mujudtaken manungsa ingkang anggadahi iman lan taqwa datheng Tuhan Kang Maha
Kuwaos. Pramila saking menika, wonten hari pendidikan nasional dinten menika 2 mei 2015 kula
ngemutkan dumateng kula piyambak saha para kanca wonten pawiyatan SMA Negeri 1 Magelang
supados langkung semangat anggenipun nuntut ngelmu sinaosa kanthi pangormabanan kawujud
menapa kemawon.
Mugi kanthi nglampahi pendidikan nasional kita sedaya saget dadhos manungsa kang guna sae
kagem pribadi kita utawa tumrap tiyang sepuh kekalih kita, sumrambah kagem agama, nusa lan
bangsa.
Penutup dalam pidato bahasa jawa pendidikan nasional
Mekaten ingkang saged kula aturaken, mugi saged dados panglimbang sarta paninting, tumuju dhateng
kadewasan lair lan batos kita sedaya. Aamiin.
Wonten kasar sarta lepating atur kula namung tansah nuwun lumunturing samodra pangaksama.
Wa bilahit taufiq wal hidayah.
Wassalamualaikum Wr. Wb.

Assalamualikum warahmatulah hiwabarakatuh


Ingkang kinurmatan Ibu Kepala SMKN 1 Magelang
Bapak soho ibu guru ingkang satuhu luhuring budi
Lan ingkang kula tresnani sanget
rencang-rencang ugi adek-adek sedoyo.
Inkang rumiyin mugi kito sedaya sami-sami ngraosakin puji lan syukur kehadirat Allah SWT sehinggo
ing wektu punika kito saget makempal ting mriki ing keadaan sehat lan mboten wonten alangan
punapa-punapa. Ing wektu punika kula badhe pidato ingkang temanipun "mengeti dinten kartini",
bapak/ibu lan rencang-rencang sedoyo mesti sampun ngerti sapa kuwi Kartini lan opo wae jasane
tumrap bangsa lan negara, khususipun dumateng tiyang setri.
Ibu Kartini menika sampun nyedhiyani tuladha maring kito sedoyo khususipun tiyang setri, bilih
jasanipun Ibu Kartini punika sakniki para tiyang estri saget ngrasaaken kebebasan ing sakjroning
kehidupan utawa urip. Ndek mbiyen niku sing jenenge tiyang wadon gayange nggeh namung ting
omah ugi nglayani bojonipun kiyambak, nanging amargo Ibu kartini memperjuangkan hak-hakipun
wanita sahingga sakniki tiyang estri saget ngrasaaken sing jenenge bebas lan mboten ting nggriya
mawon.
Atas jasa-jasanipun Raden Ajeng Kartini punika sakniki para kaum wanita saget bebas metu saking
omah, saget nggolek panguripan kiyambak, saget bebas sekolah lan tasih kathah malih. Jalarain punika
kula ngajak kalian rencang-rencang lan bapak soho ibu guru sedoyo supados ndadiaken pangeten
dinten kartini punika dados dinten ingkang spesial lan saget ndadeake majune wanito Indonesia.
Cekap semanten anggen kula pidato, sak teruse kula donga maring sing kuasa supaya para wanito
Indonesia saget dados wanita ingkang banggaaken dumateng bojone utawa tiyang kakung lan supados
dadio wanito ingkang nggowo manfaat dateng Bangsa lan Negoro. Cekap semanten, yen anggen kula
matur wonten lepate ku+la nyuwun ngapuro ingkang sak ageng-agengipun. Semogo dadio pidato niki
nggowo manfaat dumateng sedayanipun, Bilahitaufik walhidayah..
Wassaamualaikum warahmatulah hiwabarakatuh

Dinten Ibu
Assalammualaikum wr.wb.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan. Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan
sedaya muji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti ingkang maha kuwaos ingkang sampun paring
karahmatan lan karaharjan satemah kula lan panjenengan sami saget hangrawuhi acara PENGETAN
DINTEN IBU menika kanthi kebaking kawilujengan lan karaharjan.
Para rawuh ingkang tansah satuhu kinabeken. Wonten ing wekdal punika tanggal 22 Desember
2010 menika kula badhe matur babagan dinten ibu. Awit menapa? Mangga kula lan panjenengan sami
ngemut-emut jasanipun ibu ingkang sampun paring katresnan dumateng kita sedaya dumugi sa
menika. Mboten namung cekap katresnan kemawon ingkang sampun dipunparingaken dumateng kula
lan panjenengan sedaya. Sejatosipunn tasih kathah bab-bab wigatos ingkang dipunayahi dening ibu
anawisipun inggih menika kedah nelakaken raos bekti dumaeng kakungipun utawi ingkang garwa.
Kadoso ingkang sampun kapacak wonten ing pranatan babagan agami. Mila saestunipun ibu menika
awrat ngemban jjibahan menika, dereng malih manawi sampun gadhah putra temtu kemawon tumrap
jejibahanipun langkung awrat malih. Kadosto umpaminipun ibu menika sa drengipun agat raino
sampun tumuli wungu saperlu kangge nyawisaken kabetahan-kabetahan saben dintenipun ing
anawisipun nyawisaken dhaharan lan ujukan kangge keluarganipun. Ingkang langkung luwih awrat
malih ugi kathah dipun lampahi dening para ibu inggih menika natkala nembe ngandut /nggerbini
temtu anggnipun tindak saha tumindak menika langkung ngatos-atos. Inggih wiwit wulan sepisan
ngantos dumugi nglairaken ingkang putra. Inggih saking tembung nglairaken menika ingkang mboten
saget dipunlintani kangge menapa kemawon.amargi ibu menika sampun ngorbanaken jiwa raga ugi
nelakaken ing pati. Kados menika sakedik cerita bab lelampahanipun ibu. Mila kula sarujuk sanget
wontenipun dinten ibu menika.
Para rawuh ingkang minulya mila inh wekdal ingkang sae punika kula ngjak dhatng dhiri kula
piyambak ugi dumateng para rawuh, mangga kula lan panjenengan sedaya sami nguramati dhateng ibu
ingkang sampun paring katresnan dumateng kita sedaya. Ampun ngantos samengke kula lan
panjenengan sedaya wanton kalian ibu amargi wonten hadist nabi ingkang nyebataken makaten
SURGA ITU BERADA DI BAWAH TELAPAK KAKI IBU menawi kita niti priksa tembungtembung menika wau temtunipun bekti kaliyan ibu penting sanget. Mila mangga sepisan malih mangga
kanthi tekad ingkang kiyat sesarengan bekti kaliyan ibu
Para rawuh ingkang satuhu kinurmatan. Kula kiten makaten hanggen saget kula matur kula
nyuwun agenging pangapunten jer kula namun jalma limrah titah sawantah tebih saking
kasampurnaning gesang mula kula nyuwung agenging samudra pangarsami.
Wasalammualaikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai