Anda di halaman 1dari 7

A

UH I BASA JAWA (X)


Wangsulana kanthi leres !
Kangge soal nomer 1-4
01 Mingkar-mingkuring angkara, akarana karenan mardi siwi,
sinawung resmining kidung, sinuba sinukarta, mrih kretarta
pakartining ilmu luhung,kang tumrap ing tanah Jawa, agama
ageming aji.

Meredam nafsu angkara dalam diri, Hendak berkenan mendidik putra-putri.


Tersirat dalam indahnya tembang, dihias penuh variasi, agar menjiwai
hakekat ilmu luhur, yang berlangsung di tanah Jawa (nusantara) agama
sebagai pakaian kehidupan

05 Mangkono ilmu kang nyata, sanyatane mung weh reseping


ati,bungah ingaran cubluk, sukeng tyas yen den ina, nora
kaya si punggung anggung gumunggung, ugungan sadina
dina, aja mangkono wong urip.

Demikianlah ilmu yang nyata, Senyatanya memberikan ketentraman hati,


Tidak merana dibilang bodoh, Tetap gembira jika dihina Tidak seperti si
dungu yang selalu sombong, Ingin dipuji setiap hari. Janganlah begitu
caranya orang hidup.

1. Padosaken guru gatra, guru lagu lan guru wilangan saben paragraf pupuh
Pangkur ing nginggil !
2. Padosaken isi saben paragraf !

3. Kaandharaken unsur pembangun( nilai-nilai) ing saben paragraf !


4. Padosaken tegese tembung ing ngandhap menika !
a. Siwi

c. Cubluk

b. Kidung

d. Anggung-Gumungggung

e. Angkara
f. Bungah

B
UH I BASA JAWA
Wangsulana kanthi leres !
Kangge soal nomer 1-4
02 Jinejer ing Weddhatama, mrih tan kemba kembenganing pambudi,mangka
nadyan tuwa pikun, yen tan mikani rasa, yekti sepi sepa lir sepah
asamun,samasane pakumpulan, gonyak-ganyuk nglelingsemi.

Disajikan dalam serat Wedhatama, agar jangan miskin


pengetahuan, walaupun sudah tua pikun, jika tidak
memahami rasa sejati (batin), niscaya kosong tiada berguna
bagai ampas, percuma sia-sia, di dalam setiap pertemuan
sering bertindak ceroboh memalukan
04 Si pengung nora nglegewa, sangsayarda denira cacariwis, ngandhar-andhar
angendukur, kandhane nora kaprah, saya elok alangka longkangipun, si wasis
waskitha ngalah, ngalingi marang sipingging.

(sementara) Si dungu tidak menyadari, Bualannya semakin


menjadi jadi, ngelantur bicara yang tidak-tidak, Bicaranya
tidak masuk akal, makin aneh tak ada jedanya. Lain halnya, Si
Pandai cermat dan mengalah, Menutupi aib si bodoh
1. Padosaken guru gatra, guru lagu lan guru wilangan saben paragraf pupuh
Pangkur ing nginggil !
2. Padosaken isi saben paragraf !
3. Kaandharaken unsur pembangun( nilai-nilai) ing saben paragraf !
4. Padosaken tegese tembung ing ngandhap menika !
a. Pambudi

c. kemba

e. asamun

b. Penggung

d. Wasis

f. cacariwis

1. Sesorah Sumpah Pemuda


Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA
Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah
ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha
panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan
kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan
sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu
sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah
Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya
tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji
bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia

2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha
dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang
kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa
nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita
ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap
semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun
agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
2. Sesorah wisudha kelas XII
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu dwija ingkang satuhu
kinurmatan, para rawuh ingkang sinuba ing karaharjan dalasan rayi kula kelas X saha XI saha
kanca-kanca kelas XII ingkang kula tresnani.
Puji syukur tansah konjuk wonten ngarsanipun dhumateng Allah SWT ingkang sampun paring
kanugrahan ingkang tanpa kendhat awujud kasarasan, rahmat saha hidayah dhumateng kula
panjenengan sami. Pramila awit saking sih nugrahaning Gusti ingkang hakarya jagat kula
panjenengan sami ing wekdal menika saged kempal saperlu hangrawuhi adicara ing kalenggahan
menika kanthi wilujeng nir ing sambekala.
Kadang kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, sekedhap malih kula sakanca kelas XII
badhe nilaraken pawiyatan ing SMA Buana menika. Awit saking menika mbok bilih
sadangunipun kula sesrawungan kaliyan sedherek sedaya wonten kalepatan saha kekhilafan
ingkang sengaja punapa boten kasengaja kula minangka sulihipun kanca-kanca nyuwun
agunging pangapunten.
Wonten mriki kula paring pepeling dhateng rayi-rayi kula sedaya mugi mugi sasampunipun
kula sakanca medal saking pawiyatan mriki rayi kula kelas X saha XI sageda dados siswa
siswi ingkang tansah mbangun turut dhumateng Bapak saha Ibu dwija saha dados siswa ingkang
pinter saha kreatif.
Rayi kula kelas X saha XI ingkang kula tresnani, kula tansah dedonga saha memuji mugi mugi
rayi kula ingkang taksih wonten ing pawiyatan mriki tansah pinaringan pangayomanipun Allah
SWT saha semanten ugi kula nyuwun donga saha pangestu dhumateng para rayi kula mugi
mugi kula saged nglajengaken wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil, wondene ingkang
badhe nyambut damel sageda tumunten pikantuk padamelan ingkang trep kaliyan ngelmi saha
kesagedanipun piyambak piyambak.
Wasana, semanten atur kula minangka sesulih saking kanca-kanca kelas XII sedaya, mbok bilih
anggen kula matur wonten kalepatan, kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.
3. Sesorah Tanggap Warsa Sekolah

Assalamualaikum Wr. Wb.


Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija ingkang satuhu
kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula tresnani. Puji syukur tansah katur dhumateng Allah
SWT ingkang sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah dhumateng kula panjenengan
sedaya, satemah ing wekdal menika kula saha panjenengan sedaya saged kempal kanthi wilujeng
nir ing sambekala.
Salajengipun, kula ingkang minangka sesulihipun panitya tanggap warsa SMA Buana ngaturaken
sugeng rawuh mugi-mugi rawuh panjenengan saged adamel regenging swasana. Awit saking
punika kula ngaturaken gunging panuwun. Boten kesupen kula ngaturaken gunging panuwun ugi
dhumateng Bapak kepala sekolah ingkang sampun paring idin palilah murih saged katindakaken
sedaya adicara pengetan ambal warsa pawiyatan kita menika. Kula ugi ngaturaken gunging
panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng bapak saha ibu dwija sumrambah karyawan
ingkang lila legawa paring eguh pratikel murih pratitising adicara punika. Boten kesupen kula
ngaturaken agung panuwun dhumateng kanca-kanca panitya tanggap warsa ingkang sampun
paring pambiyantu supados adicara ing kalenggahan menika saged kaleksanan.
Bapak saha ibu sarta kadang-kadang mitra ingkang satuhu bagya mulya.
Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten
ingkang mirunggan menika. Wondene ancas ingkang kinandhut mugi-mugi pahargyan punika
saged dados pecuting lampah ing dinten-dinten samangke, ningkataken prestasi tuwin
akhlakipun kula panjenengan sedaya mliginipun para siswa SMA Buana menika.
Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara ing wekdal punika, lan mbok bilih
anggen kula matur kathah kalepatan kula tansah nyuwun samodra pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

4. Sesorah Dinten Kamardikan


Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak saha Ibu Dwija dalasan
karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, saha kanca-kanca ingkang kula
tresnani. Saderengipun mangga sesarengan ngaturaken syukur Alhamdulillah wonten
ngarsanipun dalem Allah SWT, dene kula panjenengan sami taksih pinaringan rahmat saha
hidayahipun, katitik kula panjenengan sekaliyan taksih saged kempal wonten ing papan mriki,
saperlu hangrawuhi adicara pengetan dinten Kamardikan Negara Kesatuan Republik Indonesia.
Wonten ing mriki, kula badhe ngaturaken satunggaling tema Kamardikan Republik Indonesia.
Kita sedaya mangertos, bilih atusan warsa kita dipunjajah dening bangsa Walanda.
Rakyat dipundamel ajrih saha nampi kasangsaran amargi kajajah. Kanthi landhasan tekad saha
raos handarbeni dhumateng bangsa saha nagari ingkang kiyat, rakyat Indonesia ngupaya supados
saged mardika. Kawontenan menika saged kaleksanan rikala dinten Jumat tanggal 17 Agustus
1945. Pramila, rakyat Indonesia mengeti saben 17 Agustus minangka dinten kamardikan bangsa
kita, kangge pepeling saha mengeti Kamardikan Republik Indonesia ugi pengurbananipun para
pahlawan ingkang sampun gugur kangge kamardikaning bangsa kita.
Awit saking menika kula panjenengan sami kedhah tansah ngaturaken raos syukur awit
kanugrahan kasebat. Raos syukur menika antawisipun kawujudaken kanthi acara jalan santai
sesarengan satunggal RW, ngecet gapura, pasang umbul-umbul, pasang lampu maneka warni, ugi
kerja bakti lingkungan kanthi masang aksesoris merah putih. Lomba ingkang dipunwontenaken,
antawisipun panjat pinang, tarik tambang, balap karung, nedha krupuk saha sanes-sanesipun.
Adicara inti dipunwontenaken tirakatan wonten ing malem tanggal 17 Agustus wonten
ing pawiyatan kita menika. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sedaya tansah
ngaturaken raos syukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT supados bangsa kita menika dados
bangsa ingkang langkung sae.
Kula kinten kirang wicaksana menawi kathah anggen kula matur. Pramila cekap
semanten kemawon atur kula, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur, kula tansah nyuwun
agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

5. Sesorah Dinten Kartini


Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri
11 Sembada ingkang sinudarsana, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Mangga kula
panjenengan sedaya sareng-sareng ngaturaken puja saha puji syukur dhumateng ngarsanipun
Gusti Allah ingkang maha mirah, inggih awit saking kamirahanipun kula panjengan sedaya
saged kempal wonten ing adicara pahargyan pengetan dinten kartini ing wekdal menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada saha kancakanca ingkang kula tresnani. Pengetan dinten Kartini wigatos sanget tumrap kula saha
panjenengan sedaya. R.A Kartini ibaratipun kados dene sekar ingkang tansah ambabar ganda
arum ing bangsa Indonesia. Labuh labetipun R.A Kartini saestu luhur sanget tumrap kaum
wanita. Langkung-langkung ing wekdal menika upaya ingkang dipun tindakaken R. A. Kartini
saged ndadosaken kangge majengipun bangsa Indonesia ingkang kita tresnani menika.
Bapak Kepala Sekolah, Bapak-Ibu dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada sahakancakanca ingkang suka ing basuki. Pancen sampun dados kodratipun wanita limrah nggadahi raos
ingkang kalangkung alus. Sanadyan mekaten, greget ing manah tansah makantar pindha waja
ngudi kautaman. Sadaya punika inggih awit saking pangaribawa lelabetanipun Ibu Kartini
ingkang sampun tumancep saha ngrembaka ing manahipun wanita Indonesia. Kanthi mekaten
menika, sumangga para kadang putri sami saged nglajengaken gegayuhan tuwin lelabetanipun
Ibu Kartini ingkang luhur punika. Ingkang boten kenging dipunlirwakaken inggih punika
ingkang tansah ngudi jati dhirinipun putri Indonesia. Putri Indonesia ingkang prasaja, mrantasi
sadhengah karya.
Mugi-mugi wanita Indonesia saged gesang rukun, mat-sinamat, sih sinisihan, lan sami asah, asih,
saha asuh. Cekap semanten atur kula, bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai