Anda di halaman 1dari 2

NAMA: ADINDA SHEILA PUTRI AULIA

KELAS: XI-IPS 1

NO ABSEN: 01

MAPEL: BAHASA JAWA MEMBUAT PIDATO

PIDATO BAHASA JAWA TENTANG PENDIDIKAN

Assalamu’alaikum wr.wb

Dhumateng Bapak Kepala Sekolah.

Dhumateng Bapak lan Ibu guru.

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Sepindah, sumonggo kito sedoyo tansah muji syukur dumateng ngersane Gusti Allah kang moho luhur,
deneng punopo kawulo panjenengan tasih pinaringan pinten-pinten rohmat, taufiq, hidayah, soho
inayah sehinggo kito sedoyo saget dateng wonten mriki kanti sehat wal 'afiyat.

Kaping kalih, sholawat serta salam mugi-mugi tetep kaaturaken dateng Nabi Muhammad SAW. Kanti
arep-arepan mugio kito niki angsal syafaatipun mbesok ing yaumil qiyamah.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Ingkang mengeti Hari Pendidikan Nasional niki, kulo badhe maringi saketik tutur kata tentang
pendidikan.

Pendidikan niku identik kaliyan lembaga sekolah, pondhok pesantren, bimbel lan liyane. Wonten ing
sekolahan para siswa-siswi diwenehi pendidikan ugi wawasan lmu alam, wawasan ilmu sosial, lan ilmu
agama. Ananging pendidikan niku mboten ing sekolah formal mawon, sebab menungso urip meniko
kedah selalu belajar wonten ing pundi kemawon tempat.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Pendidikan ingkang penting sanget punika wawasan ugi akhlak budi pekerti, sebab majune zaman
generasi penerus bangsa Indonesia niki saya amburadul, saya rusak amargi kurang benteng ilmu agama
ugi ilmu akhlak lan tata krama. Mula tugas para guru lan wali murid kudu nemeni anggene ndidik para
putra-putri terutama nipun ndidik akhlak supados bener lan pinter.

Contonipun kemerosotan akhlak budi pekerti niku katah saget mulai saking griya kalih tiyang sepuhipun.
Sakniki sampun jarang nggih mireng putra-putri matur kalih tiyang sepah ngagem krama, sing katah
nggih ngagem bahasa ngoko. Padahal bahasa ingkang sae kangge tiyang sepah inggih menika bahasa
krama luwih-luwih krama inggil.

Hadirin ingkang kulo hormati.

Manfaat pendidikan kagem generasi muda niku katah sanget, inggih punika ndidik supados para siswa
saget mangertosi ilmu umum, agama, adab lan ugi tata krama. Mula bocah-bocah sing ora padha gelem
sekolah ayo padha diajak supados gelem melbu sekolah maning, sebab menawi putra-putri generasi
penerus mboten purun sekolah mangke saget ngrasakke piyambak gelane ora sekolah.

Pun cekap semanten ingkang kulo aturaken, mugi-mugi kulo lan panjenengan sedoyo kalebet tiyang
kang pikantuk rahmat, lan ridha ne Allah.

Kirang langkungipun kulo nyuwun pangapura. Wabillahi taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum wr.wb...

Anda mungkin juga menyukai