Anda di halaman 1dari 3

Poro Bapak, Poro Ibu sederek-sederek, sebangsa lan setanah air, ingkang kulo hormati !

Langkung rumien monggo kulo lan panjenengan sedoyo samiho nglahiraken raos puji syukur dateng ngarsanipun Tuhan YME, ingkang sampun paring Rohmat, Taufik soho Hidayah dateng kulo lan panjenengan sedoyo, sehinggo wonten ing majelis puniko, dalam rangka memeriahkan Peringatan dinten ulang tahun Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia ingkang kaping 49 mugi-mugi kerawuhan kulo lan panjenengan meniko dipun catat dening Tuhan YME. Minongko dados amal soleh kulo lan panjenengan Amin.

Kaping pindonipun kulo matur nuwun dateng sederek pembagi acara ingkang sampun paring wekdal dateng kito kangge mengisi wontenipun acara meniko mugi-mugi wekdal meniko saget kulo ginaaken ingkang sak sahe-sahenipun.

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Tuhan YME sampun paring nikmat dateng poro kawulonipun meniko sampun katah sanget, sehinggo ngantos mboten saget kito itung. Dawuhipun Tuhan wonten Kitab.

Ingkang artosipun :

Lan lamun siro ngitung marang nikmate Alloh, mongko siro ora biso ngitung

Poro Rawuh ! Dene termasuk salah setunggalipun nikmatipun Tuhan ingkang ageng dipun parengaken kito bongso Indonesia, Inggih meniko nikmat kemerdekaan ingkang dipun proklamiraken tanggal 17 Agustus 1945, ngantos dinten meniko kito peringati.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Menawi kito ngemut-ngemut sejarah Bangsa Indonesia sakderengipun merdeka, meniko pintenpinten tahun dipun jajah dening bangsa Asing. Inggih meniko dipun jajah dening Belanda lan Jepang ngantos pinten-pinten tahun Rakyat Indonesia hidup dibawah cengkraman kaum

penjajah. Rakyat Indonesia mboten anggadahi kebebasan, bahkan selalu di tindas lan dipun aniayaya dening bangsa asing. Sehinggo berkat Tuhan YME, lan ugi kanti semangat perjuanganipun Poro Pahlawan lan poro Pejuang Bangsa Indonesia ingkang giat lan gigih, berani, pantang mundur, para Pejuang kito saget ngalahaken poro kaum penjajah sehinggo tepat tanggal 17 Agustus 1945, Bangsa Indonesia memproklamasikan dinten Kemerdekaan Republik Indonesia.

Poro Rawuh Ingkang kulo hormati !

Pramilo kito kedah bersyukur dateng Tuhan YME ingkang sampun pareng nikmat Rupi kemerdekaan meniko. Supados Negri kito Indonesia tansah dipun paringi berkah dening Alloh. Dipun paringi aman, damai, gemah ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo, adil makmur penuh ampunan,

Poro rawuh ingkang kulo hormati !

Kejawi sangking meniko, kito ugi kedah matur nuwun dumateng poro pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun jerih payah, rela ngorbananek jiwa rogo, harta benda kangge merebut Kemerdekaan Meniko, pramilo wonten ing kesempatan sahe niki monggo sejenak kito panjataken doa mugi sedoyo para pahlawan lan poro pejuang ingkang sampun sukses merebut kemrdekaan Negeri Republik Indonesia, meniko selalu dipun bales dening Tuhan YME, dipun trami jasa-jasanipun, lan dipun dadosna amal sholehipun, ingkang berjuang wonten akhirat dipun paringi berkat soho kejembaran wonten ngersanipun Tuhan YME. Amin-amin yaa Rabbal alamin.

Poro Rawuh ingkang kulo hormat !

Sak meniko kito termasuk generasi penerus pewaris kemerdekaan Pramilo kito berkewajiban nerusaken perjuangan poro pejuang ingkang rumiyin. Shoho memelihara lan melestarikan kesejahteraan Negeri Indonesia meniko. Sampun ngantos nikmat kemerdekaan ingkang meniko kito sia-siakan kanti ngawontenaken pesta pora, lan hura-hura ingkang boten berarti, tanpa

ngawontenaken amalan-amalan ingkang beto kemanfaatan lan kemaslahayan Negara. Sebab kemerdekaan meniko boten semata-mata hadiah saking bangsa asing ingkang diberikan kanti cuma-Cuma, meniko boten. Tapi berkah jasa-jasa poro pejuang ingkang sampun rumiyin. Pramilo sepindah maleh kito ugi kedah mengisi kemerdekaan kanti menanamkan jasa kangge tiang-tiang ingkang bade dateng, utawi kangge generasi kita mangke. Hal meniko cocok kalian dawuhipun pahlawan rumiyin..

Ingkang Artosipun :

Yekti wongkang dingin wes podo nandur jasa lan kito sing ngrasaake marang jasa lan satemene kito ugo kudu anandur jasa supoyo wong-wong kangsakwusi kito biso mangan jasa kito.

Poro Rawuh ingkang kulo hormati !

Ingkang terakhir monggo, putro-putri kito sedoyo, kito didik ingkang sahe lan kito arahaken dumateng perkaws ingkang sahe, supados mangke saget dados generasi-generasi penerus ingkang bertanggung jawab dateng kemajuan agama. Bangsa lan Negoro.

Kintenipun cekap semanten atur saking kulo. Mugi-mugi saget bermanfaat dumateng pribadi kawulo khususipun, lan umumipun dateng panjenengan sedoyo.

Masang pulut ning duwur cemoro

Menawi luput kulo nyuwun ngapuro

Anda mungkin juga menyukai