Anda di halaman 1dari 1

Assalamuallaikum Wr.Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan,


Bapak Ibu guru , ingkang minulya
Sagung para siswa ingkang kula tresnani,
Nyuwun agunging pangapunten dene kula kumawantun ngadheg wonten ing ngarso
panjenengan sedaya, mboten karana kirangeng raos pakurmatan dumatheng panjenengan
sedaya. Mila kula ugi kumawantun nyigeg pangandikan panjenengan ingkang saweg wawan
pangandikan, awit nampi ayahan supados nglantaraken reroncening acara pahargyan dinten
punika.
Amung sakderengipun, sumangga kita ngunjukaken raos syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkanga sampun maringi kita mapinten- pinten
kanikmatan marang kita sedaya saengga kita saget kempal manunggal ing mriki kanthi
pahargyan kamardikan Republik Indonesia kanthi wilujeng nir ing sambikolo.
Perlu kawuningan bilih ing dinten punika, Minggu 17 Agustus 2016, pawiyatan SMP
ngawontenaken pahargyan dinten kamardikan Indonesia.
Menggang urut- urutaning adicara ing enjang punika :
1. Pambuka
2. Sambutan- sambutan
3. Inti
4. Panutup
Mekaten menngang lampahing acara ingkang sampun karakit, ingkang punika mugi
panjenengan sedaya kersa lenggah saha ngestreni dumugi paripurnaning pahargyan, nuwun.
Ngancik acara ingkang kapeng sepindah inggih punika pambuka, mangga kita buka acara ing
enjang punika mawi maosan basmalah sesarengan , Bismillahirahmannirahim. Mugi- mugi
kanthi waosan basmalah menika acara saget lumampah kanthi lancar mbonten wonten
halangan menapa. Amin.
Kalajengaken adicara ingkang kaping kaleng inggeh punika sambutan- sambutan.
Sambutan ingkang kaping sepindah inggih punika sambutan Ketua Panitia ingkang badhe
dipun salirani panjenegannipun sederek .......Dhumateng sederek .... .wekdal sumangga katur.
(.......)
Mekaten atur sapala sampun paripurna , sambutan ingkang kaping kaleh inggih punika
sambutan Kepala Sekolah ingkang badhe dipun salirani panjeneganipun bpk..... . Dhumateng
bpk.....wekdal sumangga katur.
(........)
Mekaten atur sapala sampun paripurna. Kalajengaken adicara kaping tiga inggih punika
inti inggih punika sesorang pahargyan kamardikan Indonesia ingkang badhe dipun salirani
sederek ...... Dhumateng sederek ...... wekdal sumagga katur.
(........)
Mekaten sesorah saking sederek ..... mugi saget migunani tumrap kula lan panjenegan
sami lan nambahi tresna kita marang Indonesia .
Dumugi ing pungkasaning adicara inggih punika panutup. Namung sakderengipun kita tutup
mbokbilih anggen kula matur lan ngalataraken adicara ngadahi kalepatan ingkang kirang
nujuprana ing ngarso dalem panjengan sedaya saestu kula nyuwun agungin pangapunten.
Saklajengipun mangga kita tutup acara ing siang punika kanthi waosan hamdalah sesarengan.
Alhamdulillahhirobilallamin.
Wabilahitaufik walhidayah. Wasallamuallaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai