Anda di halaman 1dari 1

PIDATO B.

JAWA
Assalamualaikum wr. wb.
Sedoyo keluarga soho dzuriyahipun, Poro pejabat pemerintah ingkang
tansah kawulo hormati, wabil khusus dumateng Bapak Bupati Tuban Bpk.
Fatchul Huda, Kaping sepisan monggo kulo dereaken samiyo Muji Syukur
wonten ngarsani Ngayunan Dalem Gusti Allah Swt, kanti Waosan Tahmid,
Alhamduliilahirobbil alamiin, awit limpahan Rohmat taufiq sedhoyo
Hidayahipun Allah ing wekdal ndalu meniko kulo lan panjenengan taseh saget
makempal wonten ing majlis ingkang mubarrok meniko, mugi-mugi
pakempalan puniko kacatet dening Allah minongko amal kesaenan, amiin
Allohumma Amiin.
Salawat serto salam mugio tansah kaunjukaken wonten ngayunan
dalem Nabi Agung Muhammad SAW, mugi-mugi kito sedoyo pikantuk
safaatipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah, Allohumma Amin.
Hadirin-Hadirot ingkang tansah kito mulyaaken. Monggo adicoro
pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW kito milai, ananging sak derengipun,
keparenga kula aminangkani pranoto adicoro maosaken menggah runtutipun
adicoro
ingkang
bade
kalampah.
Aminangkani Adicoro ingkang kapisan inggih puniko Pembukaan.
Adicoro ingkang kaping kalih waosan ayat-ayat suci AlQuran soho
Sholawat nabi.
Adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah.
Adicoro ingkang kaping sekawan sambutan-sambutan.
Adicoro ingkang kaping gangsal Mauidlotul khasanah
Adicoro ingkang kaping enem penutup kanti doa.
Hadirin-hadirot ingkang kito mulyaaken Monggo sesarengan acara
Sewelasan Soho Penutupan Mujahadah Kholwat kito bikak mawi waosan ayatayat suci Al-Quran soho Shalawat Nabi Muhamamd SAW, ingkang badhe
dipun astho dening KH. Ainul Yaqin wekdal soho papan kito aturaken..
Kaljengaken adicoro ingkang kaping tigo Mujahadah Tahlil ingkang bade dipun
pimpin dening Bpk. Mustafa Dawood wekdal soho papan kito aturaken.
Sambutan ingkang kaping sepisan aminangkani Panitia ingkang bade dipun
asto dening Drs. Winarno wekdal soho papan kito aturaken. Kalajengaken
sambutan ingkang kaping kalih saking H. Sumarmo wekdal soho papan kito
aturaken.
Hadirin-Hadirot rohimmakumulloh Kito lajengaken adicoro ingkang
kaping gangsal Mauidlotul Khasanah soho doanipun ingkang bade dipun asto
dening KH. Ainul Yaqin dumateng panjenenganipun wekdal soho papan kito
aturaken. Kanti waosan doa kolonembi aminangkani paripurnaninipun adicoro
sewelasan soho penutupan mujahadah kholwat, saking kula sedoyo lepat
awal tumugi akhir nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamualaikum Wr Wb.

Anda mungkin juga menyukai