Anda di halaman 1dari 4

Dumadine Desa Tanjungsari

Kacarita dewi mayangsari ngerti yen pangeran benawa nilar deweke. Krungu yen
pangeran Benawa lolos menyang Pemalang, Dewi mayangsari sumedya nggoleki, uga banjur
lolos. Ora metu darat nanging metu segara. Nitih prau nunut praune wong golek iwak. Bareng
tekan tlatah pemalang, banjur munggah(mentas). Terus nakok-nakokake ana ngendi anggone
pangeran bagus kuwi.
Pangeran benawa midanget yen dewi mayangsari nusul, mula utusan kyai mangori
didawuhi balekake sang putri. Kyai mangori iku misuwur digdaya banget. Ora tedas gaman keris
ora ana sing pasah deweke. Wayah enjing ing pinggir segara deweke ketemu karo sang putri.
Sawise takon-tinakon, deweke mau banjur matur: “sang putri panjenengan karaya-raya dateng
pemalang, badhe perlu punapa?”
Sang putri nuli nyritakake tujuane. Ya kuwi arep goleki pangeran benawa. Sebab pengin
dipundhut garwa pangeran benawa. Kyai mangori matur, yen pangeran benawa ora ana ing
pemalang. Sang putri diaturi kondur dateng cirebon. Dewi mayangsari ora kersa. Ngerti yen
diapusi. Sebab ngerti yen pangeran benawa ana ing desa mangori. Dialang-alangi tetep meksa
mberot, arep tindak ngidul. Kyai mangori kwatir mbok menawa didukani pangeran benawa. Kyai
mangori ngalang-alangi. Sang putri ya ora kersa dialang-alangi, mundhut patreme, yaiku keris
cilik, ndodok ana ing gelung. Kaya tusuk konde.
Kyai mangori weruh sang putri ngunus patrem., ngguyu lakak-lakak. “lha aku kok
diwedeni keris cilik. Iki kyai mangori lho, ora ana gaman sing pasah ing awakku”. Sang putri
midanget sumbere kyai mangori. Cus!! Dlodok, pasah metu getihe. Kyai mangori kaget banget.
Lha kok ana gaman sing pasah ing awakke. Sanalika napsu banget. Ngunus kerise. Sang putri
disuduk. Kena dadane. Dawah, terus tilar donya. Layone banjur dipendhem ing ngisor wit
tanjung. Nganti saiki desa iku katelah tanjungsari. Asale saka wit tanjung lan dewi mayangsari.
Sinopsis Cariyos Rakyat Dumadine Desa Tanjungsari

Kacarita Dewi mayangsari midanget yen Pangeran Benawa niku tindak teng
Pemalang.Amargi ageng katresnanipun Dewi Mayangsari marang Pangeran Benawa, Dewi
Mayangsari banjur nyusul teng tlatah Pemalang. Pangeran Benawa ngertos yen Dewi
mayangsari nyusul. Banjur pangeran ndawuh kyai Mangori supados ngengken Dewi Mayangsari
wangsul. Nanging Dewi Mayangsari gedheg, mboten gelem wangsul. Dewi Mayangsari ngraos
dipuncidra, banjur ngunus patrem ingkang ndamel Kyai Mangori ingkang digdaya medal getih.
Kyai Mangori murka banjur nyuduk jajanipun Dewi Mayangsari. Dewi Mayangsari banjur seda.
Layonipun Dewi Mayangsari dipunpendhem wonten ing ngandhap wit Tanjung. Dados, tlatah
ingkang Dewi Mayangsari dipunpendhem dipunparingi name inggih punika Desa Tanjungsari.
Unsur Intrinsik Cariyos Rakyat Dumadine Desa Tanjungsari

A. Tema : Kasetyan, Katresnan


B. Tokoh :
a. Pangeran Benawa
b. Dewi Mayangsari
c. Kyai Mangori
C. Penokohan :
a. Pangeran Benawa : Bagus rupane
b. Dewi Mayangsari : Ayu rupane, resik awake ( Saking tembung “sang putri”)
c. Kyai Mangori : Digdaya
D. Watak
a. Pangeran Benawa : Ajrih, boten gelem nemuni Dewi mayangsari.
b. Dewi Mayangsari : Setya, kendel.
c. Kyai Mangori : Gumedhe lan Cidro marang tiyang sanes.
E. Alur : Majeng, amargi nyariosaken Dewi mayangsari nggoleki Pangeran
Benawa tekan sedane kyai mangori.
F. Latar
1. Panggenan : Tlatah Pemalang, pinggir segara lan ngisor wit tanjung.
2. Wekdal : wayah enjing
3. Kahanan : Was was
G. Pitutur : Ampun nyepeleaken tiyang sanes.
H. Sudut Pandang : Serbi ngertos ( wonten ing tembung, Pangeran Benawa midanget
yen dewi mayangsari nyusul).
I. Lelewaning Basa :
a. Dialek basa jawi ngoko.
b. Euphesisme yaiku unen – unen sing surasane luwih alus. Wonten ing tembung “tilar
donya”.

Anda mungkin juga menyukai