Anda di halaman 1dari 2

KEDADEAN GUNUNG MERAPI

Ing jaman dhikik, pulau Jawa durung akeh daerah sing dihuni manungsa. Akehan wilayahe yaiku alas
gung liwang-liwung sing dihuni saka para lelembut Ian kewan liar. Kaanan pulau Jawa ing wayah kuwi
miring, sehingga ngawatirke makluk kang urip ana pulau Jawa. Namung ana setitik panggonan kang
bisa dihuni saka sekelompok manusia sing urip kanthi nggerombol Ian dhemen ngalih-alih amarga
keganasan alam Ian mungsuh.

Para penghuni pulau Jawa iki ora ngelingi yen lemah sing dekne kabeh panggoni kuwi sabenere
miring, dadine ana kekuwatiran arep longsor Ian angslep ana segara kidul. Sing meruhi kaanan iki
yaiku para dewa neng kayangan sing peaduli kelangsungan urip para penghuni pulau Jawa wayah
kuwi. Para dewa neng kayangan akhire sepakat kanggo nggawe supaya pulau Jawa ora miring,
dadine para penghunine bisa kembang biak Ian tambah maju peradabane.

Rasa wedhi sing pada dirasakake mesti was ora bisa disingkiri meneh. Ora mung menungsa sing
keweden ning para penghuni liyane klebu binatang uga mlayu amerga saking wedhine.

Selanjutnya cerita rakyat bahasa jawa nyritakae para dewa. Para dewa banjur ngrembug meneh
kanggo nentoke pengimbang kang bakal diselehna neng tengah pulau kuwi. Para dewa mutusake
bakal nggunakne gunung Jamurdwipa sing terkenal banger kanggo makhluk-makhluk gaib Ian
dhuwur banger. Para dewa banjur njaluk ijin marang penghuni gunung Jamurdwipa supaya cepet
ngalih saka panggonan kui, amarga gunung sing dekne kabeh panggoni arep dialihake menyang
tengah-tengah pulau Jawa.

Saka lokasi kang wis ditentoke sakjroning rembugkan, jebulna dihuni menungsa loro sing lagi
tandhang gawe neng tengah alas gung liwang-liwung. Wong loro kuwi tenyata empu sing lagi
nggawe keris. Para dewa banjur ngongkon Dewa Panyarikan Ian Batara Naradha sekalian para
prajurit kanggo ngandhani marang wong kuwi ben cepet ngalih amarga panggone arep didokokake
gunung Jamurdwipa.

Para utusan dewa kuwi mau pada gumun ndeleng empu sing pada lagi nggawe keris tanpa alai.
Empu kuwi lagi nyampur werno-erno bahan logam Ian amung nganggo Langan kosong dekne kabeh
nggunake epek-epek Ian driji kanggo mbetuk Ian ngukir campuran logam kuwi nganti atos.

Pagawean empu nang wayah kuwi mesti was ora bisa disela amarga merloake konsantrasi dhuwur
kanggo ngolah logam kuwi. Para utusan dewa banjur nunggu, lelehan wesi kuwi banjur digebug -
gebug Ian diurut-urut para empu kuwi mung kanthi Langan. Lan sing luwih nggumunake meneh
lelehan logam kuwi katon abang murup dadi mawa ning Langan para empu kuwi ora kobong
sethithika wae.

Pagawean empu kuwi sabenere durung rampung nanging amarga ana dawuh penting, mula
gaweane dindhegke sawentara Ian memoni dawuh saka kayangan kesebut. Empu kesebut banjur
ngenalake piyambake sing sijine nduwe jeneng Mpu Permadi, sing sijine meneh nduwe jeneng Mpu
Rama. Sakwise padha ngenalake piyambake Ian wawan pangandikan, akhire Batara Naradha Ian
Dewa Panyarikan ngaturke kekarepane.

Batara Naradha ngaturke kekarepane, yaiku nyaranke supaya para empu mau cepet pindah saka
lokasi kuwi amarga arep didelehi gunung gedhe sing bakal digunakne kanggo nyeimbangke pulau
Jawa sing lagi miring. Batara Naradha nggamblangna babagkan kedadeane gempa Ian kaanan pulau
Jawa sing ngawatirke banget Ian ngarepke supaya Empu kuwi gelem ngerti Ian nuruti kekarepane
tanpa ana alangan. Ora lali Dewa Panyarikan ugo nggamblangna pentinge pagawean kuwi kanggo
keterasan urip para penghuni pulau Jawa.

Mpu Permadi Ian Mpu Rama bingung Ian padha delengan. Katon saka raine kaya ora gelem nuruti
kekarepan para dewa amerga para empu kuwi nduweni kepentingan panggawean sing durung
rampun mau. Lan jebulna loro empu kuwi ora gelem nek kudu ngalih panggonan, sakwentara
pagawean nggawe kerise lagi was dimulai Ian kudu dirampungke ana lokasi kuwi. Para Empu kuwi
ngaturke yen panggawen kerise kuwi mau ora rampung kanthi sempurna maka bakal nekakake
lelakon kanggo manungsa, mula dekne kabeh njaluk kudu nunggu nganti gaweane rampung.

Para utusan Dewa nduwe pemikiran yen penggawean iki yaiku perkara sing bersifat penting, dadine
menawa kudu nggunakne peperangan bakal dilakoni dheweke. Para utusan Dewa kuwi ora leren-
leren njelaske menawa tugas sing digawa iku kanggo keterasan urip umat neng pulau Jawa. Ning
para Empu kuwi uga tetep nang kekarepane, nek pangerjan keris kuwi ora sempurna uga arep
nekakake lelakon kanggo manungsa.

Amerga ora ana pihak sing gelem ngalah kahanane tambah dadi ora karuwan. Merga alasan sing
penting banget, mula para utusan Dewa banjur nggunakne peperangan kanthi ngerahke kabeh
prajurit pengawale kanggo nyerang empu kuwi. Ananging mergo kasekten saka para Empu mau mula
kabeh prajurit bisa dikalahake kanthi entheng.

Saiki kari ana papat yaiki utusan Dewa Ian 2 empu, dekne kabeh adhep-adhepan Ian kedadeana
duel siji mungsuh siji. Duel iki katon imbang antara siji Ian sijine nganti gawe panggonan sekitare
pada bosah-baseh, akeh watu pada mambur Ian ajur dadi awu, wit gedhe-gedhe ambruk Ian keluk
utawa kebul mumbul.

Batara guru banjur menehi titah marang Dewa Bayu kanggo menehi pelajaran marang Mpu Rama
Ian Mpu Permadi. Dewa Bayu dikongkon supaya cepet ngalihake gunung Jamurdwipa kanthi di
damn. Batara guru ora praduli kayo kaslametan empu kuwi amarga wis ngelehke para dewa Ian
mbahayake kaslametan umat manungsa.

Dewa Bays banjur mangkat menyang segara kidul. Kanthi kasaktene, Dewa Bayu banjur ndamu
gunung kuwi. Damuan Dewa Bayu sing kaya angin topan gawe gunung Jamurdwipa mabur nganti
tekan langit banjur tiba pas neng panggonan empu kesebut. Mpu Rama Ian Mpu Permadi sing ana
ing panggon kuwi melu ketindih gunung Jamurdwipa nganti mati saknalika. Banjur roh para empu
kesebut ora bisa katampa neng suwargo Ian dadi panunggu gunung kuwi.

Senajan Mpu Rama Ian Mpu Permadi sing sakti kuwi wis mati ketindihan gunung, nanging kasektene
ora luntur. Bakal keris sing isih proses mau isih murup Ian ora bisa dipateni kajaba saka empu
sing wis mati kesebut malah keris kui mau terus-terusan murup Ian dadi kawah ana ing tengah gunung
Jamurdwipa. Amerga awale panggonan gunung iki yaiku kawujud api utawa geni mula para dews
ngganti jeneng gunung Jamurdwipa kanthi jelukan Gunung Merapi.

Anda mungkin juga menyukai